Wigatine Ngemonah Pikiran Amrih Tansah Damai

Ilustrasi kampanye urip sehat. (Foto: Antara/Muhammad Adimaja/bar)

Cek Kesehatan Gratis (CKG) kalebu program prioritase pemerintah kanggo mesthekake kabeh rakyat Indonesia bener-bener sehat sacara jiwa lan raga. Miturut datane Kementerian Kesehatan, program sing dilakokake wiwit 10 Februari 2025 kuwi wis ngladeni wong 40 juta. Saka gunggung kasebut, 36 juta ing antarane diweruhi ketaman lara untu, bludreg lan diabet.

Sawenehe panliti kesehatan asal Jepang, dr Masaro Emoto, mratelakake yen ta 90 persen lelara fisik sing disandhang manungsa krana isine pikiran. Mung 10 persen wae kang disebabake dening panganan lan faktor liyane. Kasunyatan lamun isine pikiran dadi jalaran utama timbule lelara, bisa digathukake karo asil panlitene Masaro ngenani banyu bening winadhahan gelas.

Banyu sing “diajak ngomong” nganggo tembung-tembung positip, pangalembana, kepara diputerake musik sing lembut, saka sethithik ngatonake kristal-kristal sing endah. Kosok baline, banyu sing diundhamana nganggo tembung-tembung kasar, dipisuh-pisuhi, kristal sing ngaton morat-marit. Kepara banyu sing sakawit bening katon rada butheg! Masaro darbe dudutan, ora beda uwong, banyu pranyata uga duwe memori sing bisa aweh reaksi marang pocapane manungsa.

Apa sambunge panliten kuwi karo faktor kesehatan? Miturut Masaro, 60 persen awake manungsa ngandhut banyu. Yen banyu ing wadhah wae bisa ngreaksi ucapan, apa maneh banyu sing ana njero badane manungsa. Sing ditemenake saka panliten mau, saben manungsa kudu pinter-pinter ngemonah pikiran amrih kondhisi damai saranduning badan tansah kajaga.

Pikiran sing rumit, ujare Masaro, bakal dadi sesangganing raga. Satemah raga sing wis kabotan nahan beban akibat thukule pikiran-pikiran negatip, suwene suwe ngalami ‘pelemahan fungsi.’ Tundhone, awak dadi lara. Kepara ing sawatara panaliten uga ditemokake hubungan antarane tatu batin akibat pola pengasuhan nalika isih bocah, karo penyakit tinamtu, kaya dene diabetes, kanker lan tumor.

Nalika pasien bisa damai karo tatu batin ing jaman kawuri, energi positip bakal tumadang kanthi otomatis marasake lelara saranduning badan. Satemah proses pangusadane pasien kasebut bisa luwih cepet. Nanging bisa wae pasien mau bali kajebak dening lelara sing padha krana angel nemokake kedamaian gara-gara tatu batin sing isih njarem.

Ngopeni pikiran amrih tansah damai ing kahanan apa wae, mujudake “asuransi” utama. Temtu wae kudu tetep diimbangi karo pola urip sehat, yaiku olahraga rutin sarta memangan panganan sing ngandhut gizi. Saengga ora keluwih-luwih yen ta ana sing ngarani menawa pikiran kang positip lan padhang, pindhane “asuransi” sing paling larang.

Yen saben uwong ing negara iki ragane sehat, dheweke ora perlu cucul dhuwit akeh kanggo mertamba. Kejaba kuwi kanthi kahanan awak sing prima, ditambah pikiran kang damai, prodhuktivitase sansaya mundhak. Budaya ngemonah pikiran supaya ajeg positip uga salaras karo Sustainable Development Goals (SDGs) ing babagan kesehatan, kaya kang rinangkum jrone SDG poin ka-3, yaiku “Kehidupan Sehat dan Sejahtera.”

Dinane iki komunitas-komunitas ‘teknik mengelola pikiran sehat’ wiwit ngrembaka ing kutha-kutha gedhe. Kegiyatane komunitas-komunitas kuwi utamane ajar mind fullness lumantar medhitasi, yoga lan sapanunggalane. Ana uga sing fokus karo kajian sing njupuk sumbere saka ilmu kesadharan.  Praktek medhitasi, ora kudu ditindakake sacara formal. Cukup kanthi lungguh anteng ing ruwangan ening lan ing wektu mligi. Inti saka praktek medhitasi  yakuwi jiwa kita tetep jroning kesadharan “ing kene wektu iki.”

Kanthi nggladhi pikiran tansah “ing kene wektu iki,” angen-angen ora mlumpat mrana-mrene, klebu menyang mangsa kawuri lan menyang kahanan sing arep teka. Terus njaga kesadharan sing kaya mengkono mau, ditambah nggedhekake rasa syukur ing saben kabegjan sing ditampa, njalari jiwa krasa damai, pikiran tumata, lan awak dadi sehat. Generasi sing urip ing era digital iki klebu begja, merga sakabehe pasinaon wis difasilitasi dening media sosial. Kalebu ora perlu repot-repot mara menyang panggonan kang adoh kanggo sinau carane ngemonah pikiran supaya tansah damai lan bagya mulya. (Antara/Masuki M. Astro)

Panulis : Antara
Edhitor : Tim Redhaksi Panjebar Semangat Digital

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 292

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *