
Sadawaning garis pantai Bima, Dompu nganti Lombok Timur, Nusa Tenggara Barat (NTB), gumelare tambak uyah katon cumlorot kasentrong srengenge. Sakeplasan sesawangan kuwi mung prasaja wae. Nanging suwaliking kristal putih sing kumilat iku satemene sumimpen prekara lawas sing ora ana karampungane: kepriye nagara sing duwe garis pantai luwih saka 108 ewu kilometer dawane kuwi isih gumantung marang impor uyah?
Kebutuhan uyah sacara nasional ajeg mundhak saben taune. Miturut data Kementerian Kelautan dan Perikanan, taun 2025 iki kebutuhan bahan baku uyah nasional 4,9 juta ton utawa mundhak 2,5 persen saben taune. Ing tengah swasana paradoks mau, NTB nyimpen pangarep-arep nyiptakake swasembada uyah. Nanging gegayuhan kuwi ora gampang diwujudi. Owah-owahan iklim kang mangaribawani ora stabile panas, asring njalari prodhuksi uyah susut.
Wiwit jaman kolonial, uyah wis dadi komodhitas strategis tumrap Indonesia. Walanda yasa sentra industri uyah ana Pulo Medura. Dene dhaerah liya sing potensine ora kalah karo Medura, ditogake ngrembaka saanane. Medura tetep idhentik karo uyah, senadyan sesaingan bisnis iki sacara global wimbuh rapet. Lan NTB tetep ora mlebu etung-etungan senajan prodhuksi uyah ing Bima, Dompu lan Lombok Timur bisa nganti puluhan ewu ton setaun waton digarap serius.
Target prodhuksi uyah Pemerintah Provinsi NTB taun 2025 iki 180 ewu ton saka lahan 9.789 hektar. Nanging kasunyatan ing lapangan adoh karo gegadhangan. Infrastruktur tambak sing winates sarta pengolahan sing isih apa anane, nyebabake prodhuktivitas kurang maksimal. Akses permodhalan marang petani uyah kanggo nggedhekake usahane uga rumpil. Para petani isih kangelan tuku terpal, kompa banyu, sarta piranti modern liyane kanggo ngundhakake mutune uyah.
Sauntara kuwi tata niaga sing njomplang njalari petani kejebak marang tengkulak sing nuku kanthi rega murah. Petani ora bisa suwala merga ora nduweni alternatif pasar sing wani njupuk kanthi rega sing luwih dhuwur. Sejene kuwi kuwalitas uyahe petani tradhisional umume isih endhek (kategori K3 lan K2), saengga durung nyukupi standhar industri upama ditawakake menyang pabrik-pabrik panganan.
Kanggo ngundhakake mutu sarta prodhuktivitase uyah NTB, pamarentah banjur nyiptakake inovasi-inovasi. Salah sijine liwat sistem geomembran. Carane, banyu segara ditampung ana tambak linemekan plastik amrih reregede ora campur karo kristal uyah. Sistem geomembran mbukak peluang panen luwih cepet lan resik. Otomatis kuwalitase uyah luwih becik saengga regane tambah larang. Senajan skalane isih winates, nanging teknologi mau nuwuhake pengarep-arep tumrap petani sing bisa ngakses.
Kebutuhan uyah nasional jutaan ton saben taune, mligine kanggo sektor industri kimia, kaca lan farmasi. Prodhuksi dhalem negri taun 2025 iki dikira-kira 2,25 juta ton, kanthi cadhangan stok tambahan 836 ewu ton. Kanthi mengkono pasokan uyah lokal mung bisa nutup 63 persen saka total kebutuhan. Saka jumlah semono kuwi, yen targete NTB 180 ewu ton, ateges mung nyukupi sebageyan cilik wae.
Telung prekara, yaiku optimalisasi lahan pesisir, panggunane teknologi modern, sarta mbeciki tata niaga, dadi kunci amrih kontribusine NTB marang kebutuhan uyah nasional wimbuh gedhe. Permodhalan sing sabela marang petani cilik, mikuwati koperasi minangka “penghubung” pasar, sarta fasilitas pengolahan sing standhar uga ora kalah wigati ngungkih prodhuksi uyah sing mutune apik. Mung kanthi cara mengkono swasembada uyah bisa kasembadan. Swasembada sing dhampak ekonomine uga dirasakake dening petani sarta mikuwati kedaulatan pangan nasional. Nalika pametune petani stabil, pendidikane anak-anake bisa mundhak becik sing wekasane bakal mikuwati kuwalitas uripe komunitas pesisir. (Antara/Abdul Hakim)
Panulis : Antara
Edhitor : Tim Redhaksi Panjebar Semangat Digital