Aplikasi sastra ing ranah digital sangsaya akeh. Penulis bisa ngunggar karyane kanthi kalodhangan dimuat gedhe. Honore uga luwih memper. Malah yen beja kawaca dening penerbit buku utawa prodhuser film sing lagi golek crita, penulise bisa dikontrak larang. Ancaman tumrap sastra konvensional?

Nadyan mbokmenawa judhule andharan iki katon provokatif, nanging sejatine ora ana kekarepan kanggo “mempertentangkan” antarane siji lan sijine. Jer sastra konvensional ora bakal bisa nyandhet mangsa kala tekane sastra digital. Kaya ujare para winasis, ora ana sing langgeng ing alam donya iki kejaba owah-owahan kuwi dhewe.
Jamane pancen wis owah. Teknologi sing sangsaya maju keconggah ngendhih samubarang kang sarwa konvensional, klebu publikasi karya sastra sing maune mung lumantar medhia massa cetak, samengko bisa nggunakake aplikasi-aplikasi ing internet.
Rembug bab sastra konvensional lan sastra digital mau diundha jroning kegiyatan program Pengabdian kepada Masyarakat Senat Akademik Universitas Negeri Surabaya (Unesa) ing kampus Sekolah Tinggi Keguruan dan Ilmu Pendidikan (STKIP) PGRI Ponorogo, Setu, 17 Mei 2025. Kegiyatan mau ngangkat tema “Pelatihan Penulisan Kreatif Berbasis Budaya Lokal untuk Meningkatkan Kompetensi Publikasi Karya Sastra bagi Anggota Komunitas Sutejo Spectrum Center (SSC) Ponorogo.”
Pelatihan kang dieloni mahasiswa STKIP PGRI Ponorogo cacah 70-an kuwi didum dadi rong kelas. Kelas sepisan ngenani pelatihan ‘penulisan kreatif berbasis budaya lokal’ kanthi pemateri penulis minangka staf redhaksi Panjebar Semangat, Arafat Nur (sastrawan Indonesia), Endah Imawati (penulis sastra lan redhaktur tribunnews.com), Nadya Afdholy (dhosen Universitas Airlangga), sarta Rahmad Faisal (dhosen Unesa).
Wondene kelas kapindho ngenani pelatihan ‘model pembelajaran menulis kreatif berbasis AI’ pematerine dumadi saka Titik Indarti (dhosen Unesa), Hespi Septiana (Unesa), Muhammad Bahrudin (Unesa), Riki Nasrullah (Unesa), Wahid Choirul Ichwan (Universitas Trunojoyo Madura), lan Cutiana Windri Astuti (STKIP Ponorogo).
Ketua Senat Akademik Unesa Setya Yuwana Sudikan jroning sesorah pambukaning pelatihan mratelakake menawa pamarentahane Prabowo-Gibran duwe kosep ‘pembelajaran berdampak.’ Lire, apa sing disinau ing pawiyatan sabisa-bisa nduweni dhampak positip, klebu ing babagan digitalisasi karya. “Sukur bage mahasiswa bisa entuk cuan saya publikasi karya mau. Bisa dadi dhuwit,” tuture guru besar Fakultas Bahasa dan Seni Unesa kuwi.
Setya Yuwana luwih nyengkuyung konsep ‘pembelajaran berdampak’ tinimbang ‘merdeka belajar’ duk jamane Presidhen Jokowi. Sebab ‘merdeka bejalar’ minangka konsepe Menteri Pendidikan nalika kuwi, Nadiem Makarim, asile pembelajaran kurang bisa diukur. “Ana guyonan, saking merdekane, siswa malah ora belajar,” ngendikane karo gumujeng.

Maneka Jinis Aplikasi Sastra
Ing andharane, penulis mratelakake menawa kreativitas banget dibutuhake amrih sastra Jawa ora mlaku ing ngenggon (stagnan). Sebab, satemene Sastra Jawa mono ngrembaka nut jaman kelakone. Bab iku bisa dideleng saka lumebune tembung-tembung kekinian, menyang Bausastra Jawa-Indonesia. Ateges, basa Jawa luwes nampa mlebune istilah anyar kang wis manjing dadi pocapan sedina-dina ana madyaning masyarakat.
Minangka staf redhaksi medhia cetak, penulis duwe panemu menawa sastra konvensional luwih kejaga mutune awit karya-karya sing dipacak mesthi wis ngliwati proses penyaringan. Naskah sing ora nyukupi syarat kebahasaan, otomatis disisihake. Kurasi sing ketat mau nutup kalodhangan muncule karya sastra sing kurang becik saengga gawe gela atine pelanggan sing wis mbayar. Sebab yen pelanggane cuwa banjur medhot abunemen, sing rugi ya PS dhewe.
Penulis nambahake, senadyan nganti dina samengko Panjebar Semangat isih ngukuhi sastra konvensional, nanging satemene alon-alon wiwit transformasi menyang ranah digital. Kuwi bisa ditonton saka platform-platform sing lagi dibangun dening PS, yaiku e-paper, website lan kanal YouTube. Mung wae karya sastra sing diunggah menyang platform digital ora gratis dikonsumsi, nanging berbayar. “Mbayare ora larang tumrap pelanggan,” kandhane penulis.
Ing kalodhangan mau penulis kober ‘curhat’ menawa senadyan wis mbudidaya ditamengi, nanging ora sethithik karya sastra ing PS dijupuk dening pihak tinamtu, dialih-wahana, banjur diunggah menyang kanal YouTube tanpa idin. Pihak kasebut antuk pengasilan saka pakartine sing satemene singlar sacara etika. Ngrembakane jaman digital, njalari praktek-praktek sing mengkono mau saya akeh.
Sauntara kuwi Arafat Nur ngandharake, minangka penulis fiksi abasa Indonesia, maune dheweke uga aktif ngirimake karya menyang koran lan majalah. Karya-karya sing dikirim iku ana sing lolos pemuatan, ana sing ora. Terkadhang, kandhane Arafat, pemuatane suwe banget nganti cengklungen anggone ngenteni.
Saiki sawise muncul maneka aplikasi sastra ing internet, pangarep-arep naskahe dimuat sangsaya gedhe. “Waton ngerti algoritma-ne, kalodhangan kanggo naskahku dimuat tinarbuka banget,” ujare priya asal Aceh sing wis nerbitake sawatara buku novel kuwi.
Arafat ngakoni seleksi sastra digital longgar awit gumantung marang algoritma utawa tema sing lagi ngetren. Dheweke maklum yen ana kang mitakonake mutune sastra digital awit proses kurasine sing ora rapet mau. Malah kabare ana aplikasi tinamtu sing penulise bisa ngunggah langsung karyane waton wis registrasi.
Sabacute Endah Imawati nerangake ana aplikasi-aplikasi kredibel sing bisa dadi peluang ngirim karya sastra. Antara liya Kwikku, KBM App, Wattpad, Novelme, lan Gramedia Writting Project (GWP). Miturut Endah saben aplikasi duwe ciri khas lan kharakteristik sing beda-beda. Saengga tumrap penulis pemula, sadurunge ngirim karya menyang aplikasi, becike nyinaoni dhisik fiksi sing kaya ngapa sing dijaluk dening pengelolane saben aplikasi kasebut.
Minangka penulis senior sing prodhuktif, Endah kandha wis nyoba nglebokake karya-karyane menyang maneka platform aplikasi digital mau. Saka kono Endah dadi ngerti kudu gawe naskah sing piye amrih ditampa. “Kwikku sing rumangsaku paling gampang, registrasine uga cepet,” tuture Endah.
KBM App sing diesuhi Asma Nadia, kandhane Endah, rada angel ditembus. Nanging yen wis kasil nembus, pemuatan sateruse bakal lancar. “KBM App cocog kanggo penulis-penulis sing duwe wektu luang kanggo berkarya,” kandhane Endah.
Wattpad, ujare Endah, klebu sing gampang ditembus. Nanging platform kasebut mbukak kolom komentar kanggo nanggepi isining karya. Ing kono penulis kudu siap mental dikritik pedhes, kepara diundamana. Endah ngaku wonge gampang baper, ora kuwat maca kritik, apa maneh pangundamana.
“Nglebokne naskah menyang Wattpad tumrapku klebu gampang. Nanging ya kuwi, komentare biyyuhh… Aku iki baperan, ora kuwat nahan perasaan yen naskahku diblejeti nganggo ukara-ukara kasar,” kandhane Endah.
Apike, Wattpad iki aplikasi populer. Pengunjunge akeh. Saengga kalodhangan kanggo diwaca penerbit buku luwih tinarbuka. Kejaba penerbit buku, para prodhuser lan sutradhara film uga akeh sing maca Wattpad saperlu golek naskah sing bakal diangkat menyang layar amba lan sinetron. “Yen lagi beja, naskah kita ing Wattpad bisa dikontrak penerbit utawa diangkat menyang film dening prodhuser,” kandhane Endah.
Aplikasi Novelme, miturut Endah, maune gampang nampa naskah. Wis ngono kathik honore gedhe kanggo ukuran sastra digital. Mula Endah sregep banget ngirim naskah arupa cerpen menyang aplikasi kuwi. Nanging embuh sebab apa keri-keri iki Novelme malih angel ditembus. Honore iya ora gedhe kaya biyen.
Saka sakehing aplikasi mau, mungguhe Endah sing paling angel ditembus GWP. Bola-bali naskahe Endah kontal. Mangka ing jagad sastra digital, Endah wis duwe jeneng. “Naskahku ditendhangi ha-ha-ha,” ujare.
Endah kang wis ambyur menyang jagad satra digital kawit ajrahe internet, ngakoni menawa oleh dhuwit akeh saka kono. Dheweke ngaku naskah cerpene ing sawijine aplikasi tau diweruhi dening sawijining penerbit buku. Kepranan karo naskah kuwi, bose penerbit mau banjur njaluk Endah nggawekake naskah novel. “Aku dikontrak sawatara taun. Nilai kontrakku lumayan, kena dakenggo nglunasi cicilan omah wektu iku,” ucape Endah.
Sastra digital, kandhane Endah, njalari karya-karyane para penulis bisa diwaca dening penikmat sastra sadonya. Beda karo sastra konvensional sing penikmate winates. “Ning ya kuwi, nulis ing web-web ngono kuwi dening pengelolane ajeg diarahake supaya kita gawe novel. Kudu upload saben dina. Yen Kwikku isih gelem nampung cerpen,” pratelane Endah.
Nadya Afdholy nerangake, aplikasi sastra ing jagad digital samengko saya akeh lan maneka warna. Saka sing maune umum, saiki wiwit nglompok-nglompokake dhiri menyang segmentasi-segmentasi tinamtu. “Saiki ana aplikasi mligi crita bab horor, crita humor, crita remaja lan liya-liyane,” ujare Nadya. (*)
Panulis: Kukuh Setyo Wibowo
Panitipriksa: Redhaksi Panjebar Semangat






