Rekamane Donald Trump Ngincim Putin lan Xi Jinping

Ana wae pawarta bab Donald Trump. Durung suwe iki, sakehing warga lan pengamat ngundhat-undhat sesumbare priya 79 taun iku. Salah sijine yaiku anggone ngincim bakale nyerang Moskow entek-entekan yen Presiden Rusia Vladimir Putin nyerang Ukraina. 

Ukara sing diucapake Trump nalika ngimpun dana kanggo kampanye dhek 2024 iku sasuwene iki durung tau kagiyarake. CNN sing ngunggah pawarta iki, waleh yen entuk isine rekaman saka adicara sesidheman ing New York lan Florida. 

Ing rekaman iku keprungu Trump mojar yen dheweke kandha marang Putin, yen nganti mlebu Ukraina, Moskow bakale di-bombardir. Isih ujare Trump, Putin semaur yen ora ngandel. Ananging dheweke kukuh kandha yen Putin ngandel marang Trump udakara 10%. 

Kejaba marang Rusia, Trump uga tau ngincim Presiden China, Xi Jinping, gegayutan karo eker-ekerane China lan Taiwan. Trump kandha, Amerika Serikat bakale nyerang Beijing yen China ndheseg arep nguwasani Taiwan. 

Rekaman imbal wacana iku klebu perangane isi buku asesirah “2024” anggitane wartawan telu. Yaiku Josh Dawsey, Tyler Pager, lan Isaac Arnsdorf. Tetelune nglumpukake sakehing pocapane Trump ing adicara-adicara tinutupkang digelar karo para brewu. 

Ing rekaman iku uga keprungu Trump bola-bali nyalahake Presiden Joe Biden awit dumadine perang ing Ukraina lan Gaza. Kaya-kaya arep kandha yen ontran-ontran iku mokal pecah yen sisihane Melania Knaus iku isih njabat dadi presiden. 

Ing rekaman salah sijine sapatemon kabinet, Trump kanthi blak-blakan kandha yen ora seneng karo para pemimpin negara-negara sing diincim iku. “Aku ora seneng marang Putin. Aku sengit banget karo uwong-uwong iku,” ujare. 

Kejaba sesumbar bab inciman lan kebijakan luar negeri, Trump uga ngrembug rancangan nundhung para mahasiswa sing unjuk rasa pro-Palestina ing kampus-kampus. “Sapa wae mahasiswa sing nindakake aksi protes, bakale dakurak saka negara iki,” ujare. Para mahasiswa sing protes iku, imbuhe Trump, wis tumindak kliru kanthi nemen. “Diurak wae, dakpikir iku bakale ngrampungi tumindake,” 

Janji lan sesumbare Trump iku minangka wangsulan nalika ana panyokong dana sing ngandhakake was sumelange. Kang surasane, bisa wae ing tembe mahasiswa-mahasiswa kasebut bakale dadi pemimpin ing AS.

Trump enggal ngayem-ayemi para panyokong sinambi ngepek atine. “Yen sliramu padha mbiyantu aku kepilih, kita bisa mundurake gerakan iku 25 nganti 30 taun,” kandhane Trump. 

Sakploke njabat tekan saiki, Trump pancen ngetokake kebijakan teges marang warga neneka (imigran) lan pedunung sing nyekel visa. Lan sing ora kliwat saka targete yaiku sakehing mahasiswa saka maneka negara, sing dipeksa leren lan oncad saka Negeri Paman Sam. (lie)

Panulis: Elisabet Novililiana
Panitipriksa: Redhaksi Panjebar Semangat

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 292

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *