Pengetan prasetyaning pramudha ajeg kagelar saben tanggal 28 Oktober ing saindenge Indonesia. Ing taun 2024 iki, pengetan kasebut wis ngancik kaping 96. Duk nalika taun 1928, para nom-noman ngiket prasetya kanthi sabaya pati lan mukti mring negara Indonesia minangka bangsa lan wutah ludirane. Kita kudu tansah nyawiji njaga obor semangate nom-noman kanggo mulyaning bangsa Indonesia iki.
Panjebar Semangat sabrayat ngaturaken sugeng mengeti dinten prasetyaning pramudha 2024. Nyawiji mring prasêtya, akarya jayaning bangsa.





