
Presiden Prabowo Subianto nuturake, sejarah Tentara Nasional Indonesia (TNI) ora bisa diuwalake karo rakyat. TNI, ngendikane presiden, lair saka rahime rakyat, sing bisa dimaknani menawa tentara uga minangka anak kandhunge rakyat. “TNI asale saka rakyat, aran wis samesthine yen ngrasakake susah lan seneng bareng-bareng karo rakyat,” kandhane Prabowo jrone amanat puncak pengetan HUT TNI kaping 80 ing Silang Monas, Jakarta, Ahad, 5 Oktober 2025.
Samengko, ana satengahing swasana dinamika politik global sing ora bisa dipesthekake, klebu timbule konflik bersenjata ing sawatara negara, Prabowo mundhut TNI tetep eling karo jejibahane sing pokok minangka beteng Negara Kesatuan Republik Indonesia (NKRI). “TNI kudu siap ngurbanake apa wae kanggo kaslametane bangsa, negara lan rakyat Indonesia,” pratelane Presiden Prabowo.
Ing sisih liya Prabowo nedha nrima marang pengabdiane para anggota TNI sarta prestasi-prestasi sing dientuki. TNI, ngandikane Prabowo, ajeg tampil ing ngarep nalika Indonesia jrone kahanan ‘kritis.’ TNI ora tau mangu-mangu tumindak yen kuwi pancen kanggo kapentingane bangsa, negara lan rakyat.
Presiden ndhawuhake amrih TNI njaga kasugihan alam sing diduweni Indonesia. Jalaran wiwit atusan taun kepungkur, akeh pihak sing mbudidaya ngganggu kandhungan alam sing mencutake mau sing tundhone diplayokake menyang mancanegara betheke golek bathine dhewe. “Nganti dhetik iki isih akeh kasugihan alam kita sing dicolongi,” tuture Prabowo. Ora supe presiden iya nelakake panuwun marang bojo-bojone prajurit TNI sing kanthi sabar nggulawentah anak-anake nalika ditinggal sing lanang tugas menyang dhaerah-dhaerah mbebayani. Bojo tentara uga setya ngenteni mulihe sing lanang saka medhan tugas tanpa neka-neka. “Aku tansah ndedonga, muga-muga Sing Mahakuwasa tansah nyartani para prajurit lan kulawarga ageng TNI,” ngendikane Presiden Prabowo. (Antara)
Panulis : Antara
Edhitor : Tim Redhaksi Panjebar Semangat Digital







