Sekolah Rakyat Ora Keganggu Guru Mundur

Menteri Sosial Syaifullah Yusuf (Gus Ipul) nemenake program Sekolah Rakyat tetep mbacut jumbuh karo rancangan sekawit senadyan ana sawatara guru lan murid sing mundur. Guru-guru sing mundur mau, kandhane Syaifullah, wis lulus tes nanging durung penempatan. Wondene murid sing uga mundur, sebageyan gelem bali sekolah maneh sawise dicedhaki kanthi sareh. Syaifullah ngurmati keputusane guru lan murid sing mundur mau, nanging prekara kuwi ora nganti ngganggu program sinau sing nengenake inklusivitas lan bakat mau. Tumrap guru lan siswa sing milih mundur, Kementerian Sosial enggal golek gantine. 

Nganti dina samengko program Sekolah Rakyat wis mlaku ing 70 panggonan. “Alhamdulillah kegiyatan pasinaon iki tetep lumaku ing papan-papan kang wis dinancang,” kandhane Syaifullah sawise mertinjo kegiyatan Sekolah Rakyat ing SRMP 9 Bandung, Kompleks Wyataguna Bandung, Setu bengi, 9 Agustus 2025.

Sekolah Rakyat sengaja dirancang tanpa tes akademik. Sistem pedidikan gratis iki mujudake kupiyane pamarentah nggayuh bocah-bocah klompok ringkih lan mlarat ekstrem supaya oleh kalodhangan ngrasakake sekolah. Kanggo mlebu meyang sistem pasinaon Sekolah Rakyat, tes akademik diganti karo pemetaan bakat utawa talent mapping minangka dhasar pasinaon. Kementerian Sosial narget, nganti akhir 2025 iki wis ana Sekolah Rakyat ing 159 panggonan kang nindakake proses pasinaon kanthi rancag. Sumebar wiwit saka Sabang nganti Merauke lan saka Miangas nganti Rote.

“Nganti 15 Agustus iki tambah dadi 100 panggonan yen sarana lan prasarana-ne siap. Banjur September tambah maneh 59 panggonan,” kandhane Syaifullah.

Syaifulah nemenake Sekolah Rakyat dudu sekolah formal konvensional. Sistem pasinaone beda karo sekolah umum. Sekolah Rakyat mligi mbina bakat sarta potensi sing diduweni bocah. Syaifullah njaluk masyarakat ora nganggep padha Sekolah Rakyat karo sekolah umum sing majibake standar akademik dhuwur. “Ing Sekolah Rakyat ora ana tes akademik, sing ana talent mapping. Bakat sing diduweni murid kuwi dadi pedhomane guru kanggo mbina lan nenuntun saengga bakat kasebut saya diasah,” tuture Syaifullah. (Antara)

Panulis : Antara
Edhitor : Tim Redhaksi Panjebar Semangat Digital

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 191

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *