Trump marang AP: “Ora Nulis Teluk Amerika, Ora Kena Golek Warta!”

Wartawan kantor berita The Associated Press (AP) ora diolehi liputan nalika Presiden Amerika, Donald Trump napak astani perintah eksekutif ing Ruang Oval Gedung Putih. Kang dadi jalarane, AP nandhesake yen ora gelem nulis Teluk Amerika minangka gentine Teluk Meksiko, kaya panjaluke Trump.

“Minangka bebadan pawarta global, AP nyugatake pawarta factual lan ora botsih, ,kanggo milyaran warga ing saindenging donya saben dina,” ujare Pemimpin Redaksi AP, Julie Pace. 

Dina iki, jlentrehe Pace, pihak Gedung Putih kandha yen AP ora nyelarasake tata tulise klawan prentahe Presiden Donald Trump. Yaiku nggenti aran Teluk Meksiko dadi Teluk Amerika. Mula, AP ora diidinake liputan adicara ing Ruang Oval. “Juru warta AP resmi dipenggak mlebu ing papan panggonane presiden napakastani perintah eksekutif,” imbuhe pawestri 42 taun kasebut. 

Pace ora amung gela marang putusane Trump tumrap AP. Ananging uga sumelang, ing tembe bakale menggak jurnalis saka medhia liyane kang ngukuhi paugeran independen.

“Mageri aku sakanca menyang Ruang Oval adhedhasar ukara pawartane AP ora saderma ngrerendhet warga entuk pawarta sing netral. Ananging uga terang-terangan nerak Amandemen Pertama,” ujare Pace kaya dikutip The Guardian lan dilansir CNN.

Asosiasi Wartawan Koresponden Gedung Putih (WHCA) uga ngundamana putusan kasebut srana unggahan ing medhia sosial. “Gedung Putih ora nduwe wenang nemtokake kepriye medhia nglapurake prastawa, lan ora sayogyane ngukum wartawan sing makarya, amung kanthi lelandhesan ora sarujuk marang putusan tata tulise,” ujare Presiden WHCA, Eugene Daniels. Mula, tambahe, putusane pamarentah menggak wartawan AP liputan, ora bisa tinampa nalar.

Donald Trump lan Julie Pace sadurunge congkrah. Foto saka AP

Ora let suwe sawise dilantik, Trump napakastani “perintah eksekutif” kang isine ngowahi jeneng Teluk Meksiko dadi Teluk Amerika. Uga ngowahi tenger Denali, pucuk paling dhuwur ing Amerika Utara, bali dadi Mount McKinley. Iku mujudake arane sing lawas, sadurunge digenti dening Pesiden Barack Obama dhek 2015.

Pirang-pirang dina candhake, AP nerbitake pathokan redhaksi kang isine nandhesake yen AP bakale tetep ngrujuk marang jeneng asline. Sanadyan ta, uga karo ngakoni owah-owahan sing ditetepake Trump. Miturut AP, jeneng Teluk Meksiko wis kawentar wiwit ndhisik, punjul saka 400 taun lawase. Kejaba saka iku, negara-negara liya lan bebadan internasional ora diwajibake ngakoni owah-owahan kasebut.

Ananging beda mungguhe Denali. Jalaran gunung ing Alaska kasebut sawutuhe ana ing wewengkone Amerika Serikat, mula Trump nduwe wenang multak kanggo ngowahi jenenge. Lan AP sarujuk nyebut Mount McKinley.

Pamilihane tembung kaya ing ndhuwur ora amung dicakake AP. Ananging uga ditrapake dening sakehing juru warta lan penulis ing saindenging donya. Kaya ta Reuters. Kang cetha wela-wela beda yaiku Google, kang wis mbabar yen resmi ngowahi arane Teluk Meksiko dadi Teluk Amerika ing Google Maps. (lie)

Panulis: Elisabet Novililiana
Panitipriksa: Redhaksi Panjebar Semangat

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 292

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *