Program Hibah Ustrali DAP 2024-2025, Surabaya Panen Perdana Iwak Nila

Pemerintah Kota (Pemkot) Surabaya ndhukung penuh program kerja sama antarane Universitas Kristen Petra lan Konsulat Jenderal Australia ing Surabaya. Kolaborasi kuwi diwujudake liwat panen perdana iwak nila lan sayuran organik sing dianakake ing Taman Teman Jalan Jemursari V, Kelurahan Jemur Wonosari, Kecamatan Wonocolo, Selasa mentas iki (2/12/2025).

Panen perdana iki mujudake asil budidaya program hibah Australia Direct Aid Program (DAP) 2024-2025. Program ksb fokuse marang ‘pemberdayaan’ wanita liwat budidaya iwak nila lan sayuran hidroponik migunakake teknologi recirculating aquaculture system (RAS).

Panen perdana iki dirawuhi langsung déning Wali Kota Surabaya Eri Cahyadi klawan Ketua TP PKK Rini Indriyani. Rawuh uga Konsul Jenderal Australia Glen Askew lan Rektor UK Petra Surabaya Prof Rolly Intan.

Saka program budidaya kuwi, ana watara 600 iwak nila sing kasil dipanen. Iwak seger kuwi banjur dilelang langsung ing panggonan acara.

Jroning kalodhangan mau, Wali Kota Eri Cahyadi aweh apresiasi anane kolaborasi antarane UK Petra lan Konjen Australia. Cak Eri nganggep yen kerjasama lintas sektor bisa ngasilaké inovasi sing langsung ana gunané kanggo warga.

“Alhamdulillah, kita dituduhake yèn padha sinergi lan kolaborasi bisa nyiptakake perkara anyar sing mupangati kanggo masyarakat. Lan kuwi ora uwal saka teknologi lan pendidikan,” ujare Wali Kota Eri.

Mula saka kuwi, Wali Kota Eri nelakake panuwune marang UK Petra merga wis mbantu ngembangaké sistem aquaculture liwat program hibah ksb. Cak Eri uga printah marang Perangkat Daerah (PD) kang ana amrih Taman Teman ora mung dadi panggonan percontohan wae, nanging uga bisa nyukupi kebutuhan pasar kanthi terus-terusan.

“Aku ora péngin iki (Taman Teman) mung digawe papan kunjungan wae, nalika mengko ana tamu sing teka banjur dituduhake ing kéné, dideleng kasil nanging ing jumlahé cilik,” ujare Cak Eri.

Wali Kota Eri pengin asil produksi iwak nila lan sayur hidroponik ing kono bisa nyukupi kebutuhan pasar ing Kota Pahlawan. Kalebu uga pesenan saka hotel, restoran, lan supermarket.

Cak Eri uga nandhesake pentingé kerja bareng Pemkot Surabaya karo perguruan tinggi kanggo ngembangaké inovasi sing bisa langsung nguntungaké masyarakat. Miturut Cak Eri, pemerintah ora bisa nyambut gawe dhewe, mula perlu kolaborasi lan dhukungan saka kabèh stakeholder. “Pemerintah kota ora bisa dhewekan. Mula perlu kolaborasi kanggo nindakake bab sing luar biasa. Muga-muga iki bisa diwujudake,” ujare.

Mula saka kuwi, Cak Eri ngajab UK Petra uga dadi pendamping utama kanggo ngembangaké kawasan Taman Teman, apa kuwi kanggo hidroponik utawa budidaya iwak nila. Sebab, Pemkot uga duwe rencana ngembangaké titik-titik pemberdayaan masyarakat sing padha ing wilayah liya kanthi nggandheng perguruan tinggi liya.

Sauntara kuwi, Rektor UK Petra Surabaya Prof Rolly Intan nelakake panuwune atas dhukungan saka maneka pihak jroning nindakake program DAP iki. Prof Rolly kandha panen perdana iki dadi bukti nyata kolaborasi antarane lembaga pendidikan, pemerintah, lan masyarakat.

Miturut Pak Roly, program iki aweh kesempatan ekonomi anyar kanggo wanita lan uga nekakake pangan sehat ing lingkungan kutha. Prof. Roly ngajab program iki aweh pangaruh transformasional kanggo masyarakat ing kono.

“Ayo padha ngrayakaké panen perdana iki minangka langkah awal tumuju kemandirian pangan, ningkataké ekonomi kulawarga, lan ningkataké kualitas urip masyarakat Wonocolo,” pamungkasé. (d)***

Panulis : Donny Toenggoel
Edhitor : Tim Redhaksi Panjebar Semangat Digital

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 292

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *