Ombak cilik njawil-njawil Dermaga Maccini Baji, Kabupaten Pangkajene dan Kepulauan (Pangkep) nalika prau kayu mawa aran Jalloro wiwit budhal tumuju Pulo Sabutung. Para pegawai negeri sipil sing profesine guru, dhokter, perawat, pegawai kecamatan, katon ing antarane para penumpang prau iku. Ing esuk kang hawane atis kuwi, kabeh tumuju papan tugase dhewe-dhewe ing Pulo Sabutung.

Sabutung mujudake pulo cilik ing gugusan kepulowan Spermonde. Pulo kanthi populasi 1.453 penduduk kuwi dumunung ana perairan Makassar, Sulawesi Selatan. Nadyan ambane dharatan mung 272.167 meter pesagi, nanging Sabutung dianggep minangka pelopore pulo-pulo cilik liyane ing sakiwa tengene kono jalaran ing kahanan sing winates, penghunine keconggah nyiptakake inovasi-inovasi kanggo kemajuan.
Tim Advokasi dan Pengorganisasian Yayasan Kajian Pemberdayaan Masyarakat kang mlebu menyang pulo kasebut bebarengan karo dinas pemerintah daerah, kuwawa nggugah kesadharane warga Sabutung nyiptakake kreasi-kreasi anyar jrone panguripane. Salah sijine yakuwi ngedegake sekolah wanita kang aweh pemberdayaan marang pamikirane kaum pawestri.
Ketua Sekolah Perempuan Pulau Sabutung, Sabariah (42 taun), ngakoni kanthi anane sekolah mau para wanita malih nduweni kuwanen ngebrolake panguneg-unege sangareping wong akeh. Kesetaraan gender Pulo Sabutung sing kaya mengkono mau samengko wis dadi sesawangan sedina-dina. Iki beda karo 10 taun kepungkur nalika wanita isih mapan ana samburine layar saperlu nyawis-nyawisake kebutuhan omah.
Kejaba nduweni kemampuan nyampekake panemu ana ngarepe wong akeh, kaum wanita Sabutung saiki uga prigel nyambut gawe sacara tim. Bab kuwi wis dibuktekake nalika ombak segara nyebabake abrasi ing gisik. Kaum wanita banjur saiyeg saeka kapti tumandang yasa tanggul saka karung-karung wedhi. Dene kaum priya-ne budhal menyang segara saperlu golek iwak apadene kepithing.
Kemandhiriane wanita-wanita Sabutung ora perlu dicatur maneh. Wiwit ngurus anak, ngawekani terjangan ombak gedhe kang kerep mbanjiri pawone, nganti mbiyantu aweh edukasi marang masyarakat ngenani owah-owahan iklim. Salah sijine yaiku Sahariah Daeng Kerra (41 taun). Sawise bojone tinggal donya, dheweke gumregah bukak warung pracangan sarta nyambi ngasini iwak. Kanthi pakaryan mau Sahariah kuwagang nyekolahake anak telu, kepara siji ing antarane kasil nggayuh gelar sarjana.
Sahariah ngakoni kemampuan survive mau brekat bimbingane Sekolah Perempuan kang ora kendhat aweh semangat amrih kabeh wanita pesisir tansah berjuang ing kahanan sarwa kekurangan. Sekolah Perempuan ora mung menehi teori, nanging uga praktek nggladhi ketrampilan arupa kerajinan tangan miniatur prau Pinisi, pernak-pernik suvenir, lan gawe piranti pawon saka limbah barang-barang ora kanggo.
Ketua Pemberdayaan Perempuan Pulau Sabutung, Sitti Salehah Daeng Singara, nuturake kerajinan tangan prodhuksine kaum wanita mau wis akeh sing didol menyang dharatan. Ora sethithik padha dituku wisatawan sing lagi plesir mrono. Saka asile dodolan suvenir, ditambah pakaryan ngasin iwak, oleh-olehane dienggo nyukupi kebutuhan padinan, klebu ngragadi anak sekolah.
Inovasi liyane kang diciptakake yaiku ngedegake pemancar radhio komunitas (rakom). Arane Rakom Suara Perempuan Sipurannu. Kanthi penyiar cacah papat, radhio streaming iku nyebarake informasi positif ngenani mbangun ekonomi kulawarga, ngajak anak-anake nelayan ngulinakake urip sehat, sarta aweh kabar ramalan cuaca BMKG.Rakom Suara Perempuan Sipurannu uga menehi edukasi babagan kesehatan reproduksi, nyegah rabi durung umur, sarta bab kesetaraan gender. Apa sing dumadi ing Sabutung wekasan dituladha dening warga ing pulo-pulo cilik liyane, kaya dene Kulambing, Satando, Layya, Saugi, Sabangko, Sagara, Sakuala, Bangko-Bangkoang, lan Sapuli. (Antara/Suriani Mappong)
Panulis : Antara/Suriani Mappong
Edhitor : Tim Redhaksi Panjebar Semangat Digital







