
Kepriye saupama ngenalake budaya dudu liwat pasugatan beksan apa dene lagon, nanging lumantar kuliner? Mangkono cara unik sing dicakake dening tim dhosen saka Program Studi S-3 Pendhidhikan Basa lan Sastra (PBS), Universitas Negeri Surabaya (Unesa) nalika nggelar kegiyatan Pengabdian kepada Masyarakat (PKM) ing Sekolah Indonesia Kuala Lumpur (SIKL), Malaysia.
Tim dhosen kang ambyur ing acara iki yaiku Dr. Octo Dendy Andriyanto, M.Pd., Prof. Dr. Suhartono, M.Pd., Prof. Dr. Kisyani Laksono, M.Hum., Prof. Dr. H. Haris Supratno, Didik Nurhadi, M.Pd., M.A., Ph.D., Dr. Diding Wahyudin Rohaedi, M.Hum. lan Dr. Abdul Kholiq., M.Pd.
Kanthi tema “Ragam Rasa, Ragam Literasi”, kegiyatan iki katujokake marang siswa kelas VI SD ing SIKL. Tujone kanggo nepungake kuliner tradhisional khas nuswantara, kaya dene rendhang, gudheg, pempek, jamu engga wedang uwuh lumantar literasi budaya.
Maneka werna olahan ditepungake liwat kegiyatan literasi budaya kanthi swasana kang nyenengake yaiku lumantar atur carita bab dongeng, sejarah mula bukane kuliner nuswantara, pasugatan ilustrasi gambar kang narik kawigaten, engga cangkriman bab olahan. Anane kegiyatan iki tamtu kanggo mbukak kori wawasane para siswa Indonesia ing Nagri Jiran supaya ora ‘kepaten obor’ bab kabudayane dhewe.
Prof. Dr. Suhartono, M.Pd., minangka Pangarsa Program Studi S-3 PBS Unesa njlentrehake yen kegiyatan iki mengku tujuwan kanggo mangun sesambungan emosional tumrape bocah-bocah kalawan tanah asale. “Supaya katresnane marang kabudayane dhewe tansaya mundhak,” ujare Suhartono.

Pananggape siswa ing acara kuwi becik banget. Para bocah padha antusias, yen ditakoni langsung greget mangsuli, ana sing kandha yen salah sijine uga dadi olahan favorite. Abdul Kholiq, salah siji tim dhosen, ngandhakake yen para bocah kuwi satuhune isih akrab karo olahan Indonesia sing rata-rata arasa pedhes. “Rendhang, sega goreng, bakso dadi favorite para bocah kasebut,” ature.
Para guru ing SIKL nayogyani gumelare acara iki. Sesambungan literasi budaya bab kuliner kaanggep cocog kanggo nambahi wawasane bocah ngenani kabudayane dhewe. Para bocah bisa sinau, dolanan, lan ngenal budayane dhewe kanthi nyenengake.
Para bocah kasebut mundhak ngerti yen kuliner-kuliner ing nuswantara wiwit Sabang nganti Merauke kuwi nduweni sejarah lan mula-bukane dhewe-dhewe. Cacahe maneka warna, mula ing kene, para bocah uga dijak sinau bab kaskayane budaya nuswantara sing cacahe ora mung kuwi-kuwi ae (multikulturalisme).
Ing pungkasane acara, saperangan siswa ngaku yen kepengin nyoba olahan-olahan sing wis diandharake dening tim dhosen bareng kulawargane dhewe-dhewe. Kepara malah uga ana sing kepencut pengin dadi koki utawa penulis resep olahan khas Indonesia. Iki minangka bukti yen kegiyatan sing prasaja iki bisa mecut gegayuhane para bocah. Kegiyatan iki nuduhake yen literasi budaya bisa dikembangake kanthi kebak daya cipta lan kontekstual. Tim dhosen S-3 PBS Unesa sukses mahanani pendhidhikan, kabudayan, lan identitas nuswantara lumantar bab kang prasaja: kuliner.
***
Panulis: Ahmad Rizky Wahyudi
Panitipriksa: Ahmad Rizky Wahyudi






