



Donyane pertanian ora uwal saka inovasi. Durung suwe iki Manajemen Operasional Daya Tarik Wisata (MODTW) Desa Penebel, Kecamatan Jatiluwih, Kabupaten Tabanan, Propinsi Bali nggunakake teknologi drone kanggo ngrabuk sawah (subak) ing Telabah Gede, Beskalung, Kedamian, Gunungsari, Umakayu, Kesambi lan Umadatu. Drone jinis DJI Agras T40 iku bisa nampung pupuk cair 40 liter. Dening operator cacah telu, drone iku nuli diaburake kanggo nyemprot taneman pari saka gegana. Sesawangan mau dadi daya tarik dhewe tumrap wisatawan asing. (Foto: Nyoman Hendra Wibowo/Antara)