
Presiden Prabowo Subianto mratelakake, pamarentah bakal mbacutake program paket ekonomi cacah papat kanggo stimulus marang masyarakat nganti taun 2026. Program paket ekonomi mau antara liya Pajak Penghasilan (PPh) final 0,5 persen tumrap UMKM sing entuk-entukane Rp 4,8 miliar setaun, sarta insentif PPh kanggo pekerja sektor tinamtu. Menteri Koordinator Perekonomian Airlangga Hartarto ngandharake, keputusan kuwi dijupuk presiden jrone rapat kabinet winates ing Kantor Kepresidenan Jakarta, Senen, 15 September 2025.
Airlangga njlentrehake, tujuwan menehi insentif PPh final 0,5 persen marang wajib pajak pribadi UMKM mau kanggo ngentheng-enthengake sesanggan pajeg sarta nggampangake kuwajiban admistrasi. Insentif PPh final 0,5 persen mau, kandhane Airlangga, bakal didawakake nganti 2029 supaya menehi “kepastian” marang pelaku UMKM. Mligi taun 2025 iki pamarentah wis ngalokasekake anggaran Rp 2 triliun kanthi wajib pajeg UMKM sing kedhaptar ora kurang 542.000.
Program paket ekonomi kapindho sing dibacutake taun ngarep yaiku perpanjangan PPh Pasal 21 kang dijembarake ora mung mligi kanggo sektor padat karya, nanging uga ngrambah sektor pariwisata, hotel, restoran lan kafe (horeka). Pamarentah mroyeksi anggaran sing dibutuhake kanggo kaperluwan kuwi watara Rp 480 miliar. “Nganti taun 2026 PPh sektor horeka isih ditanggung pamarentah,” ujare Airlangga.
Minangka paket ekonomi katelu, pamarenteh menehi insentif PPh Pasal 21 nganti taun 2026 kanggo pekerja industri sektor padat karya, yaiku alas kaki, tekstil, pakeyan dadi, furnitur, lan barang kulit kang pengasilane sesasi maksimal Rp 10 juta. Diyakini ana 1,7 juta pekerja sing entuk pangentheng-entheng saka cak-cakake paket ekonomi katelu mau. Wondene paket ekonomi kapapat sing diterusake taun ngarep yakuwi dhiskon iuran Jaminan Kecelakaan Kerja (JKK) lan Jaminan Kematian (JKM) tumrap sing dudu pekerja opahan. Program mau dijembarake ora mung kanggo ojeg online lan ojeg pangkalan wae, nanging uga nyakup petani, pedagang, nelayan, buruh bangunan, pekerja rumah tangga kanthi target wong 9,9 juta. (Antara)
Panulis : Antara
Edhitor : Tim Redhaksi Panjebar Semangat Digital







