Tulisan iki isih ana gandhèngané karo tulisan minggu kepungkur, yaiku babagan ‘Eling Mati Amrih Ngati-ati’. Iki amarga akèh wong muslim sing bisa wae salah paham karo maksude hadis “ngakeh-akehana ngelingi mati.”

Nalika krungu hadis iki, wong-wong langsung ngira yèn padha diprentah supaya ngelingi bab-bab sing serem lan meden-medeni. Contoné, “Kulawargamu bakal kapiran”. “Anakmu bakal dadi yatim, bojomu bakal dadi randha”. “Kowe bakal mati kanthi ngerine sakaratul maut” lan liya-liyané.
Saperangan kaum muslim langsung kelingan marang bab-bab sing malah ndadèkaké dheweke tambah susah amarga ngelingi pati mau. Mangka dudu kuwi sing dadi maksud utama préntah supaya ngakèh-akeh ngelingi pati iku.
Salah siji maksudé yaiku supaya ati dadi alus lan ngenthengake sanggan donya kanthi mikirake akekat urip. Amarga urip ing donya iku mung sauntara wae lan akerat iku kang langgeng.
Iki sethithik penjelasane;
Rasulullah Shallallahu ‘alaihi wasallam paring préntah amrih kita ngakèh-akeh ngelingi mati. Panjenengané ngendika, “Akèh-akèhana ngelingi pamedhote nikmat, yaiku pati” (HR. Tirmidzi).
Akèh sing takon, apa maksud pamedhote nikmat. Apa kita ora oleh nenikmati lezate donya?
Syekh Abdul Aziz bin Baz Rahimahullah nerangaké yèn maksudé yaiku supaya kita mikirake akerat sing mujudake kauripan abadi (langgeng) lan kuwi luwih becik. Kanthi ngelingi akerat, kita ora mung bakal seneng-seneng wae ing donya lan nglalekake akerat.
Rasulullah nandhesake; “Maksude ngelingi pati yaiku amrih kerep kelingan ing pikiran kita, amrih kita nyiapake sangu.” (Syarh Bulughul Maram, Kitab Al-Janaiz).
Manfaate ngelingi pati
Ngelingi pati uga nduwèni pirang-pirang manfaat. Sawenehing ulama ngandhakake manfaat-manfaat kuwi ing antarane; “Sapa sing akèh ngelingi pati, dheweke bakal dimulyakaké kanthi telung perkara, yaiku: (1) cepet tobat, (2) atiné qanaah, (3) semangat nindakake ibadah. Suwalike sapa sing lali ngelingi pati, bakal diukum telung perkara uga, yaiku: (1) nundha-nundha anggone tobat, (2) ora rida marang paringan (takdire) Allah, (3) males ngibadah” (At-Tadzkirah, 1:27).
Akèh banget manfaat ngelingi pati iki. Mula saka kuwi, Rasulullah Shallallahu ‘alaihi wasallam dhawuh wong sing pinter iku yaiku wong sing ngelingi patine, banjur nyiapake urip sawisé mati.
Wong sing ngelingi pati iku wong sing pinter lan tansah kebak petungan. Kepriye ora, dhèwèké temen-temen metung lan nyiapake urip kang langgeng sateruse, dibandhingaké karo urip sing mung sauntara wae.
Mula kuwi, becike kita tansah ngakeh-akèh ngelingi klawan kauripan akerat, banjur kita nyoba nyiapake lan ora lena.
Gelem ora gelem, kita mesthi bakal ngelingi pati, amarga kita kabèh mesthi bakal mati.
Muga-muga kita klebu wong sing akèh ngelingi pati lan nyiapake sangu kanggo kauripan akerat. Wallahua’lam bisawab.
***
Panulis: Ki Jeggot
Panitipriksa: Ahmad Rizky Wahyudi







