Banyu saka selang dilepake ana ing sawah pinggir sumur
PRAHARA El Nino taun 2023 iki pancen ngedab edabi. Sasat sak donya padha kontrang kantringan polahe amarga hawa panas kang ora mendha, malah sansaya suwe sansaya panas. Ora ana udan babar pisan. Sawah garing, sumur asat, belik lan sendhang pada surut banyune. Kabeh wong padha sambat, luwih luwih para kadang tani ing padesan. Sawahe padha digawe “bera” karana larang banyu. Menawa ana banyu resik, luwih becik kanggo nyukupi kebutuhan urip padinan. Bab iki kang gawe pemerintah dhaerah cancut taliwanda aweh pambiyantu marang para warga kang “krisis” banyu. Ananging pranyata kekarebane pemerintah ora jumbuh klawan kekarepane sawenehing warga. Kayata kang kedaden ing Desa Sejati, Sumberarum, Moyudan Sleman.
Desa kang mapan ana sapinggire Kali Progo iki klebu unik. Menawa desa desa liyane rumangsa seneng oleh bantuan banyu seka pemerintah, nanging desa iki malah “nampik”. Kenangapa? Pranyata, warga Sejati duweni cara dhewe jroning nyukupi kebutuhan banyu ing desane, Kepara, pakulinan iki malah dadi tradhisi. Tradhisi kuna kuwi yaiku “Lep Sumur”, utawa ngelepi sumur.
Ing sapinggire Kali Progo katon sawetara pawongan padha lungguh. Wedang lan nyamikan desa kayata meniran, nagasari sumadya ana ing meja kayu kang prasaja. Para warga Desa Sejati sajake lagi duwe gawe. “Nalurekake para sepuh biyen iki Mas…. lep sumur,” ature Mbah Jumingun nalika Penulis teka, sapa aruh lan banjur lungguh sedheprok bareng klawan para warga. Mbah Jumingun sakanca padha lep banyu ing sapinggire Kali Progo.
Kacaritakake kala semana, para sepuh anggone lep sumur migunakake banyu seka saluran banyu gaweyan Landa yaiku Saluran Banyu Van Der Wijk utawa luwih kawentar kanthi jeneng Buk Renteng. Karana kahanan banyu seka Van Der Wijk ora bisa nyukupi, lan kepeneran ana sumur ing desa mula para warga padha manfaatake sumur sumur kuwi, nyonto carane para sepuh anggone ngelebi sumur.
Sumur sumur sing ana saiki kuwi wis dibangun dening PUPR ana ing sadawane Kali Progo sisih wetan. Ing Desa Sejati ana sumur papat kang kanggo nyukupi kabutuhan warga. Saben sumur kanggo wong sak RT mula padha giliran anggone ngelepi.
Carane ngelepi sumur yaiku nyedhot banyu seka Kali Progo. Adohe kurang luwih 100 meter saka sumur. Anggone nyedhot migunakake mesin disel kang dicemplungake kali. Seka kali, diilekake munggah migunakake selang gedhe. Nah unike, banyu saka selang kuwi ora diilekake ana sumur, ananging ming dilepake ana sawah sakiwa tengene sumur. Kanti kaya mengkana, banyu kali bakal kesaring alami dening lemah pasir banjur mrembes mlebu ana ing sumur. Kanthi cara mengkono, banyu rembesan mau wis otomatis dadi resik lan bening merga kesaring, saengga aman kanggo kebutuhan warga, klebu uga aman diombe.
Sawise banyu mlebu ana sumur kang jerone udakara 14 meteran, banjur diilekake tumuju tandhon tandhon banyu ana ing tengah tengah desa. Pancen butuh tenaga pikiran lan ragat kang ora sithik. Bab iki karana sumur kang papane ana ngisor sak cerake kali, lan desane ana ing dhuwur kang adohe udakara 300 meter. Anggone ngunggahake banyu seka sumur, mawa pipa kang dipendhem tumuju tandhon banyu ing tengah desa. Seka tandhon banyu kuwi banjur mili menyang omah omahe warga desa. Lantip tenan!

Sumur kang wis dibangun dening PUPR, kiwa tengene dilep i banyu saka Kali Progo.
“Kok sing jagi tiyang kathah Mbah?” pitakonku.
“Jaga disel karo jaga kebake banyu Mas, Udakara pitung jam lagi kebak sumure,” ujare Mbah Mingun.
Tradisi ngelepi sumur iki wis ana kawit jaman simbah simbahe. Ngelepi sumur diadani ing mangsa mangsa larang banyu. Nalika wis wayahe udan lan banyu wis gampang, lep sumur uga bakal dilereni.
Kang paling rekasa anggone lep sumur iki yaiku nalika kudu ngusung disel ing kali. Migunakake montor karana disele abot, lan dalane tumuju kali kuwi rumpil banget. Karo maneh kudu dijaga amarga kepiye wae ana ing tengah alas kuwi rawan ilang.
Tradisi iki sawetara mung ana ing Desa Sejati. Bab iki amarga sumur sumur ing desa iki kepeneran sakiwa tengene lemahe pasir, dadi bisa kanggo nyaring banyu. Dene desa desa liyane, lemahe lemah tegalan. Dadi senadyan ana sumure, ananging tradisi lep sumur ora bisa ditindakake amarga kahanan lemahe ora bisa nyaring banyu.
“Oooalah…. mila kula bingung Mbah…. sumur kok dilepi…” ujarku.
“Lha pancen sing dilepi ki sumure je Mas hahaha….” Mbah Mingun sakanca padha ngguyu ger-geran.
Penulis : Dwi Ony Raharjo
Edhitor : Tim Redhaksi Panjebar Semangat Digital







