Sawijining pentas ludrug ing Taman Hiburan Rakyat Surabaya taun 2018 kanthi lakon Sarip Tambak Oso. (Foto: sindonews.com)

Sawijining Dekonstruksi ngenani Sarip Tambak Oso

Sawijining pentas ludrug ing Taman Hiburan Rakyat Surabaya taun 2018 kanthi lakon Sarip Tambak Oso. (Foto: sindonews.com)

Sawenehe dhosen nyusun disertasi bab Sarip Tambak Oso. Nemokake dhokumen wigati saka surat kabar Walanda cacah nenem sing martakake trajange nom-noman kuwi. Salah sijine koran mau yakuwi Het Vederland terbitan 4 Maret 1912 kanthi irah-irahan De Dood Van Sarip (Sarip Tiwas).

Wis sawatara suwe Aryo Bayu Wibisono duwe gagasan kepengin ngangkat legendha crita rakyat Sarip Tambak Oso jroning disertasine. Dhosen  Fotograsi dan Sinematografi Program Studi Desain Komunikasi Visual Fakultas Arsitektur dan Desain Universitas Pembangunan Nasional (UPN) Veteran Jawa Timur kuwi uga wis mepaki kawruhe bab Sarip saka literatur-literatur sejarah, buku-buku, crita lisan, sarta mawancarai tokoh-tokoh ludrug. Aryo kepengin ngrekonstruksi ulang crita Sarip menyang karya fotografi laras karo dhisiplin ilmu sing ditekuni.

Nanging nalika maju menyang co promotor-e, Profesor Darsono (swargi), Aryo Bayu malah ditantang gawe dekonstruksi ngenani Sarip Tambak Oso. Sebab, ngendikane profesor mau, rekonstruksi crita Sarip seprene wis umum. Masyarakat uga wis ora asing maneh karo crita Sarip Tambak Oso jalaran kerep dipentasake ana panggung-panggung ludrug.  “Aku diwenehi inah 2 sasi kanggo nglumpukake data,” kandhane Aryo marang Panjebar Semangat kang nemoni ing kampuse, Selasa, 5 Nopember 2024.

Sawise dilelimbang, wekasane Aryo Bayu nampa tantangane co promotor. Dheweke sarujuk karo profesore mau menawa rekonstruksi Sarip Tambak Oso wis akeh ditindakake dening grup-grup ludrug. Jamil Suherman uga tau nulis novel sastra ngenani Sarip Tambak Oso. Kepara Aryo ya tau tumon sawenehe animator YouTube gawe tayangan visual ngenani crita Sarip Tambak Oso.

“Aku entuk buku saka profesor panaliti sejarah saka Malang sing nyebutake menawa rekonstruksi Sarip Tambak Oso satemene wis ditindakake ludrug wiwit taun 50’an,” kandhane Aryo.

Aryo wekasan manteb ngowahi rancangan disertasine saka sing maune rekonstruksi dadi dekonstruksi Sarip Tambak Oso. Pangajabe Aryo, yen dheweke bisa ndekonstruksi pahlawane wong cilik kuwi, masyarakat pesisir lor tapel wates Surabaya-Sidoarjo luwih tertarik.

Sadurunge mudhun menyang satengahe masyarakat, Aryo kober ngadani dhiskusi winates (focus group discussion) karo sawatara tokoh masyarakat Tambak Oso. Saka bawa rasa kuwi Aryo nangkep menawa engga saiki masyarakat isih sinigar dening stereotip negatif lan positif ngenani Sarip. Ing sisih liya masyarakat nganggep Sarip sawenehe bramacorah, nanging saperangan gedhe ngarani Sarip pahlawane wong cilik.

Ewasemono ana paradok tumrap masyarakat sing nganti saiki isih nganggep Sarip kadidene penjahat. Jalaran senadyan dianggep wong ala, nanging nilai-nilai positife Sarip pranyata isih urip ana tengahe kabeh masyarakat Tambak Oso kang kebawah Kecamatan Waru, Kabupaten Sidoarjo kuwi.  “Ana wewarah luhur telu sing dipercaya masyarakat gegayutan karo Sarip, yaiku semangat, bekti marang ibu, lan eklas,” tuture Aryo.

Miturut Aryo wewarah bekti marang ibu mau isih gampang ditemoni ana tengahing masyarakat Tambak Oso. Yaiku yen ora ana palilahe wong tuwa, utamane ibu, nelayan pilih wurung budhal golek iwak senadyan praune wis miranti klawan uba rampe. Ing crita lesan, Sarip banget tresna marang simboke.

Saengga yen diejawantahake menyang panguripan dina-dina iki, kandhane Aryo, telung wewarah kuwi isih cocog. Nilai semangat upamane. Yen rumuhun Sarip semangat lumawan kolonialisme Walanda, saiki masyarakat lumawan rekasane panguripan. “Nelayan Tambak Oso umume uga eklas, ora gampang ngresula yen entuk-entukane iwak mung sethithik,” ujare Aryo.

Sawise nemokake kanyatan mau Aryo saya yakin menawa sing fundamental saka sawijining crita rakyat mono nilai-nilai kang dikandhut sanjerone, dene ubeng ingere crita isih bisa diowahi, dibumboni, ditambahi apa disuda. Telung wewarah utama mau sing sabacute diangkat Aryo menyang karya fotografi. Kanggo ngentukake gambar sing eksklusif, dheweke melu menyang tengah segara ngrekam nelayan-nelayan kuwi pinuju misaya mina.

Foto asil jepretane Aryo mau banjur dicetak ulang ing kertas kalkir, dilebokake kaca, banjur diwenehi banyu kang dijupuk saka sungapan kali (banyu tawa), tambak (banyu tawa semu asin) lan laut (banyu asin). Nalika ditliti ing laboratorium fakultas, pranyata telung banyu kuwi kuwawa nuwuhake efek sing beda-beda menyang karya fotone. Aryo kepengin nuwuhake efek artistik sing beda karo foto-foto umume, ngiras praktek teknik nyetak foto tipografi jaman lawas.

Jumuah tanggal 13 September 2024 kepungkur 26 karya fotografi disertasi kasebut dipamerake ing Balai Pemuda Surabaya. Dheweke nemokake metodhe anyar teknik fotografi sing diarani OEPI (Outdoor photography, Editing, Printing, dan Indoor photography). Disertasine Aryo Bayu asesirah “Sarip Tambak Oso: Dekonstruksi Cerita Sarip Tambak Oso Melalui Fotografi dan Tipografi.”

Aryo Bayu Wibisono lan karya foto sing dipamerake (Foto: Istimewa).

Paraga Nyata apa Fiksi?

Aryo Bayu ngyakini menawa Sarip satuhune dudu paraga fiktif utawa imajiner. Dheweke bleger nyata saka Desa Tambak Rejo sing tau urip akhir taun 1800-an nganti awal taun 1900-an. Aryo entuk dhokumen wigati saka surat kabar Walanda cacah nenem sing martakake trajange nom-noman kuwi. Salah sijine koran mau yakuwi Het Vederland terbitan 4 Maret 1912 kanthi irah-irahan De Dood Van Sarip (Sarip Tiwas).

Ing kono ditulis menawa dina kuwi Sarip dioyak Walanda tekan Rungkut. Ana uga ukara sing nyatakake Sarip ditembak ing Tambak Rejo nanging isih kuwat mlayu menyang Tambak Oso. Jisime Sarip ditemokake ana Tambak Oso, nuli diarak menyang Wonokromo.

Kabeh koran Walanda racake nyebut Sarip minangka bandhit. Kepara ana sing nulis Sarip tau dipenjara ana Batavia. Saliyane pawarta kang sarwa ala ngenani gegambarane Sarip kang ditulis dening koran-koran Walanda mau, ora ana kabar asal-usule pemudha mau sarta umur pira dheweke diprajaya. Aryo Bayu mung ngira-ira Sarip dipateni Walanda ing umur 23 taun. Saengga yen awal Maret 1912 kuwi dheweke gugur, ateges Sarip kelairan 1889.

Yen ndulu swasana Indonesia ing taun-taun kuwi, Landa lagi sibuk nyirep prang Aceh, prang skala gedhe bacute sawise prang Diponegoro lan prang Padri dening Imam Bonjol. Sejene pembrontakan-pembrontakan gedhe mau, ing sawatara dhaerah uga timbul pembrontakan-pembrontakan cilik, klebu sing ditindakake Sarip.

“Landa ora menehi toleransi babar pisan marang bledhosan-bledhosan cilik mau saengga enggal-enggal dibrastha. Landa ngerti karaktere masyarakat pantura Surabaya, Sidoarjo, Pasuruan mono atos. Yen ora tumuli disirep disumelangake saya ngambra-ambra,” ujare Aryo.

Miturut koran Walanda mau, kandhane Aryo, Sarip diprajaya kanthi cara ditembak. Nanging ora disebutake ana ngendi jisime Sarip dikubur. Aryo darbe pangira jisime Sarip ora dikubur ana Surabaya utawa Sidoarjo. Jalaran yen dikubur ana rong wilayah kuwi dhestun malah mbebayani mungguhe Walanda. Sebab kubure tokoh pembrontak bisa anyembuh semangate rakyat kanggo bali lumawan Landa.

“Aku kok isih yakin kubure Sarip ora ana ing Surabaya lan Sidoarjo. Nanging menawa ana pihak liya sing yakin menawa kubur sing ditemokake ana Lemahputro, Sidoarjo kuwi pasareyane Sarip, ya mangga-mangga wae,” tuture Aryo.

Aryo nduga, senadyan Sarip mung pembrontak lokal, tur ontran-otran sing ditimbulake mun ana tapel wates pesisir Surabaya-Sidoarjo, suprandene Landa banget nyumelangake trajange. Bab kuwi bisa dititik saka upayane Landa mbudidaya mbusak Sarip saka sejarah. Landa uga ngupaya gawe framing (anggepan) ala ngenani Sarip. “Koran-koran Landa padha nyebut Sarip minangka bandhit lan penjahat,” ujare.

Rehne Sarip kumawani brontak, sawise dheweke diukum pati, Aryo yakin Landa bakal numpes kelor kulawargane Sarip. Ana pawarta ing koran Landa kang nulis ditangkepe sawenehe priya kang disebutake minangka kakange Sarip. Yen ana sanak sedulure tokoh pembrontak kang kecekel, menyang ngendi maneh parane yen ora terus diukum pati.

Kanyatan liyane menawa Sarip dudu saderma tokoh fiksi diandharake dening Abdul Wahab (almarhum), sesepuh Tambak Oso sing nalika diwawancarai Aryo umure wis 92 taun. Wahab mujudake seksi kunci sing oleh crita turun tumurun ngenani Sarip saka simbahe. Aryo mratelakake, Wahab minangka nara sumber kunci awit simbahe dadi kurban rajapatine Sarip.  Miturut Wahab dheweke ngerti lelakone Sarip saka bapake. Bapake Wahab dhewe entuk crita kuwi saka bapake (simbahe Wahab) sadurunge dipateni Sarip.

Miturut Wahab satemene Sarip dudu warga Tambak Oso, nanging saka Desa Tambak Rejo alias kampung sebelah. Nanging Sarip luwih kondhang ing Tambak Oso jalaran duwe kanca akeh ana kono sarta saben dina cangkruk ing desa kasebut. “Sarip padha karo pemudha nelayan umume, kadhang menyang segara, kadhang dadi buruh tambak lan kadhang dadi buruh kapal. Saka keterangan kuwi bisa ditegesi menawa Sarip mono saka kalanganing masyarakat klas proletar,” ujare Aryo.

Wahab uga nyritakake nalika Sarip diindhik Landa arep disikep, dheweke cepet-cepet mlayu menyang gisik segara banjur melahi praune tumuju Kenjeran, Surabaya, banjur nyabrang menyang pulo Medura. Nanging Landa ora kesuwen ngetogake Sarip urip. Buron luron kuwi dadi target utama kanggo ditangkep urip utawa mati. Lan dina naase Sarip dumadi ing awal Maret 1912 kuwi.

Aryo ngakoni ora naliti kepriye mula bukane nganti akhire Sarip  kumawani brontak marang Landa. Nanging jroning panalitene mau Aryo nemokake dudutan menawa sacara umum pembrontakan timbul merga didhasari dening konflik agraria. Nganti seprene isih tinemu konflik agraria ing kawasan pesisir Tambak Oso lan kiwa tengene, antara liya kasus alih fungsi lahan, rebutan tambak, lan rebutan lahan omah. “Yen kita gatekake, ing wilayah kono wiwit jaman biyen konflike ora adoh-adoh karo prekara agraria,” ujare Aryo.

Yen ing pentas-pentas ludrug dinyatakake menawa oyod pembrontakane Sarip merga dheweke mrajaya sawenehe pejabat kang narik pajeg lemah marang simboke, Aryo kandha fokus panaliten sing ditindakake ora ngarah mrono. Nanging dheweke pana menawa sasuwene iki crita Sarip Tambak Oso wis kecampuran karo dongeng lan mitos. Upamane nalika jisime Sarip kentir ana kali banjur urip maneh sawise dibengoki simboke sing pinuju umbah-umbah. Uga crita bab heroisme nalika Sarip tandhing ijen padha ijen mungsuh Paidi kang nduweni senjata jagang baceman.

Aryo ora wani wani mesthekake bener lan orane mitos kuwi awit durung nemokake bukti dhokumen sing otentik. Dheweke mung madhakake crita lesan mau karo dolanan cablek-cablekan pundhak dening pawongan sing jejer-jejer dawa. Apa sing diucapake dening pawongan ing urutan sepisanan, bakal beda karo ucape pawongan pungkasan. Yen pawongan sepisanan ngomong “sapi” bisa uga ing pangrungone pawongan pungkasan dadi “jaran.”

“Ana bias teks lan bias lesan yen lesan mau ora dicathet. Geneya ora dicathet, awit dinuga jisime Sarip sejatine ora dikubur ana kono (Lemahputro),” kandhane Aryo.

***

Panulis: Kukuh Setyo Wibowo
Edhitor: Tim Redhaksi Panjebar Semangat Digital

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 292

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *