Ing tengahe jaman digital iki, pagelaran wayang isih akeh pandhemene. Saliyane wayang purwa lan wayang golek, ana wayang anyar maneh sing dijenengi Jataka. Jataka satemene kanggo nyebut kumpulan crita utawa lakon kang ngandharake miyose Sang Buddha nalika nggladhi dhiri lan olah batin ngliwati margane Bodhisattwa sadurunge lair minangka Pangeran Siddharta Gautama. Salah siji crita Jataka kang nate dipentasake ing pagelaran wayang Jataka ing Jabodetabek taun 2017 yaiku lakon Banyak Emas lan Sutasoma.
Crita wayang satemene akeh tinemu ing relief candhi, petilasan-petilasan kuna lan papan pasujarahan. Manut panaliten, Candhi Rarajonggrang macak relief kisah Ramayana. Prambanan mbabar crita Kresna. Patirtan Jalatunda nggelar crita Sayembara Drupadi. Lan Guwa Selamangleng misung-sungake cerita Arjuna Wiwaha. Candhi Jago malah ngemot limang crita (Tantri, Kunjara Karna, Partayana, Arjuna Wiwaha, lan Kresnayana). Ing Guwa Pasir Tulungagung ana lakon Arjuna Wiwaha. Candhi Penataran ngemot cerita Sawitri, Setiawan & Punakawan, lan Ramayana. Candhi Tegawangi, Kediri macak lakon Sudamala, uga crita Sadewa didherekake Punakawan Lemu, lan Durga didherekake raseksi loro. Candhi Sukuh macak cerita Sudamala, Gameda, lan Bimasuci.
Yen ing petilasan lan papan pasujarahan ing dhuwur ngemot cerita wayang adhedhasar epos Mahabharata & Ramayana, Candhi Borobudhur duwe relief sing beda. Panil relief cerita Candhi Borobudur sing cacah 1460 jebul ngemot kisah Jataka. Yen nglacak sejarah dhasar lan sesanti bangsa, utamane semboyan Bhineka Tunggal Ika, inspirasi iku satemene njupuk saka Kakawin Sutasoma karya Mpu Tantular jaman Majapahit (1365 tekan 1489M). Cerita kekawin iki sumber asli asale saka Candhi Borobudhur.
Adhedhasar kanyatan kuwi, Bambang Eka Prasetya, seniman lan tukang dongeng (storyteller) sing pidalem ing Mertoyudan, Magelang banjur kagungan gagasan ngripta wayang Jataka. Wayang Jataka satemene mujudake sesebutan ngenani kisah pewayangan kang mbeber kisah ing relief Candhi Borobudur sing nyakup relief Karwawibangga, Jataka, Avadana, Lalitavistara, lan Gandavyuha.
Sekawit Wayang Jataka bisa disebut wayang watu. Disebut mangkono jalaran wayang iki dipahat wujud watu kanggo pepethan ing relief candhi. Kajaba iku, wayang Jataka uga bisa digelar kanthi tampilan maneka warna jinising wayang sing gepeng tipis. Dianjurake ora nggunakake bahan walulang, nanging becik nganggo bahan liya, umpamane karton, fiber, papan kayu (krucil), utawa golekan (boneka) kayata kang digunakake dening wayang Golek Pasundan utawa Potehi. Saliyane iku, wayang Jataka bisa uga dipentasake ing pagelaran wayang wong.
Kayangapa wujude wayang Jataka kuwi? Satleraman wayang Jataka iku memper wayang kulit; ukuran, tatahan, lan wujud visual satleraman mirip wayang purwa. Wayang Jataka iki ditatah dening seniman sungging wayang saka Kranggan, Temanggung aran Kusbie. Sing mbedakake karo wayang purwa mesthi wae jeneng tokoh sing digawe ing wayang Jataka kuwi. Karana njupuk lakon saka relief ing Candhi Borobudur, paraga-paraga ing wayang Jataka uga digawe adhedhasar tokoh ing panil relief kuwi.
Sing uga narik kawigaten lakon ing wayang Jataka iku werna-werna jumbuh karo rerangken crita ing relief. Salah siji lakon mau mbeber lelakone Dewa Sakra kang uga sinebut dewaning para dewa. Dewa Sakra iku disebut panguwasaing Suwarga Trâyastri Cœa manut kosmologi Buddhis.
Sawijining wektu Bodhisattwa kalairake maneh ing jagad raya kanthi sesebutan Sakra. Golongan asura kang sengit mring dewa runtik atine, banjur nglumpukake bala bakal nggebak perang ing prajane Dewa Sakra. Disengkuyung para dewa liyane, Dewa Sakra banjur maju ing perang ngadhepi wadya asura kuwi. Nanging karana kasektene para raseksa, akeh dewa kang kasoran yuda. Siji mbaka siji wadya dewa mundur, lan mung kari Dewa Sakra ijen sing isih maju ing ranang- gana.
Nalika iku kusir warata kang jeneng Matali muter balik kreta perang kang tinitihan Dewa Sakra. Kanthi balik arah iku Matali ngajab bisa nylametake bendarane karben ora kepikut mungsuh utawa diperjaya dening para denawa. Kreta mabur ngambah jumantana. Nalika iku Sakra nyumurupi ing pangarepane ana susuh manuk angkal-angkal (burung elang) kang ana piyike. Kreta perang iku laju lakune kebat tumuju susuh kuwi meh wae nabrak susuh.
Nyumurupi ana anakan manuk angkal-angkal, Dewa Sakra paring dhawuh marang Matali amrih ngendhani susuh mau banjur balik arah maneh. Mung karana mesakake yen nganti merjaya piyik, kreta perang iku banjur balik arah lan kudu ngadhepi mungsuh sing lagi mbujung dheweke. Sing nggumunake wadya asura malah padha keweden ngadhepi Dewa Sakra kang katon duwe kekuwatan kang ngedab-edabi. Wusana kabeh wadya asura keplayu ninggalake pabaratan. Dewa Sakra unggul ing yuda.
Lakon liya kang uga nyritakake Dewa Sakra diwenehi judul Awisahya. Ing crita iku Awisahya digambarake mujudake sudagar sugih sing wicaksana lan seneng weweh derma marang wong kesrakat. Kanggo nindakake derma weweh mring liyan iku, Awisahya wis mbangun bale derma cacah papat kang manggon ing gapura kutha. Siji maneh bale derma dibangun ing tengah kutha, lan bale derma kang kaenem manggon ing omahe. Saka bale derma cacah enem kuwi saben dina Awisahya tansah peparing pangan, sandhangan, bandha marang ewonan wong kesrakat. Karana kuwate derma kuwi, kabeh padha ngagungake asmane Sang Awisahya.

Warta anane Sudagar Awisahya kang dhemen weweh bandha iku ora wurung keprungu dening Dewa Sakra satemah gawe horeg dhampar palenggahane. Ngerti kang kaya kuwi, Dewa Sakra cubriya aja-aja Awisahya kepengin jumeneng raja njongkeng kawibawane ratu, mula Dewa Sakra kepengin nyumurupi niy niyat kang dadi dhasar derma kuwi. Dewa Sakra banjur nglebur bandha donya duweke Awihya nganti entek gusis.
Kabeh bandha darbeke Awisahya sakala sirna. Ora mung omah, bale derma uga musna. Lenga, madu, gula, gandum kabeh ilang, klebu para abdi, bebahu, lan pendhereke ora ana sing katon. Dina candhake wong-wong sing kaget jalaran ora nampa paweweh padha nemoni Awisahya.
Awishya enggal-enggal prentah marang garwane amrih njupukake pangan lan bandha kanggo diwenehake marang wong-wong sing kesrakat kuwi. garwane Awisahya enggal-enggal nggoleki bandha-bandha sing mbok menawa keri ing papan kono, nanging babar blas ora ana. Garwane mau matur kajaba klambi sing dienggo kabeh wis ilang. Omahe uga kosong mlompong.
Wektu iku ana tukang motong suket lagi nyelehake arit, pikulan, lan tali ana gapura omahe Awisahya. Garwane Awisahya banjur njupuk barang-barang kuwi lan diaturake marang Awisahya. Amarga wedi yen kudu mandheg anggone derma utawa weweh mring liyan, Awisahya banjur mangkat ngarit tumuju papan kang kebak suket. Dheweke banjur ngarit nganti entuk rong bongkok lan diedol menyang gerbang kutha. Suket iku payu lan dituku nganggo dhuwit krincing loro cacahe. Sawise iku, dhuwit krincing loro iku digunakake kanggo rong werna. Siji kanggo nyukupi uripe Awisahya lan garwane, lan siji maneh diwenehake marang wong ngemis.
Nalika arep blanja kebutuhan mangan nganggo dhuwite kuwi teka maneh wong ngemis kang njaluk dhuwit. Wusana Awisahya trima ngalah. Dhuwit iku diwenehake marang wong ngemis sing memelas kuwi. Dina iku dheweke lan sisihane trima pasa ora mangan lan ngombe. Mangkono mlaku sajrone nem dina, Awisahya terus wae ngarit, adol suket, lan asile digunakake kanggo derma.
Dina kang kapitu nalika Awisahya ngarit, dheweke kepanasen lan semaput. Wektu iku Dewa Sakra teka. Nalika wis bisa diajak pirembugan, Dewa Sakra takon mungguh niyate Awisahya weweh bandha donya marang wong-wong mlarat kuwi. Kanthi terus terang Awisahya nindakake kebecikan iku ora duwe ancas kepengin dadi dewa apadene brahmana. Dheweke laku derma iku mung kepengin ngudi pepadhang kang sampurna. Krungu pratelan kuwi, Dewa Sraya rumangsa gumun.
***
Panulis: Ki Sudadi
Panitipriksa: Keanu Ibrahim







