Water Castle, Kaendahan Taman ing Jantung Kutha Yogja

Komplek pesiraman kang dikupengi tembok dhuwur iki ana blumbang cacah 3 ing anatarane Umbul Muncar, Umbul Binangun lan Umbul Kuras.

ISTANA Tamansari kang uga kawentar kanthi aran Water Castle mujudake tilas pesanggrahane panjenengan Dalem Nata lan para garwa putra sarta sentana saka Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat. Water Castle kang tegese “istana banyu” jalaran ing njerone akeh tinemu wewangunan wujud blumbangan lan segaran kanthi banyune kang wening kimplah kimplah. Tamansari uga sok karan Freagrant Garden jalaran ing njerone akeh tinemu wit witan lan tandhuran kembang kang amrik arum gandane.

Istana Water Castle dumunung ing kampung Taman udakara 500 meter sakidul kulone Kraton Yogyakarta. Jembare udakara 10 hektar. Ing njerone ngemot 57 wewangunan, ing antarane wewangunan awujud gedhung, blumbangan, kreteg gantung, saluran banyu, tlega gaweyan, pulo gaweyan, mesjid lan lurung njeron lemah.

Racake para wisatawan anggone mlebu menyang komplek Istana Water Castle Tamansari liwat regol sisih wetan kang sinebut Gapura Panggung. Kamangka miturut asil rekonstruksi gambar kang ditindakake dening tim ahli saka Departemen Teknik Arsitektur Fakultas Teknik UGM Yogyakarta, Istana Tamansari iki satemene madhep ngulon. Lan sajake Tamansari iki dening kang mbangun biyen pancen digawe supaya bisa disawang saka keblat papat, yakuwi lor, kidul, wetan lan kulon.

Djoko Soekiman ing bukune kang asesirah Tamansari weton Departemen Pendidikan dan Kebudayaan taun 1993 mratelakake menawa Komplek Water Castle Tamansari dibangun dening Pangeran Mangkubumi kang banjur jumeneng nata ing Kasultanan Ngayogyakarta Hadiningrat kanthi jejuluk Sampeyan Dalem Ingkang Sinuwun (SDIS) Kangjeng Sultan Hamengkubuwono Senapati ing Ngalaga Sayyidin Panatagama Kalifatullah ingkang jumeneng kaping I. Corak arsitekture sing nggabungke cakrik arsitektur Jawa lan Eropa, dirancang dening arsitek saka Portugis arane Demang Tegis, lan Proyek pembangunane dipandhegani dening Tumenggung Mangundipuro. Anggone mbangun kawiwitan taun 1758 kanthi pinaringan candrasengkala awujud naga sakembaran ing sangarepe Gapura Panggung iring wetan kang unine “Catur Naga Rasa Tunggal” tegese taun 1684 Jawa. Sawise rampung anggone mbangun banjur kaparingan candrasengkala kang unine “Lajering Sekar Sinesep Peksi” kang nuduhake angka taun 1691 Jawa utawa 1765 M.

Ing sangarepe pintu gerbang ana sawijining ruangan kang saiki digunakke kanggo dodol tiket tanda masuk ing komplek Tamansari, kang biyene kanggo jaga prajurit. Dadi ora jeneng aneh, yen Istana Tamansari kuwi klebu papan sing wigati lan ora bisa dipisahakake karo Kraton Yogyakarta.

Miturut Djoko Soekiman, istana Tamansari iku biyen dadi papan kanggo mesanggrah utawa paleremane Sri Sultan sakulawarga. Mula ora mokal yen papan iki dibangun kanthi rancangan arsitektur kang modern lan endhah. Disawang saka cakrik arsitekture kayadene urung urung njeron lemah, blumbangan kanggo ciblon, lan payone kang unik, nuduhake manawa Istana Tamansari nduweni langgam arsitektur gabungan China, Arab, Eropa lan Jawa.

Petilasan Pulo Kenanga utawa Pulo Cemethi minangka bangunan induk sungsun 3 kang dhuwure 15 meter, dawane 70 meter lan ambane 20 m. Wewangunan iku duwe kamar kang biyen kanggo nggelar kesenian tari.

Anane langgam arsitektur China bisa diwuningani saka wewangunan payone kang digawe saka semen kanthi garis garis simetris lan ukurane gedhe. Dene cakrik Eropa, mligine seni bangunan bangsa Moor sing asale saka Spanyol lan Portugal, bisa dititik kanthi anane bangunan istana ing sandhuwure lan sangisore banyu, sarta wangunane bangunan kang ana satengahe taman. Kajaba iku, uga tinemu wewangunan lengkung lan cara mbangune IstanaTamansari iki, memper karo Istana banyu (Water Castle) ing Paladeska sacedhake Lesabon. Uga memper karo Istana Emirat ing Alhambra kang biyen tau dadi pusat kekuatan Islam ing Spanyol, sisih kidul, lan uga Istana Air ing Juan Pedro ing Granada.

Dene langgam arsitektur Jawa bisa dipriksani saka pirang pirang wrewangunan sing ana ing papan iki lan uga rerenggan relief ing tembok kang awujud candra sengkala kaya kang kapacak ing regol ngarep Gapura Panggung.

Keunikan langgam aristektur Istana Banyu Tamansari uga bisa dipriksani ana ing lurung njron lemah kang nggandheng wewangunan siji karo sijine ing komplek segara gaweyan (segaran). Kajaba nduweni bolongan angin (ventilasi) kang jumedhul ing sandhuwure banyu, kanthi wangun lancip, perangan ndhuwur lurung uga digawe melengkung kanthi langgam arsitektur Timur Tengah (Arab).

Nyawang langgam arsitektur lan sistem tata ruang kang unik sarta pigunane urung urung njeron lemah pinangka penghubung ruang siji karo sijine, katone Istana Banyu Tamansari ora mung mligi bangunan pesanggrahan nanging uga dadi sawijining benteng pertahanan yen ketekan mungsuh.

Yen Sultan HB I mbutuhake pertahanan kang kaya ngono, pancen bisa dimaklumi. Awit sadurunge jumeneng nata lan isih asma Pangeran Mangkubumi, panjenengane pancen sawijining panglima perang Kraton Surakarta kang kawentar ahli strategi perang. Mula ora jeneng mokal, yen panjenengane iku akeh mungsuhe lan perlu ngati- ati kanthi cara yasa papan kanggo pertahanan.

Banyu kang ana sajroning Istana Tamansari iku dijupuk saka kali Winongo lan Kali Code, diilekake liwat kalenan kang disebut Kali Larangan ing Istana Tamansari. Ing Istana Tamansari banyu kasebut banjur dikumpulake ing segara gaweyan kang bawera sinebut segaran. Saka segaran banyu diilekake ing papan papan sajroning komplek Istana Banyu Tamansari, kayata ing blumbangan, tlaga gaweyan, lsp. Terusan (sudhetan) iku kajaba nyedhiyani banyu kanggo Istana Tamansari uga kanggo keperluan kraton saben dinane.

Jaman biyen, ing sakiwa tengene beteng Kraton ana kalen gaweyan kang jembar lan jero. Ing sajrone wilayah njero kraton mujudake sawijine kutha saemper “kastil” utawa slot ing negara Walanda. Kanthi kreteg gantung ing saben jurusan lan liwat plengkung kang minangka salah sijine dalan kanggo mlebu-metu ing Kraton. Lurung nejron lemah kang nyambung papan siji karo sijine mau ana sing kandha nganti tekan perangan punjere kraton lan panggung Krapyak (kang dununge udakara 3 km) sakidule Kraton. Lurung iki sawayah wayah bisa kanggo dalan darurat, upamane yen Kraton diserang mungsuh dadakan bisa kanggo mlayu golek slamet.

Gapura Panggung kang saiki dadi regol utawa pintu gerbang kanggo mlebu ing obyek wisata Tamansari.

Banyu ing komplek kraton mau uga bisa dienggo jebakan. Yen kahanan sangsaya mutawatiri lan mungsuh wis klakon ngoyak Sultan liwat urung urung sawise tekan papan sing aman, rolak (pintu banyu) mau bisa dibukak. Saengga mungsuh padha klelep. Yen rolak iki ditutup bisa uga ngrombak njeron istana Tamansari dadi sawijining tlaga sing bawera, saengga komplek Tamansari bisa keleban kabeh lan ora ana sing katon.

Gunane banyu ing Istana Tamansari uga kanggo ngoncori kebon kebon kang ana ing wewengkon Istana Tamansari kuwi. Dhek jaman semana ana udakara 18 kebon sing sumebar ing wewengkon Istana Tamansari.

Konsep Istana Tamansari iki mula pancen ngedab edabi. Wewangunan ing komplek Istana Tamansari ora mung kanggo wektu iku , nanging uga kanggo mlebu ing abad kaping 20. Miturut Theresia Ani Larasati ing Jurnal Badan Perpusatakaan dan Arsip Daerah DIY taun 2014 kanthi irah-irahan “Sekilas Bangunan Pesanggrahan Tamansari Yogyakarta“ ngandhakake manawa pembangunan komplek Tamansari rampung ing jamane Sultan Hamengkubuwono II lan mung digunakake tekan ing jaman pemerentahane Sultan HB III amarga katerak lindhu gedhe ing taun 1867 kang bisa ngrubuhake wewangunan ing sajroning Istana Tamansari.

Saiki sing bisa dipriksani minangka destinasi wisata mung pirang pirang wewangunan sing ora katut jugrug nalika kena lindhu, kaya Taman Umbul Binangun lan Pulo Cemethi. Ing komplek pesiraman kang dikupengi tembok dhuwur iki ana blumbang cacah 3 ing antarane Umbul Muncar, Umbul Binangun lan Umbul Kuras., tetelune blumbang kuwi duwe piguna dhewe dhewe. Umbul Kuras lan umbul Muncar digunakake dening para garwa, lan putri sultan. Dene umbul Binangun kang ukurane luwih cilik lan diwatesi menara mung digunakake kanggo siram dening Sultan lan garwa padmi sarta garwa ampeyan.

Wewangunan liyane sing isih bisa dipriksani yaiku Taman Ledoksari. Dununge ana sisih kidule situs, mujudake papan kanggo ngaso lan papan semedine Sri Sultan. Ing gedhong kang nduweni wangun kaya aksara U iki ana kamare kanggo sare Sri Sultan., dene sakiwane ana pancurane . Ing kamar iku manut ujaring kandha, Sri Sultan ketemu lan sapejagong karo Kangjeng Rartu Kidul. Mula tekan seprene papan iku dikramatake lan akah pawongan sing padha neneka saperlu padha ziarah.

Kajaba kuwi Pesanggrahan Tamansari uga nduweni papan papan wigati kayadene segaran kang dipepaki karo pulo pulone lan shelter (papan kanggo ngresepi sesawangan alam ing segara kidul). Pulo pulo gaweyan kang ana sajrone Komplek Tamansari iku kanthi ukuran 60 X 200 meter, ing antarane Pulo Kenanga kang uga sinebut Pula Cemethi minangka bangunan induk sungsun 3 kang dhuwure 15 meter, dawane 70 meter lan ambane 20 m. Wewangunan iku darbe kamar kamar kang biyen kanggo nggelar tari-tarian. Ing sakupenge Pulo Kenanga iki mbiyen dikupengi wit kenanga (Cananga odorata). Dene ing sisih kidule Pulo Kenanga ana wewanguan persegi papat karan sumur gantung. Sebab ing papan iki ana sumur sing nggandhul sandhuwure lemah. Nanging satemene wewangunan iki jenenge Pulo Panembung. Ing papan iki Sri Sultan asring nindakake semedi.

Ing sisih kulon isih tinemu bangunan kang sinebut Sumur Gemuling. Saka Pulo Kenanga, Sumur Gumuling iki bisa diparani kanthi liwat dalan sinandhi (rahasia) sanginsore lemah kang sinebut Guwa Siluman. Sumur Gemuling kang ana sangisore lemah iki minangka wewangunan kanthi jrambah loro kang ana sumure ing satengahe minanggka sentral. Wujude bunder kaya miniature stadion Senayan tanpa payon ing tengahe. Saben jrambah digandheng dening andha 4 kang kabeh padha nggathuk ing lambe sumur. Jarene biyen sumur utawa blumbangan iki digunakake kanggo njupuk banyu wudhu. Ing jrambah ngisor ana papan kanggo sholat, dene ing jrambah ndhuwur mung dikebaki cendhela kanthi payon wujud kubah. Tingkat sing ngisor kanggo sholat para sentana dalem lan punggawa pinarcaya.

Sumur Gemuling sakidule Pulo Kenanga Ing papan iki Sri Sultan asring nindakake sholat utawa semadi.

Ahli sejarah Indonesia Sukiman Dharmamulja saka Departemen Pendidikan dan Kebudayaan, Direktorat Sejarah dan Nilai Tradisional, Balai Penelitian Sejarah dan Budaya 1981 ing bukune sesirah Mengenal sekilas bangunan Pesanggrahan Tamansari Yogyakarta mratelakake manawa sumur gemuling iku kadidene bungker minangka papan kanggo sholat lan ndhelik saka serangane mungsuh. Lan malah bisa uga sawijining mesjid kang sepisanan ing Yogyakarta.

Crita crita misteri pancen isih akeh kang padha percaya, yen lurung njeron lemah kang ana sangisore sumur gemuling iku nyambungake Istana Tamansari klawan segara Kidul sing adohe watara 32 km. Percaya lan orane nyumanggakake.

***

Panulis: Isti Noegroho
Panitipriksa: Redhaksi Panjebar Semangat

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 292

120 Comments

  1. Si te interesa mejorar tu bienestar emocional, la filosofía detrás de la teoría de Let Them es esencial. Encuentra la guía en español y disfruta del contenido en un archivo PDF completo. Entenderás por qué intentar cambiar a otros es inútil y cómo la verdadera felicidad reside en enfocarte únicamente en tus propias reacciones. https://lateorialetthem.top/ La.Teoria Let Them

  2. Descubre la magia del desapego con la teoría de Let Them. Disponible en español para quienes buscan el PDF completo. Esta filosofía no se trata de indiferencia, sino de respeto por el libre albedrío de los demás y, sobre todo, de respeto por tu propia tranquilidad y salud mental. https://lateorialetthem.top/ La Teoría De Let Them En Español Pdf Gratis

  3. Profitez de ce livre exceptionnel sur votre écran grâce à une version numérique parfaitement mise en page. Ce fichier est la solution idéale pour les lecteurs avides de nouveautés accessibles instantanément. Une histoire d’amour et de résilience qui vous marquera durablement. https://atoutjamaispdf.site/ Lecture En Ligne À Tout Jamais

  4. Ne cherchez plus votre prochaine lecture, elle est ici en version électronique de qualité supérieure. Ce roman captivant est disponible pour une lecture immédiate sur tous vos supports préférés. Une intrigue ficelée avec brio qui vous fera passer par toutes les émotions, du rire aux larmes, en quelques pages seulement. https://atoutjamaispdf.site/ Télécharger À Tout Jamais Gratuit Android

  5. Le suspense est à son comble dans ce livre événement que tout le monde s’arrache actuellement. Si vous préférez la lecture sur écran, ce fichier est formaté spécialement pour vous offrir un confort visuel optimal. Plongez dans la tête d’une aide-ménagère qui en sait beaucoup trop sur ses employeurs. https://lafemmedemenagepdf.site/ Livre La Femme De Menage

  6. Plongez au cœur de l’astéroïde B612 et retrouvez la magie de cette histoire philosophique inoubliable. Télécharger une version numérique de ce conte vous offre la liberté de lire partout. Pour les amoureux des belles lettres, obtenir Le Petit Prince en format PDF est la meilleure façon de garder ce trésor à portée de main. https://lepetitprincepdf.site/ Le Petit Prince Pdf Haute Qualité

  7. La relation tumultueuse entre Julien et Mathilde de la Mole est l’un des sommets du romantisme littéraire. Ne passez pas à côté de cette œuvre essentielle. Le téléchargement d’une version numérique est rapide et vous permet de plonger immédiatement dans l’univers de Stendhal sans attendre la livraison d’un livre physique. https://lerougeetlenoirpdf.site/ Telecharger Le Rouge Et Le Noir Stendhal Pdf

  8. L’intelligence et l’hypocrisie se côtoient dans l’esprit de Julien Sorel, rendant ce personnage inoubliable. Ce livre est une exploration profonde de l’âme humaine. La flexibilité du format numérique permet de lire ce pavé littéraire sans en sentir le poids, rendant la découverte de le rouge et le noir encore plus plaisante. https://lerougeetlenoirpdf.site/ Télécharger Stendhal Le Rouge Et Le Noir

  9. La passion de Julien pour Napoléon éclaire sa soif de gloire et de conquête. C’est un moteur puissant. Le support numérique permet de mettre en perspective cette obsession historique, en facilitant les recherches croisées pour mieux comprendre les références de l’époque dans le texte. https://lerougeetlenoirpdf.site/ Le Rouge Et Le Noir Explication De Texte

  10. La complexité psychologique de Cécile, partagée entre l’amour pour son père et son désir de liberté, est décrite avec une lucidité effrayante. Accédez à cette analyse fine des sentiments humains grâce au fichier Bonjour Tristesse PDF, conçu pour offrir un confort de lecture optimal aux amoureux des belles lettres. https://bonjourtristessepdf.site/ Bonjour Tristesse Sagan Roman Pdf

  11. Wer auf der Suche nach einem romantischen Date-Spot ist, sollte einen Blick in eine Liste für das perfekte Café in Berlin werfen, die als PDF verfügbar ist und dir die intimsten und charmantesten Ecken zeigt, wo man sich bei Kerzenschein und Latte Macchiato tief in die Augen schauen kann. https://cafeinberlinpdf.site/ Cafe In Berlin Pdf Download

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *