TIMNAS Indonesia bali gawe kejutan kanggo sutresna bal-balan ing Tanah Air kanthi nelukake mungsuh bebuyutan Malaysia kanthi skor 4-1, Minggu kepungkur (19/12/2021). Kemenangan iku ndadekake skuad Garuda ngrebut stempel juara Grup B lan maju menyang babak semifinal Piala AFF 2020.
Timnas Indonesia tansah tampil tangguh ing saben pertandingane. Berkat performane sing paling apik, Skuad Garuda saiki dadi salah sijine tim kuwat kang diwaspadani mungsuhe merga wis dadi Juara Grup B kanthi ngoleksi 10 poin sampurna saka 4 pertandingan. Ora mung iku, Indonesia uga dianggep unggul jroning ngecakake taktik bertahan lan santer nyerang sasuwene ing lapangan. Saengga, ora perlu disumelangake maneh tim momongane Shin Tae-yong iki kaping telu oleh kemenangan yaiku nalika lawan Kamboja, Laos, Malaysia lan njaga gawang nalika lawan Vietnam. Ing wektu kang padha, Vietnam kasil nggulung Kamboja tanpa bales kanthi skor (4-0). Nanging, saka asil ksb mung ndadekake Juara bertahan Vietnam dadi runner up Grup B.

Ndeleng kilas balik perjalanan Vietnam sasuwene pertandingan Piala AFF 2020 , Vietnam pancen dianggep nduweni kecerdasan, chemistry, mental, lan fisik kang kuwat. Bab iku ora perlu disumelangake maneh merga Vietnam uga kaping 3 kasil menang lawan Laos, Malaysia, Kamboja lan imbang lawan Indonesia.
Sabanjuure, Evan Dimas sakancane saiki kudu siap nerusake perjuangane ing babak semifinal AFF Suzuki Cup 2020. Skuad Garuda bakal ngadhepi tim tuan rumah Singgapur
Striker Garuda Kurang Gacor
Timnas Indonesia wis ngliwati fase grup ing Piala AFF 2020 kanthi asil kang maremake. Jroning kaping telu tandhing terakhir lawan Kamboja, Laos, Vietnam lan Malaysia, skuad Garuda sukses methik 10 poin saka kaping telu menang lan sepisan seri. Timnas Indonesia wis ngliwati sawijining rintangan kanthi becik banget. Shin Tae-yong pantes oleh pangalembana dhuwur banget saka sutresna bal-balan ing Tanah Air. Sebab, berkat tangane jroning ngracik strategi, permainan Timnas Indonesia dadi angel diwaca lawan. Iku kang dadi senjata utama Timnas Indonesia. Nanging ngadhepi dhuel leg pertama semifinal Piala AFF 2020 lawan Singgapur, Shin Tae-yong kudu enggal tata-tata. Dudu mung saka babagan kebugaran pemain kang kudu disiapake, nanging insting para penyerang skuad Garuda kang durung ngomong akeh ing kompetisi bal-balan sa-Asia Tenggara iki. Yen ndulu marang kiprahe Timnas Indonesia sasuwene ing babak penyisihan Grup B, jenderal lapangan skuad Garuda justru kang kerep gawe yutan pasang mata kesengsem. Kepiye ora, ana pemain tengah lima kang wis nyumbangake sangang gul saka total 13 gul ing Grup B. Yakuwi Evan Dimas (2), Rahmat Irianto (2), Ramai Rumakiek (1), Witan Sulaeman (1) lan Irfan Jaya (3). Dene Ezra Wilian, kang notabene mujudake penyerang tunggal malah mung bisa gawe gul sepisan wae. Kanthi tembung liya, produktivitas penyerang Timnas Indonesia isih kurang tajem katimbang para pemain ing barisan tengah. Iki kang kudu enggal didandani ngelingi Singgapur dudu lawan kang gampang. Apamaneh Singgapurmain ing ngarep pendukunge dhewe lan iku bakal nambah motivasi para pemain tuan rumah bisa aweh asil paling apik. Jroning urusan gol, Singgapur pancen lagi ngoleksi pitung gul wae. Telu ing antarane lair liwat situasi bal mati. Cathetan iki bisa dadi bahan kanggone Shin Tae-yong minimalisir lawan oleh sepak pojok apadene tendhangan bebas ing area kang mbebayani.
Panulis: d/ist
Panitipriksa: Redhaksi Panjebar Semangat






