Lemari kayu prasaja kang pinapan ana ing ruwang tamu ukuran 3×4 m rinasa sumeseg awit anane maneka piala kang sumungsun temata. Omahe Avan Ferdiansyah Hilmi (19) ing Kelurahan Mangkujayan, Kecamatan Ponorogo, Kabupaten Ponorogo kinebakan watara satus piala kang kasil kaklumpukake wiwit TK pinuju SMA.
“Malah Avan wis nyicil piala-ne kuwi sadurunge mlebu SD. Saploke kuwi, Avan antuk juwara meh ing saben sayembara. Kala-kalane rong wulan pisan Avan nggawa bali piala juwara sayembara,” ujare Umi Latifah, ibune Avan.
Avan wis wanuh bab maca lan etung wiwit sadurunge mlebu TK. Dhasar dhemenane Avan kang kulina ngematake gambar lan poster kang ngandhut abjad, tetembungan, lan angka-angka wiwit balita.
“Senajan saben dinane kulawarga iki kudu pas-pasan, nanging yen ta kuwi kanggo kebutuhan pendhidhikane Avan sukur bage sewu mesthi ana,” imbuhe Umi. Umi ngaku lamun pengasilane saka ider ombenan anyes mubeng alun-alun Ponorogo ketambahan ubede bojone ya Eko Yudianto kang dodolan es kocok kuwi ora sepiraa.
Ewasemono, Umi lan Eko mahami dene Avan mengku kawigaten kang gedhe ing donyaning pendhidhikan. Saka kapiderenge kuwi, mula Umi lan Eko ngumbar kekarepane Avan anggone kepengin melu sayembara apa wae. Manasuka manut kareping atine.
“Lumrahe mung melu sayembara ing sakupenge Ponorogo, Mediun. Uga tau anjrah nganti Kediri. Lamun ta adoh, mesthi diterake bapake. Senajan kudu ninggal dagangane, Eko manteb kayakinane yen ta kang dilakoni anake kuwi bakal dadi kekembanging kamulyan ing dina tembe,” ujare Umi.
Ora Tau Nampa Beasiswa

Senajan wus kasil ngumpulake 100 piala, kepara saperangan ing antarane kaolehake saka sayembara Olimpiade Sains Nasional (OSN), Avan babar blas nganti durung tau nampa beasiswa saka pamrentah kanggo njurung lakune sekolah iki.
Eko ngaku sok njaluk keringanan beya marang pehak sekolah kanggo ngenthengake sekolahe Avan. “Upama ana urunan ing sekolahane, lumrahe takjaluk supaya bisa kabayar separone,” terange Eko.
Pancen beasiswa durung tau ana kang marak Avan, nanging kuwi ora dadi samudanane Eko anggone nyuda pamuji sukure marang Gusti Kang Murbeng Dumadi. Sebab nyatane isih ana saperangan yayasan kang ngulurake bantuan kanggo nyukupi kebutuhan seragam, buku, lan sawenehe kaperlon sekolahe Avan. Emane bantuan kang kaya mangkono wus ora tinampa dening Avan maneh saploke mlebu SMA.
“Mbiyene beasiswa kang tinamba nalika SD saka PLN. Banjur Baznas kang nyukupi kebutuhan sekolahe Avan samanjinge SMP,” kandhane Eko blaka. Mirise maneh, senajan kagolong kulawarga kang kacingkrangan saben dinane, parabe Eko Yudianto ora tau mlebu sajroning Data Terpadu Kesejahteraan Sosial (DTKS).
Nganti seprene kulawargane uga ora kadhaftar minangka pasarta BPJS sabab ekonomine. “Mula kang takkuwatirake kuwi yaiku bab kasarasane Avan upamaa besuk bisa kuliyah ing njaban kutha, awit dheweke ora duwe BPJS,” ujare Eko.
Marga Pawiyatane Avan

Yen ditakoni apa pelajaran kang paling disenengi Avan, wangsulane manteb ‘matematika’ lan kang nggepok babagan pretungan. Wiwit cilik, bebasan pretungan kuwi kaya-kaya dadi sega jangan mungguhe Avan ing padinane. Rata-rata, sayembara kang dieloni Avan wiwit TK nganti SD ya matematika. Tur saben-sabene mesthi ngasilake juwara utama.
Dene ngancik SMP, karemenane Avan uga tinuju marang pelajaran biologi. Awit Avan wis netepi gegayuhane menawa duk tembe mbesuk kepengin dadi dhokter. Tur wis sabaene lamun ta biologi kuwi nyinaoni babagan panguripane titah kang bisa kagayutake karo profesi dhokter.
“Mula Avan ora tau kangelan mlebu sekolah favorit wiwit SD nganti SMA. Saka koleksi piala-ne wae wis rinasa cukup minangka pawitan kanggo dhaftar sekolah,” ujare Umi.
Manjing SMA, rasa-pangrasane Avan tansaya realistis nanggapi kahanan kulawargane. Dheweke nuli mutusake wurung anggone nggayuh gegadhange dadi dhokter. Awit najan ta kudune sekolah dhokter kuwi bisa diupayakake lumantar beasiswa, nanging tetep jer basuki mawa beya. Tetep ana ragad kang kudu dicuculake. Tur kuwi kirane sing dadi pepalanging Avan.
Mula wiwit SMA, dheweke wiwit tekun nyinaoni ilmu bumi. Sebab ilmu bumi kuwi ngimpun ilmu kang wis disinaoni Avan. Wiwit saka matematika, biologi, nganti kimia. Tur Avan anggone milih ilmu bumi uga dudu tanpa landhesan.
Nalika mlebu SMAN 1 Ponorogo liwat jalur prestasi, dheweke nglakoni panlesih marang warga Ponorogo kang oleh beasiswa saka ilmu bumi saka O2SN. Kabeneran, wong kuwi alumi SMAN 1 Ponorogo. Saploke kuwi, adreng banget manahe supaya bisa tansah melu O2SN bidhang ilmu bumi supaya bisa dadi korining Avi mlebu menyang kampus gegadhange ya Intitut Teknologi Bandung (ITB).
“Kelas 1 SMA wis tau melu O2SN senajan mung nganti tingkat provinsi. Banjur sinau peng-pengan. Banjur sinauku takundhakake maneh supaya bisa nututi O2SN nalika kelas 2. Merga iki kesempatan wekasanku melu sayembara iki. Yen melu nalika kelas 2 mula finale kagelar kelas 3. Alhamdulillah, aku bisa tumuju final,” critane Avan.
Pepenginane Avan kuliyah ing ITB tansaya manteb nalika dheweke diundang melu sayembara nasional kang ginelar dening ITB. Nanging eman, Avan durung klakon nggayuh juwara. Dheweke kober nglokro kanggo nerusake pangimpene kuliyah ing ITB.
“Aku ya wis konsultasi menyang pembina jalaran takrasa mokal mlebu ITB. Nanging pembina-ku tansah sung daya tumrapku. Jarene dudu bab beya kang kudu dakpikirake saiki, sebab ana kang luwih wigati tinimbang kuwi,” ujare Avan.
Gegayuhan Luhure Avan
Banjur Avan mutusake dhaftar ITB lumantar jalur SNBP utawa Seleksi Nasional Berdasarkan Prestasi. Wekasane, dheweke kasil katampa minangka mahasiswa Fakultas Ilmu dan Teknologi Kebumian ing kampus gegadhange kuwi. Nanging kabagyane kuwi ora suwe sebab, ITB mathok rega lamun minangka UKT sepisanan, kang kudu dibayarake yaiku 12.5 yuta. Kulawargane Avan nuli njaluk penundaan mbayar 2 minggu suwene.
Avan ngaku yen kober nduwe kepikiran mundur saka ITB. Sokur bage sewu Gùsti tansah madhangi marga kamulyane titahe. Mapag taun lumebune menyang ITB iki, Avan nampa beasiswa saka Paragon kang bisa nyaranani kuliyah ing ITB tanpa cucul wragad.
Malah durung suwe iki, omahe Avan viral sebab katekan dening salah siji influencer kang dhapuke minangka dhosen ing ITB ya Imam Santoso. Lumantar vidheo unggahane ing akun @santosoim, Imam Santoso sowan menyang omahe Avan tur kawitan rumangsa kaget.
“Iki toko piala ta?” pitakone Imam Santoso semu gojegan awit ngungun manahe ndeleng sakehing piala-ne Avan ing omahe ing Avan.Senajan mangkono, jejibahane Avan durung paripurna. Avan ngaku yen jejibahan sabanjure kang kudu dilakoni yaiku ngangkat drajate wong tuwane. “Mula dakupaya supaya aku bisa fokus kuliyah lan gage ngrampungake dimen suk wis tumeka titi-wancine ganti aku kang asung sumbangsih tumrap bangsa lan negarane, utamane wong tuwaku kang karaya-raya njurung lakuku sasuwene iki,” ujare Avan mungkasi rembug. (ARW)
Panulis : Ahmad Rizky Wahyudi
Edhitor : Tim Redhaksi Panjebar Semangat Digital







