
Warga ngusung tumpeng lan ingkung pitik jroning tradhisi Saparan sarta donga kamardikan ana perenging Gunung Andong, Dusun Mantran, Girirejo, Ngablak, Magelang, Jawa Tengah, Rebo (13/8/2025). Tradhisi Saparan utawa Merti Dusun kang bebarengan tibane karo sasi kamardikan Republik Indonesia kuwi minangka wujud syukur marang Gusti kang Mahakuwasa, mesisan ndongakake arwahe para pahlawan kamardikan kang wis sumare. (Foto Antara/Anis Afzudin/tom)