Festival Sastra Jawa diadani dening Jurusan Pendhidhikan Basa lan Sastra Jawa (PBSJ) Universitas Negeri Surabaya (Unesa) nalika 27—28 September 2025. Ginelare acara kuwi uga ngepasi dies natalis Unesa sing kaping 61. Saperangan sayembara digelar nalika kuwi, kaya dene nembang macapat, maca guritan, pasugatan karawitan, lan campursari. Dene pamuncake yaiku ana Rembugan Buku Ilmu Ngglethek: Jula-Juli Kartolo (2025)lan Opo Jare Tekek: Sastra Jula-juli karyane Gabriel Possenti Sindhunata lan pagelaran Ludrug mahasiswa kalawan almuni, nyuguhake lakon “Babad Surabaya”.
Rembugan Buku ing gelaran Festival Sastra Jawa dening PBSJ Unesa iki rinasa mirunggan sebab dirawuhi langsung dening panulise, ya Gabriel Possenti Sindhunata, kang akrab diundang Sindhunata utawa Rama Sindhu lan pelawak kondhang Syakirun sarta Sugeng Adipitoyo minangka pamicara dalasan Danang Wijoyanto minangka pemadhune.

Rama Sindhu mratelakake lamun bukune sing judhule Opo Jare Tekek: Sastra Jula-juli kuwi kinarya kumpulan lakon pribadine minangka jurnalis Kompas, kang ing njerone ana bab pawarta mligi ngenani ludrug.
Mungguh wosing bukune sing sesirah Ilmu Ngglethek: Jula-Juli Kartolo, Rama Sindhu nandhesake yen dheweke wis nyatheti lan nliti maneka Jula-Juline Kartolo saka pamawase sastra. Pamrihe kanggo nuduhake ludrug kuwi dudu mung saderma seni. Ludrug kuwi uga duwe bobot sastra sing yekti wigati banget kanggo dirembakake manut ilining jaman tur bisa diipuk-ipuk dening mahasiswa lumantar kritik lan panliten sastra.
Rama Sindhu, kang minangka sawijining Imam Katolik saka Ordo Serikat Yesus (Yesuit), uga andum crita nalika sapatemone karo Gus Dur ing satengahe rembugane bab agama Islam ora sesingkuran karo kesenian ludrug. Duk rikala semana, Jombang kinarya pusate ludrug ing Jawa Timur.
Sauntara kuwi, sajrone acara rembugan buku, kasunyatan, sejarah, lan lelana ing donyaning ludrug uga turut diaturake dening Syakirun, salah siji pelawa profesional kang kondhang ing donyaning sandiwara ludrug, Indonesia. Priyayi kang akrab disapa Abah Kirun kuwi njlentrehake lamun ludrug ing saben dhaerah nduweni sanggit sing maneka, tur mengku tetengere dhewe-dhewe. Apa kuwi saka lakone utawa cakepan-cakepan sing ditembangke sindhene.

“Tetengere ludrug ing saben wewengkon kuwi nylarasake isu-isu kang ana ing wewengkon kuwi, kang banjur dibungkus kalawan banyolan-banyolan utawa pepeling sajrone ludrug. Bab kuwi cundhuk karo ancase ludrug minangka seni masarakat,” ujare Abah Kirun kang uga dadi Dhosen Institut Seni Indonesia (ISI) Surakarta kuwi.
Acara sabanjure sinambung kalawan pentas pagelaran ludrug kang diadani dening mahasiswa lan alumni PBSJ Unesa. Dene panata lakon utawa sutradharane yakuwi Sheril Galih Servianto, S.Pd.
Mungguh Sheril, acara iki minangka sarana kanggo ngraketake paseduluran ing antarane mahasiswa PBSJ Unesa lan alumine. Wondene kasile pasugatan bengi kuwi pancen sinengkuyung dening para paraga sing wis prigel ing olah sandiwara.
Nuju sawijining dina, ing Kadipaten Surabaya, Adipati Jayengrana I lagi jibeg pamikire awit sang putra ya Dewi Purbawati wus ngancik umur diwasa nanging durung sigra palakrama. Ora gantalan suwe, tumeka Pangeran Pati ya saka Sumenep, kang jejuluk Arya Gajah Situbanda putrane Adipati Cakraningrat.

Tumekaning Pangeran Situbanda ing Kadipaten Surabaya mengku sedya ngaturake panglamare marang Dewi Purbawati. Ewasemono, Dewi Purbawati ora gelem nampa panglamare Pangeran Situbanda awit ora tresna, tur Dewi Purbawati wis ngiket talining asmara marang sawijining priya kang dadi gegantilaning atine.
Keprungu wangsulane Dewi Purbawati kang kaya mangkono, Pangeran Situbanda kebrongot manahe. Banjur, nguntabake sumpahe lamun panglamare katampik bakal gawe geger ontran-ontran ing Kadipaten Surabaya. Adipati Jayengrana I kang wus sumurup watak lan wantune Pangeran Situbanda, banjur ngrimuk Purbawati supaya nampa panglamare kanggo njunjunge tentreme sadhengah kawula ing Kadipaten Surabaya.
Dewi Purbawati gelem nampa panglamare Pangeran Situbanda kanthi sarat mbabat alas Kitri tanpa nganggo sanjata-pusaka sasuwene pitung dina pitung wengi. Pangeran Situbanda nyaguhi Dewi Purbawati lan sigra budhal netepi kasaguhane kuwi.
Ora let suwe, Kadipaten Surabaya katekan Jaka Taruna saka Kedhiri kang uga ngaturake panglamare marang Dewi Purbawati. Ya Jaka Taruna iki sing dadi gegantilaning atine Dewi Purbawati sekawit. Ewasemana, Adipati Jayengrana I kandha blaka lamun durung suwe iki, Dewi Purbawati wis dilamar dening Pangeran Situbanda kanthi sawijining prasarat.
Lamun kepengin panglamare tinampa, Jaka Taruna mungguh Adipati Jayengrana I kudu ngendheg lakune Pangeran Situbanda olehe mbabat alas Kitri. Jaka Taruna saguh netepi panjaluke Adipati Jayengrana I kuwi minangka sarat tinampane panglamare marang Dewi Purbawati.
Ing satengahe alas Kitri, Pangeran Situbanda ketemu karo Jaka Taruna banjur adu katiyasan. Awit kadigdayane Pangeran Situbanda kang kalintang-luwih, Jaka Taruna kasoran kridha. Banjur Jaka Taruna njaluk pitulung marang sawijining pawongan kanthi wewangi Jaka Jumput kang lagi golek empon-empon ing satengahe alas Kitri. Jaka Taruna banjur ngresaya marang Jaka Jumput supaya ngadhepi Pangeran Situbanda.
Jaka Jumput saguh nulungi Jaka Taruna kanthi pitukon empon-empon kang maewu-ewu. Sangking lamise Jaka Taruna, Jaka Jumput banjur percaya lan budhal nuruti karepe Jaka Taruna saperlu mbengkas karya marang Pangeran Situbanda.
Jaka Jumput kasil adu arep kalawan Pangeran Situbanda lan nantang Situbanda. Jaka Jumput nyatane isih durung bisa ngungkuli kasektening Pangeran Situbanda satemah kasoran kridhane. Banjur Jaka Jumput nangis gero-gero lan wadul marang simboke. Wekasane simboke menehi pusaka kang arupa Cemethi Sadalanang. Perbawane upama diseblakake segara bisa asad, diseblakake gunung bisa jugrug, diseblakake pawongan bisa ajur mumur dadi sawalang-walang.
Jaka Jumput budhal maneh ngadhepi Pangeran Situbanda lan wekasane bisa unggul kadigdayane, ngasorake Pangeran Situbanda. Jaka Jumput kandha menyang Jaka Taruna lamun ta bisa merjaya Pangeran Situbanda kanthi abebukti udheng panganggone Pangeran Situbanda. Jaka Jumput nagih janji empon-empon sing maewu-ewu marang Jaka Taruna.
Nanging Jaka Jumput mung diblithuki Jaka Taruna, wusanane udhenge Pangeran Situbanda disaut lan digawa mlayu menyang pendhapa Kadipaten Surabaya minangka bukti lamun ta Jaka Taruna kasil merjaya Pangeran Situbanda.
Satekaning ing pendhapa, Jaka Taruna kapapag Dewi Purbawati kanthi bungah lan sengseming manah. Adipati Jayengrana I wis netepake yen Jaka Taruna pantes dhaup kalawan Dewi Purbawati. Ing sela-selaning pirembugan kuwi, banjur teka Jaka Jumput kang tetep nagih janji marang Jaka Taruna arupa empon-empon.

Adipati Jayengrana I jibeg keprungu regejegane Jaka Taruna lan Jaka Jumput kang ora gage wusana. Nuli, Adipati Jayengrana II anabda antarane Jaka Taruna lan Jaka Jumput bakal didu kadigdayane. Ewasemana, Jaka Jumput mangsuli kanthi trawaca yen saguh mungsuh Jaka Taruna. Kosok baline, Jaka Tarune kepara ora paring wangsulan sakecapa.
Jalaran Jaka Taruna ditakoni kok mung dheleg-dheleg kaya reca, wusanane tumus sabdane Adipati Jayengrana I, Jaka Taruna manjilma dadi reca, kanthi jejuluk reca Jaka Dholog. (Wawa)







