Pulisi wiwit ngusut prekara panebangan kayu peteng ing Tapanuli Utara (Taput), Sumatera Utara. Rusake alas merga pembabadan alas sing awur-awuran, andhil gedhe marang timbule musibah banjir bandhang lan lemah mlorod ing kawasan kasebut. Direktur Tindak Pidana Tertentu Bareskrim Polri Brigjen Moh. Irhamni ngandharake, pihake wis njupuk sampel kayu glondhongan cacah 27 sing kentir keterak banjir ing Daerah Aliran Sungai (DAS) Garoga, Taput.
Miturut Irhami, saka asile penyelidikan lapangan, diweruhi menawa material kayu kang kegawa banjur mau akeh-akehe jinis karet, ketapang, duren, lan sawatara jinis liyane. Kawistara menawa rungkade kayu-kayu mau jalaran maneka sebab, wiwit saka sol saoyod-oyode, krana longsor, nganti dikethok nganggo graji mesin (senso) banjur diusungi menyang nggon liya.
Ngenani kayu-kayu sing sengaja dibabad mau, Irhamni nduga ana upaya mbukak lahan dening perusahaan inisial PT TBS. Kanggo mesthekake panduga kuwi, pulisi bakal mriksa dhirekture perusahaan mau. “Perusahaan kuwi mapan ana hulu Kali Garoga,” ujare Irhami.Kapolri Jendral Listyo Sigit Prabowo nemenake, yen tinemu pakarti sing nerak ukum, pulisi ora wigah-wigih ngusut tuntas prekara panebangan liar iku. Luwih-luwih dhampake banget mitunani masyarakat jalaran dadi kurban banjir bandhang lan longsor. (Antara)







