Tunnel Garam Wisata Edukasi Garam Desa Tlogopragoto. Kaya mengkono tulisan kang kapacak ing ngarep plataran kang ambane kurang luwih 200 meter x 70 meter, ing sak pinggire Jalur Pantai Selatan Jawa utawa Jalan Urut Sewu, ana ing tlatah Desa Tlogopragoto, Kecamatan Mirit, Kebumen, Jawa Tengah. Penulis mbacutake laku bablas mengulon kurang luwih 2 kilometer. Sakidule Jalan Urut Sewu, katon gapura kanti tulisan “Kampung Garam Selamat Datang”. Penulis banjur menggok mlebu tumuju Kampung Garam.

KATON bangunan seka pring kang wujude mlengkung setengah lingkaran kang ditutupi plastik, dheret dheret pirang pirang ing papan amba, ora adoh seka Segara Kidul, kurang luwih 500 meter. Sarehne katon sepi ora ketemu pawongan, penulis banjur bali tumuju Tunnel Garam Wisata Edukasi Garam Desa Tlogopragoto.
Papane amba, resik, kerumat, ana omah joglo, meja etalase, lan papan mirunggan. Penulis uluk salam, ing joglo ditemoni Mas Budi Santosa. Budi Santosa mujudake salah siji ketua kelompok petambak garam, kang papane banjur dibangun Wisata Edukasi Garam iki.
Budi, wonge grapyak semanak. Penulis banjur dijak ing tambak garam saperlu mangerteni proses anggone gawe garam utawa uyah. Ing papan iki, ana kurang luwih 6 paket tunnel garam. Tunnel yaiku papan kanggo tandhon banyu seka segara kang ambane kurang luwih 4 meter, dawane 16 meter, lan jerone 25 centimeter. Dhasarane tunnel migunanakake plastik ireng lan dipayoni nganggo plastik bening supaya srengene bisa mlebu kanthi becik. Rangka tunnel digawe seka pring, kanthi payon mlengkung setengah lingkaran.

Saben paket tunnel, ana 6 tunnel. Saben tunnel iku minangka tandhon banyu segara kang digawe uyah. Gunane yaiku minangka saringan banyu seka tunnel nomer 6 tumekane tunnel nomer siji, kang banjur dadi uyah siap panen. Dadi gunane tunnel iki yaiku pinangka piranti filter banyu bakal dadi uyah, cara saiki, 6 kali penyaringan.
Proses anggone gawe uyah migunanake tunnel iki, gumantung cuaca. Seka proses kawitan tumekane panen uyah, 1 paket tunnel butuh wektu kurang luwih 1 – 2 wulan. Nanging kanthi kombinasi lan pangaturan proses saben tunnel, Budi lan kelompoke bisa panen sewulan ping pindho. Saben panen, kurang luwih oleh 1,2 ton. Yen pas mangsa becik, bisa 1, 6 ton uyah.
Uyah kang diasilake ing kene beda karo kang diasilake seko pantura, ujare Budi. Uyah ing kene luwih resik, lembut, lan kandungane NaCl uga luwih dhuwur, dadi bakal luwih ngirit menawa dietung etung pigunane. Sak liyane uyah kanggo kebutuhan masak, ing papan iki uga ngasilake uyah kosmetik, yaiku uyah kang asring kanggo perawatan kecantikan ing salon lan spa.

Prasasti Peresmian

Budi ngawiti dadi petambak garam iki wis kepetung suwe, senadyan dheweke klebu petambak anyar, merga sak durunge wis akeh petambak garam ing Tlogopragoto iki. Kurang luwih ana 40 unit. Ing taun 2020, para petambak garam iki oleh kawigaten kang ndadekake mongkog ing ati seka dinas kelautan, kang diresmekake dening Bupati Kebumen, KH. Yazid Mahfudz. Iki minangka salah siji program Pemulihan Ekonomi Nasional (PEN) seka pemerintah kanggo biyantu para petambak ing mangsa pandemi Covid-19.
Kampung Garam Kebumen saiki mujudake eduwisata utawa wisata pendidikan kang asring kanggo sekolah lapangan lan uga tujuan wisata. Ujare Budi, kampung garam kang ana ing Desa Mirit Petikusan, uga uwis dikembangake ing pesisir kidul, kayata ing Kecamatan Klirong, Kecamatan Puring, lan Kecamatan Petanahan.
Kampung iki uga dadi proyek percontohan produksi garam kang bakal dikembangake ing saben wilayah sak pinggire pantai segara kidul. Proyek Kampung Garam pancen pantes dikembangake kanggo ketahanan pangan lan swasembada garam, mligine ing pesisir Jawa sisih kidul kang isih minim pengelolaan sumber daya kelautan.
Muga muga enggal ngrembaka, lan swasembada garam enggal kasembadan.


Panulis: Dwi Ony Raharjo
Panitipriksa: Redhaksi Panjebar Semangat






