Yen wong liya direwangi nrajang bebaya betheke kepengin ngeruk bandha saakeh-akehe, Awisahya jebul kosok balen. Dheweke eklas weweh mring liyan. Atine Awisahya nyata padhang kaya cahya kang jumedhul sajrone peteng. Dewa Sakra banjur mbalekake kabeh bandha donyane Awisahya satemah bisa ngamalake bandha donyane mring sesama nganti puput yuswa.
IKU mono salah sijine crita kang menehi piwulang amrih wong tansah welas asih marang sepadhapadha, klebu tresna marang kewan. Ing crita iku Dewa Sakra nekad nrajang mungsuh mung jalaran kretane kudu balik arah supaya ora ngrusak susuhe manuk. Saka kersane Kang Maha Kuwasa banjur entuk kekuwatan prang. Crita iku uga mulangake amrih welas asih marang sapepadhaning titah kang nandhang kacingkrangan.
Wayang Jataka diripta dening Rama Bambang Eka Prasetya. Kajaba ing pentas wayang kaya kang digelar dening dhalang Ki Eko Sunyoto, crita wayang iki uga kanggo bahan pirembugan ing semiloka wayang Jataka. Sapa satemene Rama Bambang Eko Prasetya iki? Sesebutan ‘rama’ marang pendongeng uga penyair kondhang iki diparingake dening Ehipassiko Foundation lan Pigijo Jakarta.
Rama Bambang Eka Prasetya uga asring disebut Eyang. Ing akun facebook ngagem asma Bambang Eka Bep. Karo garwane sing asma Nies Karmini, Rama Bambang Bep cumondhok ing Pandansari Utara No. 24 RT 07 RW 10, Sumberejo, Mertoyudan, Kabupaten Magelang. Wiwit 2012 panjenengane uga ngedegake komunitas SEBAR (Seni Membaca Relief).
Liwat kegiyataning SEBAR mau bisa disinau crita kang ditatah ing candhi-candhi lawas, utamane Borobudhur, Mendut, lan Sojiwan. Saka crita-crita ing panil Candhi Borobudhur sing akehe 1460 iku, Eyang Bambang Eka Bep banjur ngripta wayang Jataka kanthi lakon maneka warna. Salah siji lakon sing wis dipentasake ing pagelaran wayang Jataka yaiku Romansa Manohara. Lakon Romansa Manohara iki satemene kapacak ing gugus relief Avadana ing Candhi Borobudhur. Panil Avadana 1 tekan 20 manggon ing tembok ngisor jrambah tundha ka-3.
Piye mungguh ringkesane Romansa Manohara iki? Kacarita duking uni ana praja Pancala kang diperang dadi Pancala Lor lan Pancala Kidul. Negara loro iki kahanane kosok balen. Pancala Lor kang dipimpin Prabu Mahadhana mujudake negara kang makmur. Rakyate bisa urip mulya kecukupan boga, wastra, lan wismane. Dhasare raja kang wicaksana, mahambeg berbudi bawa leksana, tan mokal lamun kawula sanegara padha ngrasakake urip kang ayom, ayem, tentrem. Suwalike, Pancala Kidul dipandhegani dening raja kang lobha (tamak), dosa (sengit mring liyan), lan moha (tansah tumindak luput). Kahanan iku mahanani Pancala Kidul dadi papan kang cengkar satemah wargane urip sengsara, kekurangan sandhang, pangan, lan papan.
Nalika mubeng-mubeng ing padesan Raja Pancala Kidul nyumurupi kahanane kawulane kang urip sengsara kuwi. Sang Raja banjur rembugan karo patih lan pendhereke. Para pandherek matur yen kahanane Pancala Lor beda banget karo ing Pancala Kidul. Pancala Lor dadi negara makmur, mula rakyate tansah ayem tentrem. Kang nyebabake Pancala Lor makmur jalaran ing negara iku ana tlaga jembar Brahmasabha kang dadi reratone ula lan naga kang dipandhegani dening Naga Janmacintraka.
Nggugu karo pratelane para pendherek kuwi, Sang Raja enggal-enggal dhawuh marang pendhereke amrih nyekel naga-naga sing ana. Kanthi nggunakake mantram sekti, para tukang buru enggal mbebedhag lan nyekeli kabeh ula lan naga, klebu sing ana ing tlaga Brahmasabha. Nyumurupi tandange tukang buru sing nggegirisi, Naga Janmacintraka kaweden. Dheweke banjur njaluk tulung Halaka, saweneh tuwa buru kang asring katon aneng kiwa tengene tlaga. Halaka dijaluki tulung amrih nyingkirake wong-wong sing mbeburu ula kuwi, nanging aja nganti diperjaya. Halaka kelakon nindakake prentahe Naga Janmacintraka lan ngalahake tukang buru saka Pancala Kidul.
Karana wus mbiyantu krajan naga, Halaka banjur diajak mlebu ing Tlaga Brahmasabha. Gedhe panarimane Sang Nagaraja mula Halaka entuk bebungah wujude emas inten berliyan. Sawise nampa bebungah kuwi, Halaka banjur mulih lan mampir ing saweneh pertapan. Sang resi kang aneng pertapan menehi pituduh marang Halaka amrih nggunakake bebungah saka Nagaraja kanggo tuku jiret sekti.
Halaka mundhi dhawuhe sang resi, mula banjur tuku jiret sekti. Sawise entuk jiret sekti, dheweke mampir maneh ing saweneh pertapan lan entuk warta yen saben wulan purnama ing tlaga teratai kono mesthi tumurun putri Kinnara kang ayu-ayu saperlu adus lan kungkum ing tengahe wengi. Penasaran karo warta kuwi, Halaka banjur ngindhik ing rerungkutan. Jebul temenan, wanci purnama sidi akeh widadari ayu kang tumurun ing tlaga teratai. Halaka kelakon pasang kala. Jiret sekti dipasang lan kelakon nyekel widadari siji. Kena jiret, widadari asesambat emoh dicedhaki lan dicekel. Widadari iku ngaku jenenge Manohara saka Krajan Kinnara.
Nalika iku Pangeran Sudhana Kumara saka Praja Pancala Lor ngliwati tlaga teratai kuwi. Halaka banjur masrahake widadari ayu iku marang Pangeran Sudhana. Borong marang sang pangeran arep dikapakne widadari iku. Nyawang kasulistyane Putri Manohara sanalika Pangeran Sudhana Kumara kesengsem. Kanggo ngaturake panuwun, Pangeran Sudhana Kumara menehi sembulih kang murwat marang Halaka.
Pangeran Sudhana Kumara kelakon mundhut garwa widadari Manohara. Ora suwe sawise dhaup, praja Pancala Lor keterak dhahuru saka akehe reretu. Prabu Mahadhana banjur dhawuh marang Pangeran Sudhana Kumara amrih mbrastha reretu praja kuwi. Nalika Pangeran Sudhana Kumara ngayahi wajib bela negara, garwa kinasih iku dititipake marang Ibu Prameswari.
Nalika iku kedadak Prabu Mahadhana ngimpi ala. Impen mau ditafsirake dening nujum minangka pratandha ora becik. Bisane praja Pancala Lor uwal saka bebendu kudu ngadani ritual mawa tumbal jalma manungsa. Sing dijaluk dadi tumbal kinarya bekakak ora liya widadari Manohara. Bejane dheweke bisa nylametake nyawane sawise ditulungi Ibu Prameswari.
Putri Manohara terus lumaris ninggalake kraton tumuju pinggire tlaga teratai papane biyen dijiret Halaka. Ing tepining tlaga iku, Putri Manohara ketemu saweneh resi. Manohara titip ali-ali. Panjaluke Manohara, ali-ali iku kudu diaturake ana ngarsane Pangeran Sudhana Kumara. Bubar iku, Manohara mabur mring kahyangan bali ing Praja Kinnara.
Sawatara wektu candhake Pangeran Sudhana Kumara bali mring Praja Pancala Lor kanthi nggawa kemenangan. Sang Raja bombong karo putrane kuwi. Nanging Pangeran Sudhana Kumara gela dene garwane mendra saka jroning pura. Dheweke takon marang Halaka. Halaka atur pamrayoga amrih Sang Pangeran nemoni pendhita kang mapan aneng pinggire tlaga teratai.
Sawise ketemu pendhita sing ana ing pinggir tlaga teratai, Pangeran Sudhana Kumara lagi mudheng larah-larahe. Dheweke uga ngerti yen garwane wis bali mring kahyangan. Pangeran Sudhana mutusake bakal ngupadi garwane menyang Kahyangan Kinnara. Sawise ngliwati pacoban kangabot, klebu ngalahake bangsane dhemit, jim, setan priprayangan, Pangeran Sudhana kelakon tekan tepis wiringing Praja Kinnara. Ing kono dheweke ketemu mbok emban kang nggawa kleting isi banyu bening kanggo siram Putri Manohara. Kanggo menehi tandha tekane ing Kahyangan Kinnara, Pangeran Sudhana banjur nyemplungake ali-ali ing jero kleting kuwi.
Nalika nyuntak banyu bening Putri Manohara nyumurupi sesotya sing biyen dititipake marang saweneh resi ing pinggire tlaga teratai. Dheweke terus matur marang Prabu Druma. Satemene Prabu Druma duka ngelingi yen putrine wis dadi kurban dijiret lan bakal didadekake tumbal Praja Pancala Lor. Nanging Putri Manohara pinter ngerih-erih atine Ingkang Rama. Prabu Druma dadi lilih. Sang Raja gelem nampa mantune iku kanthi syarat Pangeran Sudhana kudu bisa menang ing sayembara tandhing lan manah.
Kanyatan Pangeran Sudhana menang. Prabu Druma enggal dhawuh marang Pangeran Sudhana Kumara kinen mlaku tumuju keputren. Ing keputren iku ana ewonan widadari Kinnara sing ayuayu lan angel dibedakake antarane siji lan sijine. Pangeran Sudhana rumangsa bingung, nanging yakin bakal bisa nemokake widadari garwane. Dheweke banjur kandha amrih kang jeneng Manohara ngadeg lan gelem nemoni dheweke. Temenan, krungu tetembungan kuwi Manohara mlayu mara lan nggapyuk Pangeran Sudhana Kumara. Sawise sawetara wektu cumondhok ing negara Kinnara lan nyuwun piwulang saka Prabu Druma, Pangeran Sudhana banjur mboyong Manohara bali menyang Pancala Lor. (Cuthel)
***
Panulis: Ki Sudadi
Panitipriksa: Putra Abimanyu







