Nalika penulis isih anyaran dadi wartawan Panjebar Semangat 1998, sawijining dina oleh tugas saka redhaktur supaya ngliput rawuhe Direktur Jenderal Kebudayaan Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan Edi Sedyawati ana ing Taman Budaya Jawa Timur, Jalan Gentengkali, Surabaya.

Nalika semana penulis durung sepiraa ‘ngeh’ sapa satemene pawestri kang katon anggun merbawani kuwi. Tembene penulis lagi pana menawa panjenengane iku sawenehe profesor lan arkeolog peng-pengan. Taun 2022 kepungkur panjenengane seda. Kanggo misungsung labuh-labete ilmuwan kang miyos 1937 kuwi ing donyane dhisiplin ngelmu sing ditekuni, Borobudur Writers and Cultural Festival (BWCF) kang digelar ana Universitas Negeri Malang 23-27 Nopember 2023 ngangkat tema “Ganesa & Repatriasi Benda-Benda Purbakala Indonesia.”
Disertasine Prof Edi kang dadi mahakarya donyaning studhi arkeologi Indonesia pancen ngrembug bab reca Ganesa. Disertasi asesirah “Pengarcaan Ganesa Masa Kadiri dan Singhasari: Sebuah Tinjauan Sejarah Kesenian” iku diterbitake dening Ecole francaise d’Extreme-Orient, Paris 1994 kanthi kandel 666 kaca.
Sasuwene naliti reca Ganesa yasan jaman Kediri, Singasari (Tumapel) lan Majapahit, Edi kerep manggon ana Malang. Kuwi amarga salah siji obyek reca Ganesa kang dijingglengi mapan ana Karangkates. Edi dhewe jrone disertasi kasebut nliti ora kurang saka 169 reca Ganesa. Ewasemono Ganesa Karangkates lan Ganesa Singasari kang nalika kuwi isih sumimpen ana Museum Leinden, Belanda, antuk kawigaten paling mirunggan.

Ganesa Karangkates mujudake peninggalan Krajan Singasari ing abad ka-13. Ganesa Karangkates kuwi siji-sjine reca Ganesa kuna kanthi posisi ngadeg jejeg (samabhangga) kang ditemokake ana pulo Jawa.Blegere semendhe siras cakra utawa ukiran bunder mawa cahya. Rerenggan ardhachandra kapala (cumplung/tengkorak) minangka asesorise reca kasebut katon manjila merga timemu ana pasren makutha, asana (dhampar palungguhan), suweng, lan pancadan sikil. Nduweni tangan cacah papat (catur bhuja), tangan tengen sisih mburi mandhe parasu (wadhung) lan aksamala (tasbeh). Miturut panaliti sejarah Universitas Negeri Malang Dwi Cahyono, parasu ing reca Ganesa Karangkates iku nduweni ciri khas motif kembang geni.
Wetenge mblendhing, nanging ora katon njembluk banget. Anggane ginubed upawita (tali kasta) awangun naga. Ana uga sabuk sangareping dhadha. Reca iku ditatah menganggo busana kain dawa wiron wiwit sangisore wudel nganti tlapak sikil mawa motif tengkorak. Kanthi dhuwur telung meter, Ganesa Karangkates kaya-kaya raseksa asirah gajah kang lagi ngaglah tengahing dedalan.
Mbokmenawa merga blegere sing wis jamak kasumurupan dening warga sakiwa tengene Karangkates, sedina-dinane ing lokasi reca Ganesa kang ora adoh karo bendungan kuwi sepi-sepi wae. Nanging ing dina Siwaratri Kalpa, umat Hindu ajeg ngadani ritual ana kono. Gunggunge umat sing upacara biyasane akeh nganti luber menyang tepine dalan gedhe Malang-Blitar.
Ciri tengkorak kang nyolok uga tinemu ana reca Ganesa Singasari sing durung suwe iki dibalekake saka Leiden, Belanda, menyang Indonesia. Reca mau klebu sing dipamerake ana kegiyatan “Repatriasi: Kembalinya Saksi Bisu Peradaban Nusantara” ing Galeri Nasional Jakarta 28 Nopember-10 Desember 2023.
Ganesa Singasari padha endahe karo Ganesa Karangkates. Mung wae beda karo Ganesa Karangkates kang ngadeg jejeg, Ganesa Singasari tinatah kanthi posisi ora ngadeg, nanging uga ora lungguh sila. Umume reca Ganesa digawe kanthi kahanan utkutikasana utawa lungguh kanthi sikil ditekuk lan tlapak kiwa tengen gathuk. Posisi lungguh sing mengkono mau jalaran wetenge Ganesa kang mblendhing saengga ora bisa sila kanthi premati.
Dewaning Kawruh
Ganesa dikenal nduweni maneka sebutan, antara liya Ganapati (pimpinane para Gana), Vignesvara (ngendhaleni pepalang), Vinayaka (pemimpin utama), Gajanana (praupan Gajah), Gajadhipati (dewaning gajah), Lambkarna (si kuping amba), Lambodara (weteng gedhe) lan Ekadanta (nduweni gadhing tunggal). Nanging sacara umum, Ganesa disebut minangka lambanging kawruh.
Mbokmenawa merga ana gandheng cenenge karo babagan kapinteran mau, rumuhun Ganesa dadi idholane akeh uwong. Para perajin reca jaman kawuri padha yasa blegere jalma asirah dwipangga mau. Miturut arkeolog Walanda, Nicolaas Johannes Krom, gunggunge raca Ganesa kang ditemokake ana pulo Jawa luwih akeh tinimbang reca Durga lan reca Agastya.
Majalah Tempo lumantar artkel asesirah Setahun Wafatnya Edi Sedyawati: Membaca Ulang Arca Ganesha (2023) ngandharake, ing panalitene ngenani reca Ganesa mau, Edi Sedyawati nyinaoni Kakawin Smaradahana, kitab kuna kang ditulis Mpu Darmaja ing jaman Krajan Kediri, sarta kitab Tantu Panggelaran yasane para pujangga sastra jaman Majapahit. Pangriptane kitab loro iku dipisahake wektu atusan taun lawase, sing siji jaman Kediri udakara taun 1042, dene Majapahit madeg ing akhir taun 1293.
Kakawin Smaradahana mujudake teks wigati kanggo ngawruhi blegere Ganesa kanthi wutuh, awit ing kono macak lelakone sang dewa wiwit lair ceprot nganti disraya dening tetungguling dewa amrih munah satru sekti kang nedya ngrabasa Kahyangan.
Jrone Kakawin Smaradahana dinyatakake, wujude Ganesa minangka makhluk gagah pidegsa kuwi wekasan keconggah ngasorake para raseksa kang kepengin ngejegi Kahyangan. Edi Sedyawati nyethakake blegere Ganesa ing teks Kakawin (puisi dawa) Smaradahana iku mangkene:
“Nalika maju prang, Ganesa diampingi Wisnu lan Brama. Bareng wis adu arep karo mungsuh, eseme Ganesa sakala musna, praupane dadi galak medeni, kupinge sing amba njepiping lan kekablak, sarta mripat tetelune mubeng kumilat. Nalika maju perang, Ganesa triwikrama engga anggane ngebaki langit. Geni kumilat saka mripat tetelune. Ganesa uga ngetokake geni saka tangan-tangane. Tlalene banget medeni. Kanggo mbrastha mungsuh-mungsuhe, Ganesa nggunakake wadhung peparinge Syiwa.”
Beda karo Kakawin Smaradahana, ing kitab Tantu Panggelaran lan Korawasrama karyane pujangga sanjabane kraton, Ganesa (diarani uga Bathara Gana) ora diunggul-unggulake minangka dewaning perang, nanging disebut kadidene dewa sing nguwasani kawruh, kitab sastra, sarta agama. Ganesa nduweni kawaskithan mbathang cangkriman kang angel.
Edi Sedyawati ngandharake, prabedan karaktere Ganesa ing Kakawin Smaradahana lan Tantu Panggelaran sarta Korawasrama mau mracihnani menawa Singasari lan Majapahit duwe anggepan dhewe-dhewe jrone negesi blegere Ganesa. Singasari, kang isih kaberbawan dening teks-teks Ganesa jaman Kediri, nggambarake dewa asirah dwirada iku minangka pengawak dewa perang kang bakal mbrastha budi candhala.
Ora mokal menawa reca Ganesa kang tinemu ana Karangkates sarta Ganesa Singasari sing lagi wae dibalekake saka Walanda, digambarake kaya dene senapati perang. Wondene Majapahit kang madeg 200 taun sawise Kediri, duwe tapsir beda ngenani Ganesa. Sang dewa digambarake minangka dewa kang ngugemi kawruh sarta kapinteran. Ora mokal menawa Ganesa samengko luwih akeh dijupuk minangka lambanging ngelmu kapinteran tinimbang dewaning perang.
Nlusuri Kawentare Ganesa
Kawentare Ganesa minangka dewaning kawruh dadi inspirasine seniman jaman Majapahit gawe reca kasebut. Upamane Ganesa Mendit (Malang), Ganesa Bunul (Malang), Ganesa Karangrejo (Blitar), Ganesa Kinewu (Blitar), Ganesa Boro (Blitar) lan Ganesa koleksi Museum Tulungagung. Ing perangan mburi (geger) lan pancadane reca-reca kasebut tinemu cathetan prasasti lan inskripsi kang nuduhake taun panggawene.
Para arkeolog banjur nyinaoni inskripsi-inskripsi kasebut sarta napsirake menawa raca kuwi ora mung waton digawe. Ing suwalike panggawene reca mau mengku sedya gawe tetenger ngenani sawijine kedadeyan. Ganesa Boro ing Blitar upamane, digawe minangka pratandha pambukaning desa anyar.
Panaliti sejarah Hadi Sidomulyo uga nginventarisasi reca-reca Ganesa kang ditemokake ana kawasan Dieng, Pekalongan, Batang, lan Temanggung. Dheweke uga ngimpun reca-reca Ganesa kang ditemokake dening para arkeolog Walanda. Manut dheweke, ora kurang saka 93 reca Ganesa kang dina samengko isih tinemu ana sakiwa tengene Dieng.
Dheweke nemokake tembung Medang Gana ing Tantu Panggelaran kang ditapsirake minangka jenenge kerajaan kang beda karo Medang. Hadi nduga Medang Gana kang disebut ana Tantu Panggelaran mau dudu mung saderma mitos, nanging bener-bener sawijining kerajaan kang biyene mapan ana Kendal.
Hadi kang nlusuri wiwit saka Dieng, Temanggung engga Kendal nemokake araning papan kang mambu-mambu gajah. Ing Banaran, Temanggung, upamane, dheweke nemokake desa aran Surugajah. Ewasemono saka asil analisane gegayutan karo reca-reca Ganesa kang ditemokake mau, Hadi yakin rumuhun Medang Gana manggon ana Kendal. Tengerane, ing Kendal tinemu arane pedhukuhan Gonoriti, desa Senono lan Rambut Gono.
Kejaba ing “dataran tinggi” Dieng lan Temanggung, reca Ganesa uga ditemokake ana wilayah pesisiran, kaya dene Pemalang, Pekakongan, Brebes, Batang, Rembang lan Kudus. Miturut arekeolog Veronique Degroot, umume reca Ganesa kang tinemu ing pantura mau ora nganggo makutha.
Ora ngemungake ing Jawa, reca Ganesa uga ditemokake ana pulo Bali. Tinemune Ganesa ing Bali iki dinuga gegayutan karo anane klompok masyarakat (sekte) kang muja Ganesa. Kepara pura-pura lawas ing Bali nganti seprene isih rinenggan dening reca-reca Ganesa.
Ing Sumatera, pranyata uga tau ditemokake reca Ganesa. Bab iku kinawruhan saka artikel kang ditulis dening Dosen Universitas Negeri Jambi kang lagi nempuh studhi ing Leiden, Nianunis Aulia Izza asesirah “Masalah Seputar Tinggalan Arca Ganesha di Sumatera.” Nianunis nyebutake menawa temon reca Ganesa ing Sumatera ora mung wujud reca watu, nanging uga saka prunggu. Contone kaya sing ditemokake ana Pasar Siabu lan Donan Dolok, Sumatera Utara. Ana uga sing ditemoake ing Tapanuli Tengah lan Padang Lawas (Sumatera Lor), sarta Sorolangun (Jambi). M. Firman lumatar artikel asesirah Ganesya dan Batu-batu yang Menari kang kapacak ana begendring.com mratelakake, senadyan panalitene Edi Sedyawati durung sawutuhe rampung, lan seprene isih dibacutake dening panaliti peneruse, nanging wis mbukak kanyatan menawa Ganesa mujudake paraga wigati jroning ritual keagamaan ing jaman klasik Nusantara, mligine tanah Jawa.
***
Panulis: Kukuh Setyo Wibowo
Panitipriksa: Ahmad Rizky Wahyudi







Artikel sing apik banget. Nambah wawasan, muga-muga geberasi anim bisa melu maca ben luwih jembar seserepane marang budaya leluhure
Maturnuwun paringipun tanggapan