MBOKMENAWA akeh sing ora ngira, yen papan ngenggar-enggar ati iki dununge ana ing Surabaya. Kutha metropolitan kang cukup sibuk. Apamaneh papan wisata iki manggone ing sapinggire dalan nasional antarane Surabaya – Gresik, dalan kang tansah bising, dalan wira-wirine truk kontainer. Maklum Jl. Raya Greges pancen mujudake kawasan industri, pusat bisnis, pusat pergudangan kang ana ing Surabaya. Nanging senajan mangkono, kita tetep bisa ngra- sakake ketenangan lan kenyamanan nalikane lungguhan ing gazebo kang ana.

Kampung nelayan Warna-Warni dideleng saka pesisir.
Wisata bahari Sontoh Laut lan kampung nelayan Warna-Warni, mangkono jenenge. Dumunung ing kelurahan Tambak Sarioso, Kecamatan Asemrowo, Greges, Surabaya, mujudake kawasan perairan lan alas mangrove kang resik. Senajan iki kampung nelayan, nanging kampung ing kene ditata kanthi rapi, resik lan asri. Uga dicet werna werni. Ora ana Sontoh Laut, Mutiara Kang Kesilep ing Lendhut rabaya. Amrih bisa mlebu menyang Kampung Warna-Warni, kita mung cukup mbayar Rp 2.000. Ing kene kita bisa ngentekake wektu sinambi selfi-selfi apadene ngenggar-enggar ati ing gazebo mau sinambi ngrasakake kuliner lan pemandangan laut. Ana gazebo 5 kang dibangun ing sandhuwure laut ksb, dene kuliner kang bisa dinikmati ing antarane arupa bandeng bakar, gurami bakar, urang asam manis lan sambelan welut. Lan sing ora oleh keri kanggo oleh-oleh yakuwi krupuk iwak payus. Krupuk iwak payus digawe saka bandeng lanang, rasane enak lan gurih. Ing anjungan Kampung Warna-Warni saliyane minangka wisata pesisir kanthi nyuguhake view laut lan alas mangrove, kita uga bisa nindakake edu wisata. Ing antarane bisa sinau carane nenandur kanthi sistem hidroponik, budidaya lele lan budidaya tambak iwak bandeng. Sauntara kuwi fasilitas liyane kang disedhiyakake ing kene yakuwi areal parkir, bale pertemuan, cafetaria, junggle tracking, kamar mandi umum, kios suvenir, kuliner, mushola, selfie area, spot foto lan wifi area.
Sontoh Laut Anjungan Kampung nelayan Warna-Warni mujudake wilayah kang gandheng klawan area wisata bahari Sontoh Laut. Sontoh Laut mujudake kawasan perairan lan alas mangrove. Lan, kayadene Kampung Warna-Warni, wisata bahari Sontoh Laut Kampung nelayan Warna-Warni dideleng saka pesisir. (d) Gazebo jejer-jejer kanggo ngenggar-enggar ati, edhum lan semilir. (d) kesan kumuh apadene mambu amis. Ndadekake wong kang sanja mrene dadi krasan. Ditambah maneh anane tanduran ketapang, nyamplung lan akasia ndadekake sapa wae betah jagongan ing gazebo kang disedhiyakake. Tanduran-tanduran ksb nuwuhake krasa edhum, apamaneh kena sumilire angin saka segara.
Bab iki sajake ora luput saka kawigatene Pemerintah Kota (Pemkot) Surabaya lumantar Dinas Lingkungan Hidup (DLH) Kota Surabaya kang ajeg nggelar kerja bakti lan pelatihan kewirausahaan ing Kampung Warna-Warni. Tujuane ora liya kanggo njaga kebersihan, kelestarian lingkungan, ekosistem kawasan wisata sarta nggerakake ekonomi kerakyatan.

Gazebo jejer-jejer kanggo ngenggar-enggar ati, edhum lan semilir.
“Panggonan iki mujudake kawasan wisata kang nduweni potensi cukup gedhe. Mula, saliyane perlu dijaga lingkungane, kita uga nguwatake warga kono nggawe karya kang bisa nambah pengasilan. Ing antarane yakuwi nggawe keripik lan sirup saka woh mangrove, sarta teh lan peyek godhong mangrove,” ujare Agus Hebi Djuniantoro ST, MT, Kepala Dinas Lingkungan Hidup Kota Surabaya.
Amrih bisa mlebu menyang Kampung Warna-Warni, kita mung cukup mbayar Rp 2.000. Ing kene kita bisa ngentekake wektu sinambi selfi-selfi apadene ngenggar-enggar ati ing gazebo mau sinambi ngrasakake kuliner lan pemandangan laut. Ana gazebo 5 kang dibangun ing sandhuwure laut ksb, dene kuliner kang bisa dinikmati ing antarane arupa bandeng bakar, gurami bakar, urang asam manis lan sambelan welut. Lan sing ora oleh keri kanggo oleh-oleh yakuwi krupuk iwak payus. Krupuk iwak payus digawe saka bandeng lanang, rasane enak lan gurih.
Ing anjungan Kampung Warna-Warni saliyane minangka wisata pesisir kanthi nyuguhake view laut lan alas mangrove, kita uga bisa nindakake edu wisata. Ing antarane bisa sinau carane nenandur kanthi sistem hidroponik, budidaya lele lan budidaya tambak iwak bandeng. Sauntara kuwi fasilitas liyane kang disedhiyakake ing kene yakuwi areal parkir, bale pertemuan, cafetaria, junggle tracking, kamar mandi umum, kios suvenir, kuliner, mushola, selfie area, spot foto lan wifi area.
Sontoh Laut
Anjungan Kampung nelayan Warna-Warni mujudake wilayah kang gandheng klawan area wisata bahari Sontoh Laut.

Sawenehing manuk segara ing antarane ewon jinis kang ana padha nyusuh ing grumbul alas mangrove Sontoh Laut.
Sontoh Laut mujudake kawasan perairan lan alas mangrove. Lan, kayadene Kampung Warna-Warni, wisata bahari Sontoh Laut iki posisine uga kecepit ing antarane area industri. Nanging senajan mangkono vegetasi tanduran mangrove tuwuh kanthi asri. Mula ora nggumunake yen puluhan ewu manuk banyu kanthi atusan jenis betah nyusuh ing suwalike gegrumbulan mangrove. Ing antarane ana manuk Kuntul, Blekok, Kowak, Belibis, Tenggaraan lan manuk-manuk imigran liyane saka benua Ustrali kang biasa urip ing alas mangrove.
Amrih bisa ndeleng ewonan manuk iki, kita bisa tumuju menyang gazebo utama Sontoh Laut kang ana ing tengah laut, yakuwi kanthi numpak prau kang ngliwati kali ing laut. Unik ta, ana kali ing laut. Mbayare murah kok, jarake uga cedhak, mung butuh wektu 10 menitan wae. Saka Anjungan Kampung Warna-warni nuju gazebo utama Sontoh Laut kuwi, cukup mbayar Rp 10 ewu kanggo wong diwasa lan Rp 5 ewu kanggone bocah-bocah. Tarif sing cukup murah meriah tumrap kita kang kanthonge cekak, apamaneh isih diwimbuhi pemandangan pesisir lan ibere manuk-manuk segara.
PS dhewe mbelani budhal mruput nalika arep menyang gazebo utama Sontoh Laut ksb. Betheke ora ana liya kejaba pengin ndeleng maneka warna manuk banyu mau saka cecedhakan. Pranyata tenan, satekane ing gazebo tengah laut, ana menara pandang kang dhuwure 10 meteran. Saka kene kita bisa keprungu ramene manuk-manuk kang padha ngoceh sesautan. Utawa nggatekake manuk Kowak lagi jejogetan, bisa uga ngintip manuk Kuntul lagi yang-yangan. Pendheke iki siji-sijine ‘bird park’ alami ing pesisir lor kutha Surabaya. Mula aja lali ngasta keker utawa kamera zoom yen tindak mrene.
Ora mung kuwi wae, yen wis kesel nggatekake manuk, kita bisa ngaso sinambi nenikmati kuliner ala pesisir ing gazebo kene. Sing unik maneh yen ngaso ing gazebo kene, view-ne wisata bahari Sontoh Laut iki beda yen dibandhingake papan wisata bahari liyane. Yen wisata mangrove liyane pemandangane mung laut lepas, ing kene pemandangane antarane alam lan industri. Ing sisih lor bisa ndeleng Pulo Madura lan pating slirine kapal kargo tumuju terminal teluk Lamong utawa pelabuhan Tanjung Perak. Ing sisih kidul ana pemandangan laut kang endah lan alas mangrove kanthi ewon manuke kang nyusuh ing njerone. Malah ora adoh saka kono, bisa katon uga aktivitas bongkar muat depo kontainer kang unik, yakuwi crane-e (derek jangkung) kang yen disawang saka kadohan katon kaya jerapah lagi mangan kothak- kothak.

Tanduran mangrove ing kawasan pesisir Sontoh Laut.
Pembangunan destinasi wisata ing Sontoh Laut pancen kena diarani isih adoh saka sampurna, senajan wis ana menara pandang kang dhuwur lan tambat laut kang bisa dinikmati. Nanging senajan mangkono, wisata pesisir iki tetep ‘wajib’ ditekani dening sapa wae, utamane warga Surabaya lan sakupenge, merga paribasane Sontoh Laut iki kayadene mutiara kang isih kesilep ing lendhut, kang sawayah-wayah bakal bisa manjilma dadi salah sijine papan wisata favorit. Luwih-luwih kanthi wisata mrene apadene sambang sedulur misaya mina ateges kita wis melu ngangkat sumber daya laut lan melu nyengkuyung tuwuhe ekonomi, karaharjan, pametu sekaligus pelestarian ekosistem laut.
Sumangga.
***
Panulis: (dt)
Panitipriksa: Redhaksi Panjebar Semangat







