Seni tari, minangka kaskayane bangsa, salumrahe aweh gegambaran bab khas utawa owah gingsire budaya ngenggon. Semono uga tari Lahbako khas saka Jember, Jawa Timur. Yen nyetitekake wiwitane jumedhul, pancen ora klebu seni tari klasik. Ananging kreasi anyar.

Manut warga ngenggon, tarian iki wiwit ngrembaka taun 1970. Nalika semana, bupati kang njabat, nduwe panemu amrih warga nduwe kesenian tari kang nggambarake padinane warga. Mligine, kapisungsungake kanggo para petani putri. Yaiku minangka petani mbako. Pamikiran iku diwujudake kanthi ndhapuk seniman kawakan wektu semana, Bagong Kussudiharja.
Tetenger Lahbako, asale, prasaja wae, yaiku saka tembung ‘olah’ lan ‘mbako’. Tarian iki dimainake bareng dening para pawestri, bisa 4 nganti 8 penari. Gerakane uga saemper para kadang tani nalika manen mbako.
Wiwitane, kagambarake para petani mlaku saka ngomah nuju kebon, banjur wiwit methiki godhong mbako. Ngendhit kranjang, godhong mbako kang dipethiki iku banjur dilebokake kono. Sabanjure, irid-iridan mlaku mulih, nuju papan nyinggahake mbako asile panen. Ing papan kasebut, para pawestri iku nata mbakone mbaka salembar, perlune dipepe. Sawise garing, ditata kanthi permati, ancase cemepak nalika arepe digunakake.
Tari Lahbako diiringi tetabuhan kang arane musik patrol. Yaiku, utamane ana kenthongan, diselingi kendhang lan suling. Adate musike iki dimainake priya, cacahe pitu.
Busanane para penari kayadene busana khas Jember, kebaya lan sarung. Kreasine kebaya bisa direnggani kemben, sabuk, uga rerenggan liyane. Dene sarunge ora mithit ananging rada longgar amrih ngepenakake anggone solah beksa. Rambute digelung mendhuwur, lan diwenehi rerenggan gendera telu lan godhong tiron.

Gendera telu iku beda-beda maknane. Siji mralambangake panen, sijine milihi, sijine maneh nata utawa mbungkus. Dene godhong tirone wis cetha, wujud godhong mbako. Semono uga perangane kuping dicantheli anting-anting godhong mbako tiron.
Ndhisike, tari Lahbako ajeg kagelar nalika bersih desa alias reregeng sawise panen. Ananging sawise tansaya kawentar, tarian iki uga kagelar nalika ana pahargyan tinamtu. Adicara pamarentahan, contone. Tari Lahbako dadi beksan pambage tekane para uleman. Saking regenge pawiwahan nalika ana lelipurane Lahbako, tarian iki banjur dikreasi maneh dening seniman ngenggon. Gerakane dhasar saemper karo tarian kang wis ana, amung saperangan wae kang diowahi, dadi luwih sigeg lan rancak. Semono uga busanane penari, rada beda. Tetep nganggo kebaya, ananging ngisorane jarik kang ditata mekrok. Lan ana saemper iket dhuwur kang ngrenggani rambute para penari. (lie)
Panulis: Elisabet Novililiana
Panitipriksa: Redhaksi Panjebar Semangat







