Ginanjar urip kanthi asesuku siji nganti bisa kuliyah ing sawijining kampus swasta Surabaya gratis lumantar beasiswa krana bakate minangka pemain bal-balan, Sirilus Siko tansah mujur. Luwih-luwih dheweke uga dadi pemain andelane Timnas Bal-balan Amputasi Indonesia. Uripe kebak crita saha panglocita.
Rilus, undangan akrabe, lair ing Ende, Nusa Tenggara Timur (NTT). Umure saiki 24 taun. Kahanan tunadaksa mungguh ing sikil tengene Rilus wis ditemahi dheweke wiwit cilik. Senajan mangkono, Rilus kepara malah ndhemeni bal-balan.
Wiwit umur limang taun, dheweke wis akrab karo bal lan lapangan. Bal-balan sajak wis dadi sega jangane saben dinane. Kepara saben dinane, Rilus sok bal-balan karo kanca-kancane kang dudu tunadaksa. Sajak suthik rumangsa prabeda karo liyane.

“Mbokmeawa kanca-kancaku rumangsa melas marang aku. Nanging aku dhewe terus-terusan katon kamiwelasen. Padha-padha titahing Gusti wae kok. Senajan olehku bal-balan kanthi nganggo teken, semangatku ora luntur,” kandhane Rilus.
Rilus wegah kahanane kuwi dadi pepalang mungguhe dheweke sajrone nggayuh pangimpen sing diidam-idamake sasuwene iki, yakuwi dadi pemain bal-balan. Awit mangkono, saluluse saka SMA ing Ende, Rilus wiwit aktif ngluru warta bab bal-balan amputasi lumantar maneka medhia sosial. Nuju sawijining dina, Rilus kasil nemokake sawijining komunitas bal-balan amputasi ing Surabaya.
Rasa tresnane Rilus marang bal-balan nyata wis pinatri ing jiwa lan ragane. Dheweke ngrumangsani yen bal-balan, ya lumantar bal-balan amputasi, minangka marganing urip kang kudu diambah. Sithik wae Rilus ora tau mamang. Mulane dheweke kalawan krenteg kang gilig mutusi ngudi gegayuhane kuwi ing Surabaya kanggo ndhaftar komunitas bal-balan amputasi.

Rikala semana, komunitas bal-balan amputasi Surabaya durung nduweni sekretariat netep. Ewasemono, Rilus yakin yen lumantar komunitas bal-balan amputasi kang dituju kuwi, pakulinane bisa dadi pangenere nuju pangimpen kang sasuwene iki digadhang-gadhang, yakuwi dadi pemain bal-balan profesional.
Satekane ing Surabaya, Rilus dipapag kanthi sukarenaning penggalih dening para pengurus komunitas bal-balan amputasi. Dheweke wiwit melu latihan ajeg lan tansah nuduhake katrampilan olah bale kanthi sabecik-becike.
Pambudiyane Rilus sasuwene kuwi nyata bisa ngasilake wohing pakarti. Ora gantalan suwe, Rilus kasil lolos seleksi lan dipercaya dadi pemain Tim Nasional Bal-Balan Amputasi Indonesia sajrone kompetisi bal-balan amputasi Artalive Challenge Cup 2023 ing Malaysia.

Kompetisi kuwi banget nabetake mungguhe Rilus lan dadi pancadane dheweke anggone nuju dadi pemain profesional. Indonesia ing kompetisi kuwi wusanane kasil dadi juweara. Ing kompetisi kasebut, Rilus turut nyumbangake gol siji senajan main ing posisi swiwi kang kudu diisi dening pemain kanthi fisik kuwat lan sarwa cukat.
Saulihe saka Malaysia, Rilus bali maneh menyang Surabaya. Ing tengahing rejaning kutha Surabaya, tur adoh saka sanak-sedulure, Rilus mbudidaya urip mandhiri. Awit mangkono, kanggo nyukupi kebutuhan saben dinane, dheweke kerja dadi kurir ing JNE.
Sukur bage, pehak perusahaan ora nggagas panandhange Rilus sing tunadaksa kuwi. Kepara pehak perusahaan malah nyengkuyung Rilus. Mungguh ing padatane minangka kurir, Rilus nganggo pit montor modhifikasi mligi tunadaksa suku kanggo ater-ater barang. Ing satengahe karepotane dadi kurir JNE, Rilus isih tetep fokus latihan bal-balan. Sebab, isih ana target-target liyane kang kudu diudi dening Rilus.
“Saiki, aku fokus netepi latihan bareng Tim Nasional Amputasi Indonesia kang bakale ambyur ing Kompetisi Bal-Balan Amputasi Asia 2025 ing Bangladesh. Nyuwun donga lan panyengkuyunge, inggih” ujare Rilus.
Prestasine Rilus ing donyaning bal-balan jebul uga mbukak kori anyar mungguhe Rilus ing bidhang pendhidhikan. Dheweke ketampa beasiswa atlet saka Universitas Muhammadiyah Surabaya (Umsura). Saiki dheweke kacathet dadi mahasiswa Fakultas Hukum semester lima.
Beasiswa kasebut ditampa Rilus minangka wujud apresiasi atas prestasine. Tamtu wae Rilus rumangsa antusias lan ora bakal agawe kesempatan kuliyah kanthi beasiswane kuwi muspra. Sebab, mungguhe Rilus, kuliyah kuwi dudu mung saderma kanggo nguber gelar akadhemik wae, nanging uga minangka wujud investasi dina tembe.

Awit kalodhangan kanggo kuliyah kanthi beasiswane kasebut, Rilus manteb atine mulih jurusan Hukum. Jalaran dheweke mengku sedya bisa mbela lan ngupayakake hak-hake para panandhang tunadaksa amrih bisa luwih digatekake ing kebijakan lan perlindungan hukum.
Ing lingkungan kampus, Rilus klebu mahasiswa kang sregep, andhap-asor, lan inspiratif. Dheweke mampu ngimbangi karepotane antarane kuliyah, latihan bareng Tim Nasional Bal-Balan Amputasi Indonesia, lan kerja minangka kurir JNE. Semangate Rilus yekti dadi tepa-patuladhane para mahasiswa lan wong ngakeh.
Lelakon uripe Rilus kang kebak inspirasi kuwi agawe jenenge klebu ing nominasi Santini JMTV Awards 2025, yaiku sawijining ajang apresiatif mungguhe atlet, pelatih, lan paraga indhustri olahraga ing Indonesia.
Santini JMTV Awards 2025 nganakake 21 kategori, klebu kategori paralimpik (olahraga tunadaksa), minangka wujud pangakon marang pambudidaya lan prestasine insan olahraga saka maneka werna cabang. Jenenge Rilus dadi salah siji kang mikat kawigaten liwat kiprahe ing bal-balan amputasi.Isih akeh gegayuhan kang dadi targete Rilus kanggo dina-dina candhake. Sakehing prestasi kang wus diolehake Rilus sasuwene iki ora kok sanalika ndadekake dheweke marem atine, utamane ing babagan bal-balan amputasi. Semangat Rilus!
Panulis: Ahmad Rizky Wahyudi
Edhitor: Tim Redhaksi Panjebar Semangat Digital






