Subsektor Perkebunan Ngadhepi Ancaman Iklim

TANGGAL 10 Desember 2024, bangsa Indonesia mligine insan perkebunan, mengeti Dina Perkebunan kaping 67. 10 Desember dijupuk minangka tanggal pengetan ulang taun ngrujuk marang tanggal 10 Desember 1957 nalika pamarentah Republik Indonesia netepake kabeh perusahaan perkebunan duweke Walanda ing tilas wilayah jajahan minangka perusahaan nasional.

67 taun dudu wektu kang sedhela mungguhe pamarentah ngemonah sektor perkebunan. Komodhitas kang dadi primadhonane perusahaan nasional biasane uga dadi primadhonane perkebunan rakyat awit nguntungake sacara bisnis. Samengko, subsektor perkebunan duwe peranan kang strategis ing perekonomian nasional awit dadi sumber utama devisa negara saka ekspor. Data Sensus Pertanian 2023 Badan Pusat Sta- tistik (BPS) nuduhake jumlah rumah tangga subsektor perkebunan 10,8 juta.

Miturut data BPS 2023 nilai ekspor pertanian Januari-Desember 2022 nggayuh Rp 640,56 triliun. Saka gunggung semono kuwi Rp 622, 37 triliun utawa 97,16 persen ing antarane kontribusine subsektor perkebunan. Geneya sub- sektor perkebunan Indonesia banget diminati dening pasar mancanegara?

Perlu kawuningan, komodhitas perkebunan kaya dene klapa sawit, klapa, kakao, kopi, karet, tebu, jambe lan nilam mujudake bahan baku industri ing Indonesia lan mancanegara. Durung maneh komodhitas perkebunan kategori rempah-rempah kaya dene ladha, pala, cengkeh, lan kayu manis kang dadi primadhonane industri- industri Eropa.

Kejaba wigati minangka bahan baku industri, subsektor perkebunan uga banget migunani kanggo bahan pangan pokok. Tenaman kaya dene sagu, klapa, tebu dadi sumber pangan tumrap sawatara dhaerah Indonesia iring wetan. Ing aspek ekologi, subsektor perkebunan duwe peran sing ora kalah wigati. Sebab tanduran teh, kopi, klapa lan cengkeh duwe oyod kuwat kang kecong- gah nahan lemah lan banyu saka risiko bencana alam. Tanduran teh ing topografi sing njuleg kuwawa nyegah erosi lan njalari papan kasebut dadi asri sinawang.

Nanging akhir-akhir iki subsektor perkebunan ngadhepi ancaman global kang ora entheng ing dina-dina tembene. Isu global owah-owahan iklim mujudake ancaman serius. Ancaman liyane arupa susute kuwalitas sumber daya alam, sarta saya mundhake kebutuhan pangan.

Klapa sawit, salah sijine komodhitas perkebunan kang akeh ngolehake devisa.

Food and Agriculture Organization (FAO) ngramalake taun 2050 mengko gunggunge penduduk donya tambah dadi 10 miliar. Dhampake, kebutuhan pangan sing cumawis kudu saya mundhak akeh. Mangka akibat owah-owahan iklim mau, subsektor perkebunan saya rekasa digenjot prodhuktivitase. Owah-owahan iklim iki ora kena disembranani jalaran kelakone bakal suwe. Penyebabe sejene pancen faktor alami uga jalaran pokal gawene manungsa iku dhewe.

Owah-owahan iklim ditandhani dening timbule mangsa ketiga lan rendheng ekstrem (el nino & la nina), mundhake suhu, lan saya dhuwure lumahing segara. Kahanan sing kaya mengkono mau nyuda prodhuktivitas pekebunan sing akhire entuk-entukane bathi saka sektor iki uga susut. Susute oleh-olehan nyebabake pengelola perkebunan ora karep mbacutake usahane jalaran sumelang nandhang kapitunan sing luwih gedhe. Satemah subsektor perkebunan kaancam ora bisa nerusake usaha panyangga panguripane wong akeh mau.

Sok ngonowa kabeh mau gumantung karo ketangguhane insan perkebunan (pekebun) dhewe. Miturut peneliti Institut Pertanian Bogor (IPB) Sumardjo, manungsa duwe sikep sing beda-beda jroning nanggapi owah-owahan lingkungan. Ana sing apatis (fatalis), reaktif, proaktif, lan antisipatif. Pekebun sing nduweni sikep proaktif lan antisipatif bakal ngadhepi sakabehe owah-owah- an kuwi kanthi wekel mergawe lan ora gampang pasrah. Sejene kuwi uga mbudidaya nindakake transformasi lan resilien.

Transformasi mujudake asile adaptasi perkebunan kang ditindakake kanggo tumuju menyang kahanan kang luwih becik. Perkebunan kang resilien keconggah nindakake transformasi (bounch up) saka maneka tantangan sing diadhepi mau. Ing kene penyuluhan pluralistik isih dianggep relevan kanggo ngundakake resiliensine para pekebun mau.

Penyuluh pertanian mujudake upaya kanggo ngundhakake karaharjane petani, kelompok, lan komunitas masyarakat kanthi pendekatan sistematis. Penyuluhan pluralistik yaiku pendekatan penyuluhan sacara partisipatif multipihak kanggo nutupi kekurangan sing ana. Kanthi penyuluhan pluralistik pekebun diajab bisa ngadhepi sakabehe tantangan subsektor perkebunan sing wis umur 67 taun.

***

Panulis: Antara/Henny Sulistyorini
Edhitor: Tim Redhaksi Panjebar Semangat Digital
Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 199

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *