Watu Singsot, Sanjata Tentara Romawi Kuna kang Paling Diwedeni

IKI mujudake salah sijine bagian strategi perang saka jaman 1.800 taunan kepungkur. Yakuwi nalikane para tentara pasukan Romawi kunatansah nggawa senjata misil kang ‘ora biasa’ kanggo ngadhepi mungsuh-mungsuhe. Senjata iki wujud lan bahane meh kaya plinthengan (katapel). Ana watune lan taline uga, semono uga cara kerjane uga padha yaiku nyawatake watu menyang sasaran.

Nanging ana sing unik saka watu kang digunakake kuwi. Yakuwi bisa ngetokake suwara singsotan nalika diplintengake mau. Mula kuwi geneya senjata iki dikenal kanthi julukan ‘watu singsot’.

Watu singsot diyakini para ilmuwan minangka senjata paling tuwa ing bumi. Kepara, popularitase ngalahake panah lan tombak kang disawatake. Mung wae kang rada ndadekake bingunge para arkeolog yakuwi geneya wong Romawi mbolongi watu ksb?

Teori awal kang dikandhak- ake yakuwi bolongan-bolongan kuwi diisi racun. Nanging sawise diteliti luwih jero, wusanane dingerteni yen bolongan-bolongan kuwi sing malah gedhe fungsine kanggo ngalahake lawan.

“Bolongan-bolongan iki ngowahi peluru dadi ‘senjata teror’,” ujare arkeolog Dr John Reid saka Trimontium Trust, sawijining masyarakat sejarah Skotlandia ing situs Bukit Burnswark.

Watu singsot kang ditemokake ing situs arkeologi Skotlandia durung suwe iki bobote 30 gram, lan gedhene bolongane 5 mm. Peneliti ngira, bolongan kang ana kuwi nuwuhake efek singsotan sasuwene diplinthengake, saengga ndadekake padha keweden wong-wong kang ngadhepi. Iki kayadene ‘teror’ jroning strategi perang. Saengga nalika mungsuh keweden, mungsuh mau padha lena lan gampang dikalahake.

Arkeolog Dr John Reid kandha, “Kowe ora mung nduweni peluru meneng nanging uga nggegirisi kang padha mabur; kowe nduweni efek suwara kang metu saka watu kang bakal ndadekake endhase mungsuh ndhingkluk terus” ujare Reid. “Dadi iki kacerdikan jroning mutasi peluru sling” bacute.

Papan panggonane ditemokake watu singsot kuwi pancen ing Bukit Burnswark, sacedhake kutha Lockerbie ing sakidule Skotlandia, yakuwi papan tempure Romawi lan suku lokal ing abad kaloro Masehi. Dinuga watu singsot mau digunkakake pasukan Romawi minangka senjata nalika nyerang penduduk lokal.

Penelitian rinci menyang watu singsot kang ditindakake arkeolog Dr. John Reid nemokake yen bolongan-bolongan iku digawe marang watu kang cilik wae, ora marang watu kang gedhe. Geneya mangkono? Iku nuduhake hipotesis yen wong Romawi milih ngorbanake efektivitas kanggo dampak psikologis, katimbang ngutamakake kerusakan kang bisa disebabake dening watu kang gedhe. Mangka, peluru kang luwih gedhe satemene nduweni potensi mabur luwih adoh yen diplinthengake nganggo sling.

Meh kabeh temon watu singsot ing Skotlandia ukurane cilik. Senejan cilik, yen digunakake kanggo senjata jarak pendek, kanthi nglebokake pirang-pirang watu sekaligus menyang plinthengan, mula serangan watu-watu ksb bisa ngrusak banget. Ditambah maneh anane suara kang muncul, diyakini yen dampak utama kang disebabake saka proyektil iki yakuwi keweden.

Watu singsot kang ditemok- ake ing Bukit Burnswark, 20 persen nduweni bolongan bor kang digawe kanthi ngati-ati amrih bisa nduweni sifat aerodinamis saengga nuwuhake suara singsotan. Diyakini watu singsot iki mujudake mesin perang Romawi kang paling efektif, gampang nggawane, lan uga paling diwendeni mungsuh nalika perang.

Panulis: (d/ist)***
Panitipriksa: Redhaksi Panjebar Semangat

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 292

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *