Serial asesirah Trio Bintang Lima bakal gage tayang ing YouTube resmine Dinas Kebudayaan Kota Yogyakarta. Critane ngangkat babagan empan papan kang dadi salah siji adat pranatan sajrone memangun pasrawungane bebrayan Jawa, mligine tumrap bebrayan Yogyakarta kang dadi punjere serial iki. Wis jamak lumrahe dene sapa wae sing dumunung ing tlatah Yogyakarta ngugemi adat kasebut sajrone padinane. Sing nom ora kena lirwa.

Serial Trio Bintang Lima nyritakake sawijining papan panginepan (homestay) parasaja ing Yogyakarta kang meh nemahi bangkrut sawise jurgane seda. Papan panginepan sing maun tansah antuk predhiksasi bintang lima mungguh pambijine para pangujunge kuwi saiki dikemonah dening nom-noman karan Kevin (diparagani dening Kevin Abani) minangka putune juragane papan panginepan kasebut.
Sejatine, Kevin wis suwe mrantau menyang Jakarta. Nanging, sasedane simbahe (Dyah Mulani), dheweke mutusake bali maneh menyang Yogyakarta kanggo nerusake bisnis papan panginepane simbahe kasebut bareng rong kancane yakuwi Indah (Elissa Knapp) lan Obi (Yakobus Rixon Sangur).
Indah kuwi kanca rumakete Kevin kang wis sok bareng wiwit mangsa cilike, tur raket uga marang jenate simbahe Kevin. Sauntara kuwi, Obi kuwi pawongan asal Papua kang wis suwe makarya ing papan pangiepan kasebut minangka juru reresik.
Bareng lelorone, Kevin mbudidaya papan panginepane amrih lumakune bisnise lumaku manut padatane lan yen bisa luwih rame maneh. Dheweke ora wedi kanggo nganakake dhiskon gedhen lan nganti nekakake sawijining influencer kesuwur kanggo mromosekake papan panginepane kuwi.
Emane, upayane Kevin kanggo njaga predhikasine papan panginepane kuwi ora lumaku mulus. Nganti nuju sawijining dina, dheweke wiwit ngrumangsani sawijining wewadi, ya wewadine simbahe sing bisa njalari papan panginepane kuwi bisa tansah rame pangunjung sasuwene iki.
Wewadi kuwi kawiyak kanthi ora sengaja nalika Obi kesetrum listrik papan panginepane kuwi banjur kesurupan kumarane simbahe Kevin. Ya rikala kuwi simbahi nuduhi Kevin yen ora kena nglirwakake adat empan papan kang sasuwene iki diregem yekti dening simbahe lan sakabehe wong Yogyakarta.

Serial Trio Bintang Lima nggambarake adat empan papan kanthi kebak gegojegan, mula pasugatane ora katon ngguroni pamirsane. Adat kasebut minangka pranataning bebrayan amrih bisa ndunungake dhirine pribadi kanthi trep slaras karo kahanan lan dununge papane.
Adat empan papan sing diwulangake sajrone serial kasebut ngenani kaprigelan maca sasmitaning jaman, tepa slira, lan ngleburake dhiri marang adat lan tatakrama kang dicakake dening bebrayan. Klebu uga sikap ngerteni wewatesaning bebrayan bab endi sing lumrah klakon endi sing ora, sarta tansah setiti lan ngati-ati sajrone tumindak.

Kepala Dinas Kebudayaan Kota Yogyakarta, Yetti Martanti kang ndhapuk minangka pananggung jawab serial iki nyethakake lamun adat empa papan sajrone serial Trio Bintang Lima bisa dideleng saka pamaragane Kevin sajrone crita kang sadurunge cuek lan ora tanggap mring sasmitaning kahanan banjur bisa owah dadi sumeh lan semanak marang sakabehe pangunjunge papan panginepane.
Adat empan papan kang diangkat sajrone serial iki, miturut katrangane Yetti, dudu saderma praktek saben dinane, nanging uga dadi bageyan panguripane bebryan Yogyakarta kang asumber saka babagan aruh (grapyak), gupuh (rikat nenandang), lungguh (nyumanggakake), lan suguh (siyaga acecawis).
“Adat-adat kasebut sing mujudake jati dhirine bebrayan Yogyakarta. Lumantar serial iki, adat pranataning kabudayan Jawa sing diugemi dening sakabehe wong Jawa mligine masarakat Yogyakarta bisa sumrambah menyang genrasi mudha kanthi nylarasake basa sing nut jaman klakone tanpa “kelangan deleg,” ujare Yetti sajrone acara pemutara sepisanan serial Trio Bintang Lima ing Ruang Science Theater Taman Pintar Yogyakarta, Kemis (22/1/2026).
Ora mung minangka pameling babagan empan papan wae, serial Trio Bintang Lima uga nuduhake sebab geneya wong Yogyakarta tansah ditresnani dening sapa wae, klebu pendatang. Salah sijine ya merga krana sikap sumeh lan semanake wong Yogyakarta kang tansah tinarbuka marang sapa wae tanpa kenal asal lan golongane.
“Nah kuwi bisa dideleng saka pamilihe parogi karan Obi minangka wong asli Papua. Iki minangka pratandha yen Yogyakarta kuwi wis maneka werna bebrayane. Banjur, papan panginepan ing serial iki dadi papan kumpule sakehing wong kanthi maneka werna budaya lan golongane,” ujare Siska Raharja minangka prodhusere serial Trio Bintang Lima.

Simbul-simbul kang kebak makna kasebut banjur dibungkus karo genre sandiwara gegojegan lumantar kumarane simbahe Kevin kang teka maneh sumusup marang ragane Obi. Lumantar cara kasebut, adat empan papan, unggah-ungguh, lan pranatane bebrayan Yogyakarta bisa disuguhake lumantar serial kanthi cara sing prasaja ning penak tinampane.
“Geneya kok serial iki mawa genre gegojegan (komedi)? Sebab genre kasebut ing rejaning jaman iki sipate adhaptif lan bisa dinikmati sapa wae. Aluring critane bisa disuguhake kanthi cara sing gampang tinampane tanpa ngguroni,” ujare sutradharane serial Trio Bintang Lima kang uga ndhapuk minangka panulis naskahe, Lanang Gigih.
Siska uga njlentrehake lamun format piilihe format serial iki kanggo menehi ruang kanggo pangrembakane pamaragane paragane kanthi luwih organik lan manut undhak-undhakane. Serial iki kadhapuk saka wolung episodhe lan bakal gage tayang ing YouTube. Serial iki gratis, sapa wae bisa nonton.Lumantar serial Trio Bintang Lima, Dinas Kabudayan Yogyakarta ngajab marang masarakat, mligine genrasi mudha murih bisa mawas budaya Jawa kanggo mangun pranataning urip sing sipate relevan lan kudu dileluri supaya ing dina tembe ora njalari wong Jawa ilang Jawane lan luput saka oyod lajere.
Panulis : Ahmad Rizky Wahyudi
Edhitor : Tim Redhaksi Panjebar Semangat Digital






