SEPEDHAH motor dadi salah siji kendaraan kang bakal digunakake dening masyarakat jroning momen libur Nataru. Iki selaras karo prediksi Kementrian Perhubungan (Kemenhub), yakuwi 16,42 persen masyarakat bakal nggunakake kendaraan rodha loro jroning liburan iki. Faktane, sepedhah motor pancen bisa dadi alternatif transportasi kang praktis kanggo ngancani mobilitas sasuwene liburan. Nanging senajan mangkono, kudu tetep dielingi yen arus lalu lintas sasuwene liburan biasane bakal luwih akeh. Mula pengendara kudu waspada lan luwih ngati-ati.

Ing ngisor iki kita aturake tips sepedhahmotoran kang aman lan nyaman jroning liburan Nataru. Ing antarane yakuwi:
1. Pesthekna kondisi pengendara jroning kahanan sehat
Sepedhahmotoran mbutuhake daya tahan awak kang kuwat. Sebab, bakal kena langsung hawa panas utawa adhem. Mula kudu ngatur wektune ngaso sing cukup, uga aja kakehan begadang sadurunge nindakake sepedhahmotoran kang adoh.
2. Pesthekna kondisi sepedhah motor jroning kahanan apik sadurunge digunakake
Cek kondisi rim, rante, aki, oli, ban lan lampu-lampu sadurunge sepedhahmotoran, utamane ngecek lampu ngarep, rem mburi lan sein.
3. Nggunakake perlengkapan wajib
Pengendara wajib nggunakake perlengkapan sepedhahmotoran kang selaras karo standar kanggo nyengkuyung keslametan lan kenyamanan, kaya upamane jaket, sarung tangan, helm mawa tutup bening lan sepatu. Pengendara uga becike nggawa perlengkapan cadangan kayadene jas hujan setelan lan sepatu karet.

4. Mangerteni rute lan estimasi
Sing ora kalah penting yakuwi kudu mangerteni rute kang bakal diliwati lan estimasi wektu nalikane sepedhahmotoran. Saengga bisa nyiapake kabutuhan nalika sepedhahmotoran mau, wiwit saka inuman kang digawa, cemilan, engga panggonan mandheg kanggo ngaso ing dalan.
5. Nggawa barang sacukupe wae
Pengendara becike nggawa barang seperlune wae kang dadi prioritas selaras kapasitas sepedhahmotore. Utamane nalika sepedhahmotoran karo keluarga utawa kanca-kanca, mesthi bakal akeh barang sing digawa. Pengendara bisa nggunakake sepedhah motor kanthi bagasi kang amba sarta manfaatake double hook utawa gantungan barang gandha kang ana ing sepedhah motor.
6. Manfaatake fitur ing sepedhah motor kanggo kabutuhan darurat
Yen lelungan menyang papan wisata anyar, kerep pengendara butuh arahan rute kang arep diliwati. Pengendara bisa ngecek rute mau ing smartphone bolabali tanpa perlu kuwatir kentekan batrei kanthi manfaatake fitur electric power socket utawa fitur pengisian daya darurat. Mangkono sawenehing tips kang perlu digatekake nalika arep sepedhahmotoran ing wayah liburan. Muga-muga liburanmu penak lan nyenengake ya.
Panulis: d
Panitipriksa: Redhaksi Panjebar Semangat





