Wewadi Piramida, Antarane Tangan Menungsa lan Bangsa Manca

Wektune wis gagat raina, nanging kutha Kairo dina kuwi isih remeng-remeng, mangka serengenge wis sagenter dhuwure. Akeh pedhut ing kana-kene, apamaneh dina kuwi musim gugur, ndadekake hawane saya atis. Saka ndhuwur balkon hotel Pyramid Front ing Jl.  AlMansoureya esuk kuwi aku sarapan omelet karo nenikmati sesawangan lalu lintas kutha Kairo. Wis akeh mobil pating sliwer ing jalan raya ksb. Uga akeh wong nyegat kendaraan umum ing dalan mau. Dadi senajan hawane atis lan kahanane remeng-remeng, swasanane cukup nyenengake kanthi regenge aktifitas kutha. Sing luwih nyenengake maneh, ing sangarepe balkonku mau njenggeleg piramida-piramida Mesir kang ngedab-edabi kuwi. Jarak piramida klawan hotelku pancen ora pati adoh, yakuwi mung 2 km-an, saengga katon cukup trawaca blegere saka anggonku lungguh.

Piramida Mesir lan Sphink, saka kadohan kaya mung digawe saka bata kang
ditumpuk-tumpuk.

Piramida-piramida kang ana ing sangarepku ksb mapan ing sakulone Kali Nil kang legendaris kuwi. Dumadi saka telung piramida utama yakuwi Piramida Khufu, Khafre lan Menkaure, sarta patung raseksa Sphinx Agung. Mula banjur disebut Kompleks Piramida Giza. Piramida-piramida kang dibangun luwih saka 4.500 taun kepungkur iki dudu saderma simbul Mesir kuna, ananging uga bukti kemampuane menungsa ngawekani winatese teknologi ing jamane.

Mula, Piramida Giza dudu mung monumen watu. Piramida mujudake lelakone manungsa bab wong-wong sing mbangun kanthi kebak keyakinan, kulawarga sing urip ing sakupenge kono, bocah-bocah sing tuwuh gedhé klawan maneka prastawa, wisatawan sing nggoleki makna, lan bangsa sing njaga warisan leluhur. 

Piramida Giza uga dudu mung saderma tinggalan arsitektur. Kanggone penduduk lokal, Piramida mujudake bagéan saka lanskap urip. Saben esuk, ayang-ayange piramida nyapu désa-désa sakupenge, kaya-kaya ngelikaké yèn wong-wong kuwi urip sesandhingan klawan warisan leluhur. 

Piramida Giza dudu mung simbul peradaban Mesir kuna, nanging uga simbul kelanggenagn manungsa. Piramida nyawijèkaké lelakone buruh kuna, kulawarga lokal, lan wisatawan internasional jroning sawijining narasi gedhé bab ngupadi makna. Wewadi sing ngemuli malah ndadekake sesambungan emosional mau saya kuwat, ndadekake piramida ora mung minangka monumen, nanging dadi pengalaman urip sing nrenyuhake saben wong sing ngadeg ing ngarepé. 

Isih dadi pitakonan 

Isih kerep dadi pitakonan lan udreg nganti saiki kepiye piramida kuwi anggone mbangun, ngelingi gedhéné lan aboté watu-watu sing disusun nganti pucuk. Ana teori yèn teknologi ‘asing’ utawa bantuan peradaban liya digunakaké ing kene, merga angel mbayangké manungsa jaman biyen bisa mindhahake watu kang semono gedhéne kuwi mung nganggo piranti prasaja. 

Watu piramida, pranyata gedhe-gedhe, ngluwihi dedege menungsa

Sejarah umum nerangaké pembangunan Piramida Giza minangka proyek gedhé kanthi  ngerigake atusan ewu buruh kanggo mindhahake yutan watu gedhé suwéné puluhan taun. Nanging, apa ya mungkin masyarakat tanpa teknologi canggih bisa mindhah watu kang bobote 80 ton adohe 800 km saka Aswan tekan Giza? Kepiye uga carané numpuk watu-watu mau nganti presisi nganti dhuwur banget, nganti-nganti selembar dhuwit kertas wae ora bisa dislempitake ing sela-selané. 

Penjelasan konvensional akèh sing disumelangake. Iki uga sing mbukak lawang kanggo teori alternatif sing luwih luar biasa, kaya upamane cawe-cawene ‘bangsa manca’ (makhluk asing) utawa peradaban kuna sing luwih maju tinimbang sing dibayangké. Salah sijine bukti sing kerep dinukil yaiku ukiran ing Kuil Seti I ing Abydos, sing nggambaraké barang-barang kaya helikopter, pesawat, lan kapal selam. Sawetara ahli percaya yèn ukiran kuwi nuduhaké anane kontak karo teknologi canggih, mbokmenawa wae makhluk luar angkasa. Uga anane Papirus Tulli sing ditemokaké ing Kairo, kang nyritakaké ‘penampakan’ obyek mabur sing sumunar ing langit Mesir, sing déning saperangan wong dinuga minangka UFO. 

Ilusrasi teknik konstruksi sistem ramp, balok watu gedhé digeser munggah
nganggo jalur miring.

Nanging para arkeolog luwih percaya yèn Piramida Giza dibangun kanthi kombinasi antarane tenaga manungsa, kepinteran teknik, lan manfaatake lingkungan kang ana. Buruh Mesir kuna migunakake sistem ramp (lemah utawa watu) kanggo nggeser balok-balok gedhé, manfaatake cabang kali Nil kanggo ngangkut watu, lan mbentuk komunitas buruh trampil sing urip ing sakupenge lokasi pembangunan. 

Kaya kang dijelasake ing ndhuwur, Piramida Agung Khufu dibangun kira-kira 4.500 taun kepungkur minangka kuburane firaun. Strukturé dumadi luwih saka 2 yuta balok watu kapur, sing saben watu boboté 2 ton nganti 80 ton. Tujuan utamane yaiku nggawe monumen abadi, kang  nggambaraké kekuwatane firaun lan keyakinan Mesir kuna bab urip sawisé mati. 

Sejarah uga nyathet yèn piramida dibangun dudu déning budak, nanging déning buruh-buruh trampil sing manggon ing kamp khusus ing Giza. Teknik konstruksiné nganggo sistem ramp (lemah/watu). Yakuwi balok watu gedhé digeser munggah nganggo jalur miring. 

Panaliten arkeologi modern tau nemokaké kamp buruh iki ing sakupenge Giza, pepak klawan omah, pawon, lan fasilitas medis. Wong-wong mau diwènèhi panganan arupa roti lan bir, uga daging sapi land aging wedhus kanggo njaga tenagane. Uga ana omah lan layanan medis. Cathetan fosil balung uga nuduhaké yèn buruh sing nandhang cilaka padha diramut, iki nggambarake anane solidaritas lan sistem sosial sing kuwat. 

Temon ksb mbuktèkaké yèn piramida dibangun déning pawongan utawa buruh utawa tukang kang trampil, dudu budak kaya sing kerep digambaraké. 

Kanthi mangkono, Piramida kuwi dudu mung saderma monumen, nanging uga asil kerja keras ewon menungsa sing percaya yèn dheweke lagi mbangun dalan tumuju kelanggengan kanggo firaun. 

Coba bayangake, sawijining tukang enom wektu kuwi, ngangkat watu kapur kang abot ing sangisoring panase srengéngé, kanthi keyakinan yèn saben balok sing ditata dadi perangan saka dalan tumuju kelanggengane firaun. 

Keselarasan Orion 

Ing taun 1980-an, Robert Bauval ngandhakake bab “Orion Correlation Theory”. Dheweke yakin yèn posisi piramida utama cacah telu ing Giza (Khufu, Khafre, Menkaure) sejajar karo lintang telu ing sabuk Orion (Alnitak, Alnilam, Mintaka). Miturut teori iki, piramida dudu mung saderma kuburan, nanging uga peta kosmik sing nyambungaké firaun karo para déwa. 

Ing mitologi Mesir kuna, Orion digandhengaké karo Osiris, déwa kauripan sawisé mati lan ditangekake maneh mengko. Kanthi nyelarasaké piramida klawan Orion, bangsa Mesir kuna diyakini pengin njamin rohe firaun bakal nggabung karo Osiris ing langit, nerusaké lakune kelanggengan. Nanging saperangan arkeolog tetep skeptis, ngandhakake kasalarasan mau mung dhapur kebeneran utawa interpretasi sing kaluwihen. 

Panaliten nuduhaké yèn bangsa Mesir kuna pancèn duwé kawruh astronomi sing maju. Akèh kuil lan monumené dibangun nganggo orientasi klawan srengéngé, rembulan, lan lintang. Dadi, senajan teori Orion isih dadi gunem, cetha yèn kosmologi lan spiritualitas duwé cawee-cawe gedhé jroning arsitektur Mesir kuna.  Sing jelas, pembangunan Piramida Giza iku sawijining prestasi luar biasa peradaban Mesir kuna. Kanthi manfaatake kali Nil, sistem ramp, lan tenaga menungsa sing trampil, wong-wong iki kasil nggawe monumen sing bisa lestari luwih saka 4.500 taun. Misteri teknis sing durung sakabehe bisa kajawab malah ndadekake piramida saya nengsemake, dadi lambang kelanggengan lan kawasisane manungsa.

***

Panulis: Donny Tunggul
Edhitor: Donny Tunggul

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 292

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *