Strategi Jitu Pemkot Ngawekani TBC ing Surabaya

Pemerintah Kota (Pemkot) Surabaya mbabarake maneka strategi jitu kanggo ngawekani penyakit Tuberkulosis (TBC) ing Kutha Pahlawan. Rencanane, pemkot lumantar Dinas Kesehatan (Dinkes) Kutha Surabaya bakal nambah kolaborasi karo maneka sektor lan nindakake kegiatan pencegahan kanggo ningkatake penanganan TBC.

Kepala Dinkes Surabaya, Nanik Sukristina ngandhakake bakal ngajak lintas sektor ing saben wilayah lumantar maneka kegiatan. Salah sijine yaiku investigasi marang minimal wong 8 sak omah utawa kontak raket liwat gerakan Cak lan Ning.

Ilustrasi wong kang nandhang lara TBC (rep; ciputrahospital.com)

Sabanjure, Dinkes Surabaya uga bakal nggelar kegiatan skrining kesehatan sing ana gandhengane klawan TBC-PTM lan TBC-anak. Kajaba iku, dinkes uga bakal nggandheng Universitas Airlangga (UNAIR) jroning nindakake tatalaksana penanganan TBC anak.

“Ngakeh-akeh jaringan layanan TBC, nggawe MoU utawa kerjasama karo rumah sakit (RS), engga klinik. Kajaba iku, pemkot uga bakal nindakake skrining TBC marang kelompok risiko tinggi (risti) kaya pasien HIV, DM (diabetes melitus), bocah sing gizine kurang lan ala, ISPA utawa pneumonia, Covid-19, lan calon jamaah haji (CJH)” ujare Nanik, Selasa kepungkur (8/4/2025).

Pemkot Surabaya, miturut Nanik, uga bakal nindakake penguatan jaringan internal TBC kanthi ngajak peran lintas poli utawa ruangan. Kaya poli paru, poli anak, poli penyakit dalam, poli bedah, IGD, rawat inap, lan liya-liyane.

“Bab kasebut ditindakake minangka upaya kanggo njaring TBC kanthi ora dinyana-nyana lan temon kasus TBC ing RS. Kajaba iku uga dianakake optimalisasi kolaborasi TBC-HIV, sing majibake kabeh pasien TBC mangerteni status HIV-ne lan pasien HIV wajib nindakake skrining TBC,” tambahe Nanik.

Nanik nerangake, yen kabeh iku wis ditindakake, pemkot bakal nambah penguatan, pendampingan, lan dukungan sosial kanggo njaga pengobatan. Kajaba penguatan, pemkot uga nindakake papriksan kasus pasien sing durung miwiti pengobatan, LTFU (lost to follow-up), lan mangkir nganti pendampingan pasien TBC dening tim ahli klinis (TAK) lan KOPI TBC.

Nanik nyebutake yen layanan pengobatan kanggo pasien TBC bisa ditindakake ing puskesmas satelit TBC Resisten Obat (RO) utawa ing RS rujukan TBC RO. Dene pendampingan kanggo pasien TBC RO ditindakake dening Peer Educator (PE).

“Kajaba iku dinkes uga koordinasi karo Dinas Sosial (Dinsos) Surabaya saperlu aweh fasilitas shelter kanggo pasien TBC. Menehi maneka bantuan marang pasien TBC, kaya pangan tambahan PMT, tabung oksigen, sembako, lan liya-liyane. Kita uga bakal ningkatake kualitas liwat akreditasi fasilitas layanan kesehatan (Fasyankes),” sebut Nanik.

Nanik nambahake yen adhedhasar Surat Revisi Penyampaian Target saka Dinkes Provinsi Jawa Timur,  dikandhakake yen estimasi temon kasus ing taun 2024 ana 16.127 kasus. Dene estimasi temon kasus ing taun 2025 ana 16.098 kasus. Sauntara iku, temon kasus TBC ing Kutha Surabaya periode pelaporan Januari-Desember 2024 yaiku 12.096 kasus utawa 75 persen saka perkiraan 16.127 kasus.

“Adhedhasar sumber data SITB lan cut off data per 24 Maret 2025, temon kasus TBC ing Surabaya ana 1.917 saka estimasi kasus kang cacahe 16.098 ing taun 2025. Kita nargetake Investigasi Kontak (IK) ing taun 2025 gedhene 100 persen,” tutupe Nanik. (d)***

Panulis: (d)***
Panitipriksa: Redhaksi Panjebar Semangat

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 292

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *