Saka Bonus Demografi Menyang Lansia Bermartabat

Sawenehe lansia ing Karawaci, Kota Tangerang, Propinsi Banten entuk layanan pemeriksaan kesehatan saka dhokter puskesmas, Kemis (28/8/2025). (Foto: Antara/Putra M. Akbar/rwa)

Rong puluh taun sing arep teka, Indonesia mlebu jaman aging population, yakuwi wanci nalika cacahe penduduk lanjut usia (lansia) saya akeh lan mangaribawani sosial-ekonomi. Akehe penduduk lansia mau sok dianggep dadi beban. Nanging yen bisa diarahake kanthi pas, dhominasi warga lansia iku bisa dadi peluang emas mbangun masyarakat kang inklusif, sehat lan duwe daya.  Lansia ora mung saderma klompok kang nampa manfaat pembangunan, nanging satemene uga bisa dadi motor kawruh, pengalaman lan kawicaksanan tumrap generasi sangisore. Sing dadi pitakonan, apa Indonesia wis siap ngowahi tantangan kuwi dadi kalodhangan?

Sakeplasan, lansia Indonesia kena diarani isih prodhuktif. Saka gunggung 33,43 juta ing taun 2025 iki, luwih saka separone (55,21 persen) isih nyambut gawe. Sebageyan gedhe (84,69 persen) makarya ing sektor informal. Nanging dhestun ing kene ana peluang njembarake akses keuangan liwat pelatihan kewirausahaan, lan program pensiun kang inklusif.

Ewasemono kabayane lansia ora bisa diukur mung saka akeh sethithike sumber ekonomi kang diduweni. Survei Tingkat Kebahagiaan 2021 nuduhake indeks kabagyane lansia ing angka 69, 47, luwih endhek sethithik dibandhingake karo klompok umur sangisore, yaiku ing angka 71. Susute kondhisi fisik, risiko kena penyakit degeneratif, lan “keterasingan” sosial klebu sing mangaribawani tingkat kabagyan mau.

Suprandene liwat program Jaminan Kesehatan Nasional (JKN) kang wis nyakup 80 persen lansia, ditambah dhukungan komunitas masyarakat, tingkat ‘kebahagiaan’-e lansia mau bisa diundhakake. Sacara sosial, mayoritas lansia isih akeh kang urip ngumpul karo kulawarga inti (36,08 persen), utawa istilahe saomah karo kulawarga telung generasi. Kahanan iku bisa ndayani santosane solidaritas antargenerasi. Nanging ing sisih liya, cacahe lansia sing kepeksa urip ijen uga wimbuh akeh, mligine sing umure 80 taun munggah.

Lansia sing kijenan uripe mau perlu entuk uluran tangan arupa dhukungan komunitas masyarakat kang prakteke bisa wae kanthi cara ngrabuk budaya peduli marang lansia. Ing kene thukul masalah sethithik jalaran 70,78 persen lansia ora kulina nggunakake internet. Kamangka kanggo ngranggeh akses pelayanan publik, samengko padha nggunakake piranti digital. Yen ora ana pendampingan, lansia-lansia sing ora pana karo ajuning teknologi mau bakal kepinggir.

Sawatara negara kawasan Asia Timur wis ngantisipasi kahahahan kuwi. Jepang upamane. Negara Sakura mau ndadekake fenomena sansaya akehe lansia kanthi ngembangake industri silver economy, yaiku prodhuk layanan sing didesain khusus kanggo lansia, wiwit saka teknologi kesehatan nganti pariwisata “ramah lansia.”

Penting uga mikirake generasi sing saiki umur 30-50 taun, rong puluh taun maneh bakal dadi lansia. Jumlah klompok umur 30-50 taun mau saiki watara 88 juta. Saka jumlah semono mau 81,52 persen ing antarane cekel gawe maton. Dene sisane makarya srabutan lan mung tampa opah sethithik. 

Ngawekani kahanan mau, persiapan mlebu umur lansia kudu diwiwiti saiki. Investasi pendidikan, ketrampilan, akses keuangan sing jembar, lan literasi digital banget wigati diupaya amrih generasi mau dadi tuwa kanthi raharja. Saka kono ana patang agendha sing bisa dadi strategi. Sepisan, ing aspek sosial, lansia aja dianggep ngebot-boti, nanging minangka ‘penjaga’ kawruh (knowledge keeper). Partisipasi lansia jrone kegiyatan-kegiyatan komunitas perlu difasilitasi.

Kapindho, aspek ekonomi perlu dadi kawigaten. Lansia lan calon lansia kudu nduweni akses amba tumrap program pensiun inklusif lan tabungan mikro sing gampang diranggeh. Bab kuwi bisa dadi jaminan rasa aman mesisan nyuda ngebot-boti sesanggane kulawarga. Katelu, ing aspek kesehatan nuntut anane layanan long term care kanthi basis komunitas. Sasuwene iki pangrumate lansia asring dipasrahake kulawarga, utamane pihak wanita. Padhahal, perawatan jangka panjang mau kudune dadi tanggung jawabe negara lumantar layanan kesehatan promotif lan preventif.

Kapapat, aspek digital ora kena dilirwakake. Ing kahanan iline informasi digital sing banter, akeh lansia sing keponthal-ponthal. Mula literasi digital kang ‘ramah’ lansia kudu diundhakake, ora mung kanggo kaperluwan mbukak konten hiburan, nanging uga kanggo nyinau carane ngakses layanan publik, fasilitas kesehatan daring, lan transaksi dhuwit sarana digital. Sansaya tuwa ora bisa ditulak. Nanging kita bisa milih dadi lansia sing ‘berkualitas.’ Isih ana wektu rong dasawarsa kanggo Indonesia nyiapake samubarange amrih transisi demografi mau nguwohake asil positip. Kanthi kebijakan sing pas, dhukungan sosial sing kuwat, sarta kesadharan kolektif, dina tuwa ora kudu idhentik karo bab-bab sing sarwa winates. Kosok baline, lansia bisa dadi tahapan panguripan kang sehat, prodhuktif, bagya mulya lan nduweni martabat. (Antara/Nuri Taufiq lan Lili Retnosari)

Panulis : Antara
Edhitor : Tim Redhaksi Panjebar Semangat Digital

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 199

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *