SAWIJINING panaliten internasional paling anyar kang ditindakake dening ilmuwan Universitas Monash, Ustrali, ngandhakake yen ilange es ing Antartika wis kedadeyan sajege sawenehing abad kepungkur. Kahanan iki dinuga bakal terus kedadeyan selaras klawan anane owah-owahan iklim.
“Ilange es kang ana ing Antar- tika dinane iki kemungkinan gedhe bakal terus kedadeyan kanggo wektu kang suwe, senajan owah-owahan iklim bisa dikendhaleni,” ujare Dr. Richard Jones lan Dr. Ross Whitmore, saka Jurusan Bumi, Atmosfer, lan Lingkungan ing Universitas Monash, nukil saka Scitechdaily.
Panaliten iki mbeberake kronologi kosmogenik lumahing Gletser Mawson. Mawson yakuwi gletser kang cedhak klawan Laut Ross, kang ngalami gugruk lapisan es-e sacara dinamis sawise periode Glasial Maksimum Pungkasan. Dhata nyathet paling ora 220 meter lapisan es ujug-ujug nipis ing 7.500 lan 4.500 taun kepungkur. Nipise es iki terus kedadeyan engga periode milenium pungkasan. Panaliten iki nyuguhake asil anyar saka nipise lapisan es ing kidul Laut Ross. Asile nuduhake yen ilange sawenehing atus meter lapisan es ing sawenehing Gletser ing periode MidHollocene kedadeyan kanthi kecepatan lan durasi kang padha senajan topografi lapisan es-e beda-beda.

Asil panaliten nuduhake yen pemanasan laut kemungkinan gedhe kang nyebabake lelehe es. Owah-owahan suhu laut regional saya nyepetake lelehe lapisan es kang ora stabil.
“Kita nuduhake yen bagian saka Lapisan Es Antartika leleh kanthi cepet ing mangsa kepungkur,” ujare Profesor Andrew Mackintosh, Kepala Jurusan Bumi, Atmosfer, lan Lingkungan ing Universitas Monash. Cepete ilange es ing Antartika ing mangsa kepungkur meh padha karo kang kedadeyan dinane iki. Para peneliti uga mrediksi yen pola lelehe es ing mangsa tembe ora bakal beda karo sadurunge.
70,8 Miliar Ton ES Antartika Ilang Saben Taune
Sauntara kuwi sawijining laporan uga ngandhakake yen gunungan es Denman ing Antartika Wetan leleh luwih cepet kanthi gunggung nggayuh 70,8 miliar ton saben taun.
Kaya kang ditulis ing The Guardian Minggu kepungkur (16/10/2022), para ilmuwan saka Commonwealth Scientific and Industrial Research Organization (CSIRO) ngandhakake lelehe gletser iki disebabake mlebune banyu laut kang panas.
Kelompok penelitian CSIRO kang dipimpin dening ilmuwan Esmee van Wijk ngandhakake laporan iku nuduhake gletser Denman duwe potensi ngalami resiko susut kang ora stabil. Gletser Denman ing Antartika Timur kang mencil, ana ing sandhuwure pereng dharat paling jero ing donya. Iki isi volume es kang padha karo mundhake banyu segara 1,5 meter. Sadurunge, Antartika Wetan dinuga ora bakal ngalami ilang es kang cepet kaya kang kedadeyan ing bagian kulon. Nanging, sawenehing studi anyar nuduhake yen banyu segara uga nyedhaki bagian benua ksb. Tim ilmuwan Ustrali nggunakake alat ukur saka profil pelampung kanggo mangerteni sepira akehe banyu laut kang bisa tekan palung jero kang menthang ing ngisore gletser.
***
Edhitor: Tim Redhaksi Panjebar Semangat Digital







