Walikota Eri Ngajak Warga Njaga Harmoni ‘Kebajikan’, Surabaya Kutha Toleransi

Ing pungkasan taun 2025, Walikota Surabaya, Eri Cahyadi, bali nandhesake komitmené kanggo njaga persatuan ing satengahé keragaman sing ana ing Kutha Pahlawan. Cak Eri ngajab supaya kabeh warga Surabaya, tanpa ndeleng apa suku lan agamane, gotong royong mbangun kutha kanthi semangat toleransi sing dhuwur.

Miturut Walikota Eri Cahyadi, Kutha Surabaya mujudake gambaran cilik saka Indonesia, amarga maneka suku kaya Jawa, Batak, Medura, Ambon, Palembang, nganti suku-suku liyané urip bebarengan karo penganut maneka agama lan padhadene ngajeni.

“Ing Surabaya iki pluralisme. Ana suku Jawa, Batak, Palembang, Medura, Ambon, akeh maneh. Agama ya lengkap, wiwit saka Islam, Kristen, Katolik, Hindu, Buddha, nganti Konghucu. Mula persatuan lan kesatuan iku rega mati,” tandhese Walikota Eri Cahyadi, Minggu kepungkur (21/12/2025).

Walikota sing dikenal cedhak karo wargané iki ngajak kabeh penduduk, apa kuwi sing asli utawa pendatang, supaya padha rumangsa duwé rasa handarbeni Kutha Surabaya. Saengga, kabeh bisa urip rukun lan padhadene njaga kenyamanan lan kaamanan.

“Suku apa wae kita, agama apa wae kita, ing endi sikil kita midak, mula langit sing kita junjung. Ayo Surabaya iki digawe dhéwé kabeh. Dadekna Surabaya kutha sing berkah, makmur, lan padhadene njaga siji karo sijiné. Apa wae sukune, KTP-ne tetep Surabaya,” tambahé.

Minangka wujud dukungan nyata, Walikota Eri Cahyadi duwe komitmen teka ing saben kegiatan adat sing dianakaké déning maneka komunitas suku ing Kutha Pahlawan. Mentas iki, Cak Eri rawuh uga ing acara masyarakat Minahasa lan diangkat dadi warga kehormatan, sarta ngrawuhi acarane komunitas masyarakat Palembang. Langkah iki ditindakake kanggo nuduhaké yen pemerintah kuwi ana kanggo kabeh golongan tanpa pilih-pilih.

“Aku pengin nuduhaké yen Surabaya iku dumadi saka maneka suku. Dadi, aja ana sing kandha ‘aku suku A’ utawa ‘aku agama B’ kanggo mbedakaké awaké. Kabeh mujudake warga Surabaya. Kita buktekake yen kutha iki kebak toleransi, njunjung dhuwur Pancasila, lan guyub rukun,” jelase.

Pungkasan, Cak Eri ngajab anane semangat gotong royong iki dadi dhasar utama majune kutha Surabaya. Kanggone Cak Eri, kekuwatan Surabaya dumunung ing kemampuané nyawijekaké prabeda dadi harmoni kebajikan. 

“Ayo kita tutup taun iki, kanthi padhadene ngajeni lan njaga kenyamanan sarta kaamanan ing Kutha Surabaya,” pamungkasé.

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 292

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *