Tulungagung Andhil Gedhe Nyuda Angka Stunting

Pemerintah Kabupaten Tulungagung, Jawa Timur ngalokasekake anggaran  Rp 105,9 miliar ing taun 2025 iki kanggo ngoptimalisasi nyuda cacahe bocah stunting. Wakil Bupati Tulungagung Ahmad Baharudin mratelakake, taun 2024 kepungkur prevalensi mudhune angka stunting wis nggayuh 13,7 persen. “Aku kepengin angka prevalensi stunting kuwi bisa diplened maneh saengga nyedhaki angka 0 persen,” kandhane Baharudin, Minggu, 24 Agustus 2025.

Miturut Baharudin, ing tataran nasional, mudhune angka stunting ing Tulungagung klebu kang paling apik. Taun 2018 kepungkur, ujare Baharudin, prevalensi stunting ing kabupaten kasebut isih 29,62 persen. Brekat gumregute aparat pamarentahan, klebu nggencer asupan gizi marang ibu lan anak, engga taun 2024 prevalensi stunting kari 13,7 persen.

Baharudin kandha, anggaran Rp 105,9 miliar kuwi digunakake kanggo nangani stunting kanthi langsung apa dene ora langsung ing kecamatan-kecamatan. Salah sijine ing Desa Jabalsari, Kecamatan Sumbergempol kang nalika 2024 kepungkur nampa anggaran Rp 667 juta.

“Jabalsari nyumbang angka stunting paling dhuwur ing Tulungagung, yaiku 6,29 persen. Alhamdulillah brekat penanganan sing serius, angka mau mudhun kari 1,59 persen,” tuture Baharudin.

Analis Kebijakan Ahli Madya Direktorat Jenderal Pembangunan Daerah Tertinggal dan Transmigrasi Anastutik Wiryaningsih ngandharake apa sing digayuh Tulungagung banget wigati saengga duwe andhil marang prosentase mudhune angka stunting sacara nasional. Nadyan target ngudhunake stunting nganti 14 persen ing taun 2024 durung kaleksanan, nanging apa sing ditindakake Tulungagung mujudake tren positf lan menehi optimisme marang target sabanjure.“Jawa Timur mlebu 15 besar dhaerah sing bisa ngudhunake angka stunting kanthi becik. Kontribusine Kabupaten Tulungagung cukup gedhe,” kandhane Anastutik. (Antara)

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 191

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *