Presiden Prabowo Mimpin Upacara HUT RI Kaping 80

Presiden Prabowo Subianto mimpin upacara HUT RI kaping 80 ing Istana Merdeka Jakarta, Minggu, 17 Agustus 2025, jam 10.00. Iki kanggo sing sepisanan panjenengane mandhegani upacara pengetan Detik-Detik Proklamasi minangka presiden. Kejaba madeg dadi inspektur upacara, Prabowo uga maos teks naskah proklamasi. Ing upacara-upacara sadurunge, naskah proklamasi diwaos dening Ketua MPR. Swasana khidmat ngemuli Istana Merdeka nalika Presiden Prabowo ngaras gendera pusaka sadurunge diklebetake dening Paskibraka. Pangereke gendera sang dwi warna mau lumaku rancag.

Upacara HUT RI ka-80 mau diestreni dening mantan presiden Susilo Bambang Yudhoyono lan Joko Widodo. Mantan wakil presiden Try Sutrisno, Boediono, Jusuf Kalla lan Ma’ruf Amin uga ngrawuhi kegiyatan sakral tumrap bangsa Indonesia kuwi. Mantan wapres papat iku lenggah ing panggung kehormatan karo Wapres Gibran Rakabuming Raka. Prabowo kober mandhap saka panggung saperlu ndherek joget “Tabola Bale” sawise pangibaran gendera abang putih.

Sorene jam 16.00, Prabowo giliran mimpin upacara ngudhunake gendera pusaka ing panggonan sekawit. Upacara kasebut ora kalah khidmat karo sing esuk. Prabowo ngalembana pasarta upacara kang tetep semangat wiwit esuk nganti sore. “Aku matur nuwun banget marang kabeh pasarta upacara sing wiwit esuk nganti sore ngleksanani kanthi tertib lan semangat. Aku bombong marang kowe kabeh,” ngendikane Prabowo.

Bengine, Prabowo ngrawuhi kegiyatan Pesta Rakyat & Karnaval Bersatu ing Silang Monas. Presiden nggamblok satengahing warga masyarakat sing mahargya pengetan kamardikan. Ing acara mau Prabowo mesisan mbudhalake iring-iringan karnaval kendharaan saka kementerian lan lembaga negara. Prabowo kawistara gumbira penggalihe. (Antara)

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 292

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *