Nem ndina jrone seminggu puluhan karyawan perusahaan manen pupus-pupus godhong teh ing pakebonan Teh Kayu Aro lengkehing Gunung Kerinci, Jambi. Manajer Unit Usaha Kayu Aro PTPN IV Region 4, Delvi, kandha pihake komitmen njaga kualitase teh ireng kuwi. Nadyan pabrik sing prodhuksi wiwit 1925 kuwi samengko wis nggunakake mesin canggih, nanging panyeleksine mutu, aroma lan rasa tetep ditindakake manual. (Foto: Antara/Wahdi Septiawan)












