Nalika ngrembug bab ara-arah Sahara, kang kumlebat sajrone pikiran kita mesthi wae bab wewengkon kang garing, dhahas (gersang), tur panas. Iki mono dijalari karana curah udan ing ara-ara Sahara asor banget. Daya srengenge kang kapunjer ing wewengkon ara-ara Sahara njalari kelembapan suhune mundhak dhuwur.
Ewasemono ana bab mirungga kang dumadi keri-keri iki. Ing wekasane taun 2024 iki, udan deres ujug-ujug tumiba ing ara-ara Sahara. Malahan curah udane ngluwihi ukuran rata-rata lumrahe, yaiku sandhuwure 240 mm saben taune. Njur geneya kok udan deres bisa tumiba ing ara-ara Sahara? Yo kita onceki sebab-musababe!
Iklim ing Ara-Ara Sahara
Ara-ara Sahara kang dununge ing Maroko Tengah dadi salah siji papan kang garing dhewe sadonya. Ing papan kuwi, iklim-e kagolong ekstrim. Angine tumiyup banter, owah-owahan suhune drastis, lan curah udane asor banget.
Apamaneh watara 17 persen ing wewengkon ara-ara Sahara cinathet mung ketiban udan mung kanthi rata-rata 5 mm saben taune. Sangking panase, nalika udan, banyu udane bakal langsung karembes wedhi lan agawe kahanane ara-ara dadi garing maneh.
Warga Sakupenge Ara-Ara Sahara Kangelan Ngolehake Banyu
Karana hawa kang banget panase, nem taun suwene warga ing sakupenge ara-ara Sahara nandhang kahanan garing aking. Ateges angel banget anggone ngolehake banyu. Mula, rekasa banget mungguhe warga kana kanggo nyukupi kabutuhan padinane, apa kuwi kanggo urip lan kanggo olah tetanen.
Sulayane maneh, para tani ing kana kapeksan kudu ninggalake pakebonane lan prei nindakake olah tetanen sebab kudu matesi panganggone banyu. Parandene, pasulayan iki sithik mbaka sithik tansaya suda amarga dumadine owah-owahane cuaca udan kang dhuwur ing wekasane taun 2024 iki.
Curah udan kang dhuwur njalari akuifer (lapisan kulit bumi kanggo madhahi banyu) ing palemahane ara-ara Sahara bisa kaisi lan dadi pasokan banyu tumrap warga ing sakupenge wewengkon kuwi. Ewasemono, isih durung cetha kepriye kahanan samengarepe iki. Senajan curah udane kana ujug-ujug dhuwur dumadakan.
Udan Deres ing Ara-Ara Sahara
Panliten nyebutake yen curah udan ing ara-ara Sahara kacathet kanthi ukuran 100 mm sajrone 24 jam wae. Tamtune, iki dadi bab kang ora lumrah ing wewengkon iki.
Ahli meteorologi nyebutake yen curah udan dhuwur kang dumadi ing ara-ara Sahara ingaran prahara (badai) ekstratropis. Prahara kuwi bisa wae ngowahi arah hawa ing ara-ara Sahara kanggo pirang-pirangane wulan utawa pirang-pirangane taun mengarep iki.
Hawa kang lembap ing ara-ara Sahara njalari penguapan banyu mundhak lan nekakake akeh prahara ing wewengkon kono. O ya, prahara iki uga agawe pabanyon mili deres lumantar wedhi ing satengahe ara-ara Sahara hlo.

Satelite NASA nuduhake yen banyu ing satengahe ara-ara Sahara mili deres mbanjiri rawa Iriqui, rawa ing ara-ara Sahara kang nandhang garing sasuwene 50 taun iki. Malahan, para wisatawan kang sanja ing ara-ara Sahara saiki kudu keraya-raya ngliwati leb-leban (genangan) banyu.
Kira-kira mungguhe kanca-kanca, banjire ara-ara Sahara iki mratandhani apa, ya? (Ahmad Rizky Wahyudi)







