Tradhisi Ulah Tetanen Makepung Lampit lan Ngaseuk

Ulah tetanen dadi penggaotan paling lumrah ing Nuswantara. Meh kabeh papan kena kanggo nandur bahan pangan. Sawah ditanduri pari, tegalan ditanduri jagung, tela, uwi, lsp. Gegayutan karo bab kasebut, ana maneka ritual tradhisi kang mbarengi.

Kaya kang ajeg kagelar ing Kabupaten Jembrana Bali, ana tradhisi Makepung Lampit. Iku mujudake ritual warisane leluhur kang isih diuri-uri tekan dina iki. Salah sijine dening warga Subak Peh Kajo, Desa Kaliakah, Kecamatan Negara, Jembrana. 

Ritual iki digelar saben ngarepake subak utawa wayahe tandur. Kawiwitan ngajakan utawa gugur gunung kanggo ngratakake lemah sawah. Arane melasah. Piranti kang digunakake yaiku lampit. 

Ngaseuk warga Ciptagelar Jawa Barat

Kebo sepasang wajib ana ing ritual iki. Kebo kasebut digiring menyang sawah lan urun tenagane ngluku sawah. Yen uwis banjur melasah utawa ngratakake lemah. Warga ngenggon uga nyebut ngelampit jalaran migunakake lampit. Lha yen wis kabeh ditindakake, sawah lagi siyap ditanduri pari. 

Dene makepung lampit yaiku nalika nindakake ritual kasebut sinambi dinggo balapan. Warga ngendhaleni kebo sepasang, adu rikat olehe ngratakake pasiten. Angkahe ora kok adu ketangkasan utawa kakuwatane kebo. Ananging ngreregeng mangsa tandur kanthi suka bebarengan. 

Dene warga ing Jawa sisih kulon, penere Ciptagelar, nduwe tradhisi kang arane ngaseuk. Saka tembung “aseuk”, teken saka kayu kang ukurane sagegeman. Perangan pucuke digawe lancip, lan piguna kanggo ndhudhuk lemah ing tegalan. Sawise iku, ya ing bolongan asil dhudhukan mau, wiji pari ditandur, minangka tandha miwiti tetanen. Yen wis katindakake ing tegalan, banjur geser, katindakake ing sawah.

Sadurunge ngaseuk, warga kudu wis nyepakake tegalan sarta sawah amrih wis cocog kanggo ditanduri. Wektune, ya nalika lintang kerti (rasi pleides) sumunar. Mula ana unen-unen: tanggal kerti turun wesi, kang tegese nalika lintang kerti katon, wayahe ngudhunake piranti tetanen.

Makepung lampit warga Jembrana Bali

Sawise iku, warga Ciptagelar ngenteni sumunare lintang kidang, alias rasi orion. Ya ing mangsa iki, kabeh cancut taliwanda mara menyang tegalan lan sawah kanggo reresik. Suket-suket dijabuti nganti resik, dene wit-witan gedhe ora diusik. Yen suket-suket iku wis garing, banjur dibakar. Iki ya ana unen-unene: tanggal kidang turun kujang. Ngaseuk kang katindakake sawise lintang kidang wiwit alihan, uga dijlentrehake minangka “nibakeun sri ka bumi” utawa nibakake sri menyang lemah. 

Wengi sadurunge ngaseuk, kagelar salamet ngaseuk utawa selametan, kang dibacutake maca parikan sewengi natas. Sing maca juru pantun, sinambi methik kecapi/ siter. 

Esuke, ngaseuk katindakake, diwiwiti ritual doa amit lan mbakar menyan ing pungpuhunan, saemper gunungan wayang ginawe saka nam-naman ron rotan. Kairingin swara angklung buhun, sesepuh kampung lungguh sila mimpin upacara kasebut. Ing ngarepe ana boboko utawa wakul isi wiji pari, suruh sajodho, dhuwit cring, lan pusaka pamelakan. Sawise doa amit, dibacutake kanthi mamah panglay lan nyemburake nyang pungpuhunan sarta keblat papat. Sabanjure, pemimpin upacara nlesepake tangane ing boboko, njupuk wiji pari. Wiji-wiji pari kang tumemplek ing tangan iki, bakale dijupuk rong iji dening semahe pempimpin upacara mau. Lan sabanjure, wiji pari cacah loro kang arane sakuren iki bakal ditandur sepisanan. Bubar iku, warga bisa nindakake ngaseuk rame-rame ing tegal lan sawahe.

Panulis: Elisabet Novililiana
Panitipriksa: Redhaksi Panjebar Semangat

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 292

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *