Tetep Obah Mubeng ing Mangsa Rendheng

UDAN nggrejih wis rata dumadi ing sakehing tlatah. Esuk katon padhang, awak mak prepet mendhung peteng, lan banjur udan. Malah kala-kala udah riwis-riwis wiwit esuk, ora leren nganti wengi.

Kanggone bocah-bocah kang adate dolanan ing njaban omah, swasana udan njalari kerep ora bisa nindakake kasenengane. Ora sethithik wong tuwa kang ora ngolehake putrane dolanan ing njaban omah nalika udan. Padha kuwatir yen banjur ketaman lara.

Dolanan kang bisa katindakake ing njero ngomah kanthi diuwasake ibu. Foto-foto koleksi Buah Hati

Sakjane udan mono ora njalari lara. Jenenge banyu, dudu pawitane penyakit. Nanging, banyu udan, apamaneh ing jaman saiki, wis kena polusi. Kaya ta kacampur keluk knalpot lan pabrik- pabrik, uga saweneh rereged kang dadi punjere penyakit. Banjur kepriye amrih para mudha ora mung thenguk-thenguk apamaneh ngringkel ing njeron kemul nalika udan? Wong tuwa kudu kreatif ngajak putra-putrine nindakake saweneh kegiyatan ing njero omah. Saengga sanadyan ditindakake ing njeron ruwangan, bocah seneng lan ora bosen.

Conto kang paling lumrah yaiku mangsak bebarengan. Pirang dina sadurunge, dianakake rembugan, mangsakan apa kang arep digawe. Bisa uga nggawe roti jajanan liyane. Banjur nyelakake blanja bahan-bahane. Luwih prayoga yen anggone blanja uga ngajak gegantilaning ati. Saengga generasi penerus kasebut bisa ajar milih lan tetuku kang wicaksana. Bisa milih olah-olahan kang prasaja. Kaya ta sop, kang cocok dirahabi nalika hawa atis amarga udan. Bumbu- bumbu kang kinandhut ing sop uga becik kanggo nulak flu, penyakit kang kerep njangkiti ing mangsa udan. Bisa milih sop daging sapi, pitik, utawa iwak banyu. Yen seneng sayuran, sop brokoli lan bakso uga oara kalah eca.

Nanging yen kepengin nggawe nyamikan kang rada njlimet, bisa milih nggawe lumpia utawa tahu isi (tahu susur). Kanthi isen-isen tauge lan irisan wortel, bisa katambah suwiran iwak pitik utawa urang, kawungkus kulit lumpia utawa tahu pong. Nyamleng tenan kanggo kanca maca buku nalika udan ing wayah sore.

Maca dongeng uga bisa dadi kegiyatan kang nyenengake. Ibu kang maca, kanthi piranti kanggo mragakake. Ora mligi kudu boneka. Bisa uga perkakas pawon, kang dislarasake karo isi dongenge. Malah, yen ngepasi bocah-bocah lagi padha nglumpuk, bisa nglakonake sandiwara. Manganggo jarik lan piranti sacukupe kanggo njangkepi kostume. Crita Andhe Andhe Lumut, utawa Sura lan Baya, sajak gayeng dilakonake.Yen bocah-bocah tetep kepengin dolanan, Ibu bisa ngancani sinambi nggatekake sapari polahe bocah. Dolanan boneka utawa montor-montoran bisa katindakae ing njeron ruwangan. Malah, ing jaman modern, ora bisa diselaki bocah-bocah ana kang seneng dolanan game ing laptop utawa tablet. Kang kudu digatekake, yen bocah dolanan ana njero omah, yaiku papan anggone padha dolanan. Adate ana ruwang tengah utawa ruwang kulawarga. Yen seneng padha klesotan ana njubin, kudu dipesthekake papane resik. Yen perlu digelari klasa utawa karpet, amrih ora atis.

Kejaba iku, bocah dijak milih dolanan kang ora mbebayani. Yen senengane bal-balan, amarga ana njero omah ya disumenekake dhisik. Ganti dolanan liyane. Yen meksa bal-balan kepara bisa gol temenan alias mecahake cendhela.

Lan sing ora kena lirwa maneh, yen isih mangsane sekolah, anggone dolanan aja keladuk banjur lali sinau lan nggarap PR. Bisa wae amarga ketungkul dolanan banjur ngantuk, la ya bablas wae merem amarga wis ana njero omah. Adate yen anggone dolan ing njaban omah, sawise mulih banjur ngaso lan adus dhisik, iki ora. Swasana adhem njalari anggone bobok uga jenjem, nganti tengah wengi utawa malah parak esuk lagi tangi. Kepara sok malah kerainan.

Panulis: nn
Panitipriksa: Redhaksi Panjebar Semangat

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 292

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *