Sirna Kadang Kesaput Utang

Sawenehe priya pengangguran warga Lamongan tegel mrajaya mbakyu, kakang ipe lan ponakan merga lara ati ora diutangi dhuwit. Dirangket pulisi jroning wektu kurang saka 24 jam.

Ilham lan Sarmudji, guru SDN Babadan 1, Kecamatan Ngancar, Kabupaten Kediri, Jawa Timur gumun dene Agus Komarudin (38 taun) ora mulang tanpa kabar, Rebo, 4 Desember 2024. Mangka dina kuwi mbeneri ana kegiyatan penting ing sekolahane, yaiku presentasi ASN Day kang dianakake dening Badan Kepegawaian Daerah Kabupaten Kediri.

Mungguhe para guru, nekani acara presentasi ASN Day diwajibake jalaran ana gandheng cenenge karo jenjang karier tembe mburi. Mula Ilham lan Sarmuji gumun dene ing acara penting kasebut Agus sing uga kancane mulang mau malah ora katon irunge. Jajal disambungi liwat hape-ne ora aktif. Bengine Ilham nyoba nilpun maneh nanging tetep ora diangkat.

Samar kanca rakete kuwi ana apa-apa, Kemis esuk, 5 Desember, Ilham lan Sarmudji banjur martakake menyang omahe Agus sing mapan ing Dhukuh Gondanglegi, Desa Pandantoyo, Kecamatan Ngancar. Rehne omahe Agus tutupan, Ilham lan Sarmudji banjur nylingker menyang pekarangan mburi.

Nalika nginceng lekitan aling-aling pawon kang ginawe saka blebekan kayu, Ilham lan Sarmudji kaget. Lelorone meruhi tangan gumlethak jrambah. Rehne panyawange winates, guru loro kuwi ora bisa mesthekake kuwi tangane sapa. Ilham lan Sarmudji banjur ngandhakake apa sing diweruhi mau marang tangga mburi omah sing isih mambu sedulur karo Agus. Tetelune nuli mbukak cendhela sing pranyata ora dikunci.

Sepira kagete wong-wong iku bareng nyumurupi Agus Komarudin ngathang-athang tanpa nyawa. Sirahe tatu. Ora mung Agus sing ditemokake tinggal donya, nanging uga sisihane, Kristina (34 taun), lan anake mbarep, Christian Agusta Wiratmaja Putra (12 taun). Lelorone uga tatu nggon sirah. Wondene anak wuragil, Samuel Putra Yordaniel (10 taun) semaput ing kamar peturon.

Gondanglegi geger sanalika. Samuel kang asawang layon cepet-cepet digawa menyang Rumah Sakit Bhayangkara Kediri. Rahayune, nyawane Samuel isih ketulungan. Sing dadi pitakonan sapa baya pawongan wengis tegel mrajaya wong saomah kuwi? Samuel sejatine seksi kunci jroning kasus kuwi, nanging merga kahanan psikise durung stabil, pulisi ora tega njaluk katrangan marang dheweke.

Sekawit rajapati iku dinuga gegayutan karo tindak perampokan. Sebab sawatara barang pengajine kurban, klebu kendharaan rodha papat, ilang. Kasujanan kuwi saya kuwat bareng salah siji tanggane kurban, Yan, kober krungu swara rame-rame saka njero omahe Agus wanci subuh. Nalika kuwi Yan lagi menyang sumur saperlu amek wudu. Nanging Yan ora nggraita menawa lagi ana tindak kadurjanan.

“Merga Bu Kristina iku uger wanci subuh wis tangi, banjur masak kanggo sarapane Pak Agus, anake loro, lan dheweke dhewe. Bu Kristina kuwi guru ing sekolah wilayah Tulungagung sing budhale kerja uga esuk,” tuture Yan kaya sing dikutip saka radarkediri.jawapos.com.

Nanging aparat Satuan Reserse Kriminal Polres Kediri kang nindakake olah tempat kejadian perkara (TKP) nemokake keanehan: kunci lawang omahe Agus ora rusak. Mertandhani menawa pelakune kadurjanan wis tepung karo kurban.

Pulisi banjur ngevakuasi jisime kurban menyang rumah sakit saperlu divisim. Asile visum nyatakake menawa kurban nandhang trauma akibat anteman barang abot nggon sirahe. Kabeh kurban diantem palu sirahe kaping telu. Wondene Samuel isih jroning perawatan intensif. Nanging kahanan kesehatane sangsaya becik.

Lara Ati

Ora butuh wektu suwe tumrap pulisi mbekuk durjanane. Jumuah, 6 Desember 2024, Yusa Cahyo Utomo dirangket ing Lamongan. Yusa ora liya adhine Kristina dhewe. Pulisi nemtokake Yusa pelaku tunggal rajapati sakulawarga mau. “Ora nganti 24 jam pelakune wis bisa dipikut ing Lamongan,” kandhane Kapolres Kabupaten Kediri  AKBP Bimo Ariyanto ing kantore, dikutip saka Kantor Berita Antara.

Pelaku rajapati Yusa Cahyo Utomo dirangket pulisi.

Miturut kapolres, motife pelaku tumindak jahat jalaran sinurung lara ati sarta kepengin ngrampok bandha donyane kurban. Sadurunge tragedhi mau kelakon, kandhane Bimo, Yusa satemene wis merdhayoh menyang omahe Agus dina Minggu, 1 Desember 2024. Merdhayohe Agus mengku karep kepengin utang dhuwit marang mbakyune.

Nanging Kristina emoh nyilihi dhuwit. Mbokmenawa Kristina dhewe lagi akeh kebutuhan. Tur ing sisih liya dheweke wis aras-arasen karo trekahe adhine kuwi. Sebab Yusa tau kena urusan pulisi merga nyopet. Manut Bimo, panulake mbakyune iku njalari Yusa lara ati. Dheweke langsung semparet ninggalake omahe Kristina karo nggembol rasa cuwa.

Selasa, 3 Desember, Yusa saka Kecamatan Wates, Kediri, bali menyang omahe Kristina kanthi mlaku sikil. Dheweke singidan ana sacedhak omahe kurban karo ngenteni wanci sing dianggep pas. Lan Rebo udakara jam 03.00 dheweke nothog omahe Kristina kanthi donya krasa peteng. Palu disingidake waliking sandhangan. Kristina dhewe sing mbukakake lawang. Yusa bali nembung utang dhuwit nanging Kristina tetep ora gelem menehi.

Kekarone banjur tukar padu. Rame-rame ing kamar tamu kuwi nangekake saisine omah. Merga emosi, Yusa ngetokake palune kanggo nuthuk kanthi seru sirahe mbakyune rambah kaping telu. Kristina gloyoran banjur ambruk nganti dadi lan tiwase.

Krungu panjerite sing wadon, Agus gageyan mencolot menyang ruwang tamu. Dheweke kaget weruh bojone gumlethak sarta Yusa isih nyekel palu. Yusa kang wis kelangan nalar iku ngantem sirahe Agus. Kaya dene sing wadon, Agus uga rubuh banjur tinggal donya.

Durung marem mateni mbakyu lan kakange ipe, Yusa ganti nyasar ponakake, Christian lan Samuel. Bocah tanpa dosa iku terus dibindhi palu sirahe. Christian tiwas, dene Samuel isih ambegan nadyan sirahe tatu abot.

“Jam 05.00 pelaku ninggalake TKP karo nggawa mobile kurban, tas lan barang-barang pengaji,” kandhane Bimo.

Pulisi njiret Yusa nganggo Pasal 340 KUHP ngenani pembunuhan berencana sing ukuman maksimale arupa pidana pati. Kawengisane Yusa pantes diganjar pidana abot awit pengangguran iku ngilangake nyawa telu sanalika. Dheweke uga wis ngrancang tindak rajapati kuwi jalaran mara menyang omahe kurban karo nggawa gegaman. Cetha menawa ing dhirine wis thukul niyat kepengin memateni kurban yen panjaluke ora dituruti.

Nalika dipitontonake marang wartawan ing Markas Polres Kabupaten Kediri Yusa pethelang-pentheleng mripate. Kala-kala raine mrecing-mrecing ngampet lara ing kentole kiwa tengen. Pulisi pancen mistul sikile pelaku merga nalika arep dirangket mbudidaya nglawan. Kejaba kuwi tembakan ing sikil uga pepeling tumrap durjana kang wengis.

Bupati Kediri Hanindito Himawan Pramana ngandharake saguh ngragadi panguripan lan beya pendidikane Samuel nganti lulus sekolah. Bupati mudha kang akrab diundang Mas Dhito kuwi ngrasa trenyuh sawise mbezuk Samuel ing RS Bhayangkara.

Miturut Mas Dhito sacara fisik Samuel wis katon stabil. Nanging mentale isih down. Sebab nalika Mas Dhito mlebu kamar perawatan, Samuel nyekeli wesi tempat tidhur kenceng. “Nuduhake menawa si Adhik iki isih trauma. Sapa wonge sing ora trauma yen meruhi tindak kadurjanan kang wengis, luwih-luwih marang anggota kulawargane,” tuture Mas Dhito.

Panguburan kurban rajapati ing Kediri, saluwang kanggo jisim telu. (Foto-foto: detik.com)

***

Panulis: KSW
Edhitor: Tim Redhaksi Panjebar Semangat Digital

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 292

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *