Taun 2019, Apa Bedane

Presiden dipilih dening MPR. Dene Gubernur dipilih DPRD Provinsi kang diangkat Presiden lewat Menteri Dalam Negeri. Lan Bupati/Walikota dipilih dening DPRD Kabupaten/Kota diangkat dening Menteri Dalam Negeri lewat Gubernur. Dadi aja gumun yen ing jaman semana pimpinan daerah iku luwih taat marang atasan kang ngangkat dibandhingake karo DPRD utawa nglayani masyarakat. Amarga tanggungjawabe ora marang DPRD nanging tanggungjawabe menyang kang ngangkat. La menyang DPRD ora tanggung jawab nanging mung menehi keterangan. Mula ing jaman iku utawa jaman UU No: 5 tahun 1974 ngenani bab Pemerintahan Daerah DPRD iku mung stempel pamarentah wae.

Jaman iku kaya demo dilarang. Pers dikendhalekake dening pemerintah, yen nganti ora manut utawa beritane ora laras karo kawicaksanan pemerintah bakal dielikake utawa ditegur. Yen meksa ora manut media mau ditutup utawa dibredel.

Dadine pawarta ing jaman iku kaya-kaya sragam. Ora ana kang beda. Ya pawarta ana TV, radio lan media cetak utawa koran lan majalah. Dadine ora ana jenenge kampanye kaya saiki iki, saben-saben ana kampanye lan pasang gambar-gambar nganti tekan karang pedesan. Terus entek plastik lan kertas pira wae. Kamangka kang kampanye akeh banget mau. Ya pilpres, Pileg wiwit pusat nganti daerah. Wis pokoke kang jenenge gambar utawa photo calon ana ngendi-endi.

Nanging emane, kok ya akeh kang nglanggar aturan. Mesthine ora antuk dipasang ana ing fasilitas pamarentahutawa dipaku ana wit-witan meksa ana wae kang nglanggar. Ya mesthi wae Satpol PP kang aparat kang negakake peraturan daerah kudu netertibake atribut kampanye mau.

Kampanye ing jaman saiki ora mung pasang gambar, media TV, radio apa media cetak. Akeh media kang bisa kanggo kampanye kaya media kang anyar yaiku media sosial kaya kang dak andharake ana ing nduwur. Wis mbayare ora larang bisa tekan ngendi-endi. Nanging yaiku ana emane. Mligi kampanye ana media sosial kok kaya ora ana etika babar pisan. Isine kaya-kaya perang uraf- syaraf kae. Siji mbela sijine. Kanthi cara kang kurang ana unggah-ungguh. Ukara-ukara kang mesthine ora pantes dianggep biasa.

Malah isu Sara asring dienggo senjata kanggo nyerang mungsuhe. Yen maca media sosial kaya-kaya miris ndeleng kahanan mau. Kok bangsa iki dadi kaya mengkene. Kandhane bangsa Indonesia iku bangsa kang toleran, ramah kok kaya-kaya ora ana buktine. Kadhang aku khawatir lan wedi dhewe yen mranggulangi kahanan kaya mengkene mau. Dak kira para maos uga padha karo aku kang dipenggalih ngadhepi swasana saiki iki.

Aku kok banjur kelingan apa kang dingendikakake Prof DR. Boediono nalika pidato ana pengukuhan Guru Besar UGM dhek tanggal 24 Pebruari 2007. Ana ing pidato pengukuhan Guru Besar mau Prof DR Boediono mratelakake yen ing pengalaman empiris antarane taun 1950-1990-an demokrasi langsung iku perlu syarat. Syarat mau salah sijine yaiku kemakmuran kang diukur saka pendapatan per kapita. Yen negara kang nganut demokrasi langsung mau pendapatan per kapita isih 1500 dollar diramalake yen umure demokrasi mau mung limang taun. Bubar iku bakal terus ana konflik. Amarga rakyate isih mlarat.

La yen tingkat pendapatan per kapita antarane 1500-3000 dollar diramalake umur demokrasi mau wolulas taun. La kamangka penda- patan per kapita Indonesia iku isih antarane 4000 dollar. Yen dietung wiwit reformasi nganti saiki iki, umur demokrasi kita kok ya ngepasi wolulas taun. Apa ya demokrasi langsung ana Indonesia bakal tamat? Dakkira iki pitakonan kang wajar lan umum. Nanging manut panemuku kok ora mengkono.

Demokrasi ana Indonesia bakal terus ngembaka. Lan ketambahan, bangsa Indonesia iku bangsa kang wis diwasa. Prastawa apa wae wis kelakon. Wiwit perjuangan nganti prastawa kang nggawe tatu kaya Gestok, reformasi 1998 kang nggawe korban lan uga konflik ana kalbar, Sampit, Ambon, Poso lsp. Kabeh bisa kasil dilewati kanthi diwasa.

Taun 2019 pancen taun politik. Saiki ana media sosial kaya-kaya ana perang campuh kae. Nanging kanggoku iku ngono mung kemba- ngane kompetisi. Aku tetep optimis yen Pilpres lan Pileg bakal sukses. La yen ora optimis kepriye. Kamangka kunci sukses rak ya kudu optimis. Pancen demokrasi langsung iku nduwe konsekuensi. Ya kang kaya saiki iki salah siji konsekuensine. Nanging sepisan maneh kita kudu yakin yen kita bakal bisa ngliwati taun politik iki kanthi becik. Amin.**

Diembani dening: Bupati Magetan Dr. Suprawoto, S.H., M.Si.
Edhitor: Tim Redhaksi Panjebar Semangat Digital

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 292

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *