Trajange Paryatin alias Dewi Astutik minangka gembong narkoba lintas benua kandheg sawise tim gabungan BNN, TNI lan Interpol bisa mikut wanita asal Ponorogo kuwi ana Sihanoukville, Kamboja. Nadyan nguwasani bisnis narkotika ing kawasan ‘segi tiga emas’ Thailand-Myanmar-Laos, nanging nalika tilik omah sawatara wektu kepungkur Paryatin katon biasa-biasa wae.

KURANG luwih sepuluh priya pawakan pidegsa gumrudug ngrangseg menyang lobi hotel Sihanoukville, Propinsi Preah Sihanouk, Kamboja, Senen awan, 1 Desember 2025. Wong loro lanang-wadon sing lagi jumangkah santai tumuju meja resepsionis, dirangket tanpa kakehan omong. Sekawit wanita dedeg endhek iku nyoba brontak. Nanging wekasan dheweke pasrah bongkokan.
Saka tayangan vidheo, katon wanita sing dibanda tangane kuwi digiring intel wanita mlebu mobil Toyota Prius werna putih sing maune ditumpaki karo sawenehe priya teka menyang hotel kasebut. Wanita iku kober wangkot nalika disurung-surung mlebu mobil, nadyan akhire manut bareng sirahe diplened. Dene priya asal Pakistan kanthi inisial AH sing dinuga mujudake kekasihe wanita kuwi, katut dipikut.
Nadyan katone lugu, nanging wanita kuwi dudu durjana sembarangan. Wis rong taun iki tlacake diluru dening intel gabungan Badan Narkotika Nasional (BNN), Interpol, Badan Intelijen Strategis (Bais) TNI, sarta Kapulisen Kamboja, magepokan karo kasus panyludupan narkoba jinis sabu-sabu bobot 2 ton ing Batam, Kepulauan Riau, Juni 2025.
Dheweke Paryatin, warga Dhukuh Sumberagung, Desa Balong, Kecamatan Balong, Ponorogo, Jawa Timur, sing lungane menyang njaban rangkah wiwit 2011 minangka tenaga kerja wanita (TKW). Mataun-taun ora ana sing aneh karo Paryatin. Kulawargane ing Ponorogo ngira Paryatin nyambut gawe lumrah.
Tabete Paryatin kawiyak minangka bageyan saka bisnis peteng narkoba jaringan internasional sawise aparat Bea Cukai Bandara Soekarno-Hatta, Tangerang, nggagalake penylundupan heroin 2,3 kilogram 2024 kepungkur. Kanggo ngguwang tlacak, Paryatin ngowahi idhentitase dadi Dewi Astutik. Durung wae tlacake Paryatin ditemokake, kasusul kasus panylundupan 2 ton sabu-sabu sing bareng ditlusur-tlusur arahe uga tumuju marang Dewi Astutik.
Penggagalan penyelundupan 2 ton sabu-sabu iku kelakon nalika kapal TNI AL sing lagi patroli rutin ing perairan Kepulowan Riau nyujanani kapal motor tanker mawa aran Sea Dragon Terawa kang mlebu menyang perairan Batam, 20 Mei 2025. Arahe kapal kuwi saka perairan Kepulowan Andaman. Sabacute, kapal neneka iku digiring menyang dermaga duweke Bea Cukai ing Tanjung Uncang, Batam. TNI AL ngawat-awati tepung gelang kapal kasebut murih wong-wong sing ana sanjerone ora mlayu.
Rong dina candhake, Jumuah, 22 Mei 2025, udakara jam sewelas bengi, BNN sing disengkuyung Bea Cukai, Polda Kepulauan Riau sarta kapal perang loro duweke TNI AL tumandang nrobos sanjerone Sea Dragon Terawa. Kasujanane aparat ora mlesed. Nalika digledhah, ditemokake 67 kerdhus isi 2.000 paket sabu-sabu kang bobote 2.115.130 gram. Saka modhel kemasane paket, BNN langsung bisa ngenali menawa asale sabu-sabu kuwi saka kawasan golden triangle (jaringan perdagangan opium lan narkoba ing Thailand, Myanmar lan Laos). Jeneng Dewi Astuti sansaya antuk kawigatene aparat.
Dewi Astuti kejegur lendhut narkoba sawise kenal karo warga negara Nigeria kanthi inisial DON. Maune, Dewi nyambut gawe ing panggonan scamming wewengkon Kamboja wiwit 2023. Penggaweyan kuwi ditinggal sawise DON kasil ngrimuk Dewi amrih sabiyantu nglakokake bisnis peteng kuwi. Dewi Astutik sing dipercaya DON minangka operator bisnise, masarake narkoba-narkoba mau ana wilayah Afrika, Asia lan Amerika Latin.
Wiwit kuwi Dewi Astutik dibledig dening aparat sawatara negara. Dheweke dijuluki salah sijine gembong narkoba donya jalaran trajange ora mung kandheg ing lintas negara, nanging malah wis lintas benua. Indonesia, Kamboja lan Korea Selatan kang paling sengkut mburu Dewi Astuti atas tindak kadurjanan sing kewiyak ing telung negara kuwi. Kepara Korea Selatan wis netepake Dewi minangka daftar pencarian orang (DPO).
Kepala BNN Komisaris Jendral Suyudi Ario Seto ngandharake, Dewi Astuti nguwasani bisnis narkotika ing kawasan ‘segi tiga emas’ saengga tlacake angel digoleki. Miturut Suyudi, ora gampang tumrap Indonesia nemokake Dewi sing pancen lunyu ngendhani panlisike aparat.
Nanging aparat duwe strategi dhewe. Kanggo nyupet gerake Dewi, Suyudi banjur mbentuk tim gabungan lintas negara. Tanggal 17 Nopember 2025 Suyudi oleh kabar saka intelijen Kamboja menawa Dewi Astuti katon kumliwer ing kutha Phnom Penh. Tim gabungan age-age tumuju Phnom Penh dipimpin dening Direktur Penindakan dan Pengejaran BNN Roy Hardi Siahaan.
Suyudi muju syukur dene wekasan Dewi Astuti ya Paryatin bisa ditangkep lumantar ‘operasi senyap.’ Ora ana pengunjung hotel Sihanoukville sing ngira wanita sing dilebokake mobil mau durjana klas kakap. Sawise kecekel, Dewi banjur digawa menyang Jakarta. “Temtune ora gampang nemokake dheweke, jalaran asring pindhah saka negara siji menyang negara liyane,” ujare Suyudi nalika konferensi pers ana Bandara Soekarno-Hatta, Selasa, 2 Desember 2025.

Ngowahi Idhentitas
Juni 2025 Panjebar Semangat tau nulis kadurjanan kang ditindakake Dewi Astuti iki kanthi irah-irahan Tlacak Burem Paryatin. Kapolres Ponorogo AKBP Andin Wisnu Sudibyo, ngakoni pancen ana warga kabupaten kono sing arane Dewi Astutik. Dheweke kacathet minangka padunung RT 01/RW 01, Dukuh Sumberagung, Desa Balong, Kecamatan Balong. Nanging pulisi nduga Dewi Astutik sing kesangkut prekara ora baen-baen kuwi nggunakake identitas palsu duweke adhine. Dene jeneng asline uteg sindikat narkoba internasional kuwi dhewe satemene Paryatin.
“Pawongan iki gawe idhentitas anyar nganggo jenenge Dewi Astutik, padha karo jenenge adhine” kandhane Andin dikutip saka Kantor Berita Antara.
Paryatin mapan ana Desa Singkil sing uga bawah Kecamatan Balong. Andin sing nyatakake dhewe menyang Sumberagung entuk kabar menawa Paryatin alias Dewi Astutik abal-abal mau lunga dadi TKW (saiki diarani pekerja migran) menyang luwar negri wiwit taun 2011. Nanging ora cetha luwar negri ngendi. Sebab Dewi Astutik sarta tangga kanan keringe uga ora pati genah Paryatin nyambut gawe ing negara ngendi lan dadi apa.
Gegayutan karo kewiyake panylundupan 2 ton sabu-sabu mau, pulisi terus nglebokake jeneng Dewi Astuti menyang dhaptar red notice Interpol. Dheweke ditetepake minangka buron penting kasus narkotika ing Kepulowan Riau kasebut. “Red notice Interpol wis diwetokake,” kandhane Andin.
Paryatin kinawruhan ngowahi identitase dadi Dewi Astutik ing Kantor Imigrasi Ponorogo nalika dheweke ngurus dhokumen kanggo ndhaptar minangka TKW 14 taun kepungkur. Durung kasumurupan apa tujuwane Paryatin ngowahi identitas kasebut. Sing cetha saploke lunga dadi TKW kawit taun 2011 kuwi, lagi 2023 Paryatin endhang mulih. Dheweke kober sawatara minggu mapan ana omahe ngiras kangen-kangenan karo sing lanang sing wis suwe ditinggal ngumbara. Wondene anak wadone cacah loro disekolahake ngiras dipondhokake ana pesantren wilayah Ponorogo. Samengko si anak wis klas loro sekolah lanjutan tingkat pertama.
Manut katrangane tangga teparo sing kober ketemu Paryatin, penampilane wanita 45 taun iku biasa-biasa wae. Ora ngatonake kaya lumrahe anggota sindikat jaringan narkoba internasional klas kakap sing dikawal andhahan sikep senjata. Mrana-mrene Paryatin uga mung ijenan. Malah sasuwene Paryatin lunga, bojone sing ditinggal dhewe ana Balong iku sok ditekani wong lanang-lanang praupan angker saperlu ditagih utang.
Panulis: KSW







Alright, so I stumbled upon tairikvipart while looking for something else. Anyone actually use this? Honest opinions welcome! Always looking for new spots to hang out online. See what all the fuss is about: tairikvipart
Just browsing around and found 88nnmedia. Looks like a media site. Not sure what to expect, but I’m always up for exploring something new. Anyone have any experience with them? Take a peek: 88nnmedia
Spotted 88nn01 online. Not sure what it is, could be interesting! Has anyone used it before? Share your thoughts! Worth a look: 88nn01