Wingko Kriuk, Jajanan ‘Kekinian’

Wingko babat wis kondhang minangka sawijining panganan khas kutha Lamongan. Panganan sing digawe saka klapa enom iki nduweni citarasa legi, gurih lan nagihi. Nut lumakune jaman, Wingko babat wis ana kawit tahun 1898. Iki ora mung mligi panganan jenis kue basah. Anane sawerna inovasi sing ditindakake saka pelaku usaha  ndadekake Wingko luwih variatif, wiwit saka modele, rasa, lan uga kemasan.

Sawijining produk wingko sing wis ngalami owah-owahan  yakuwi wingko kriuk sing diripta Yuaningsih. Wanita asal Kelurahan Tlogoanyar, Kec.Lamongan, Kab.Lamongan  iki kasih nggawe wingko sing kawitan klasik, dadi panganan sing luwih ‘kekinian’.

Yuaningsih karo produke Wingko kriuk (Foto istimewa)

“Wingko kriuk bisa dadi alternative saka wingko teles dadi wingko garing kaya krispi sing rasane kemripik, ” ujare Yuaningsih.

Sejene kuwi, ditambahake Yuniarsih, wingko kriuk daya tahane bisa luwih suwe kabanding karo wingko biasa. Yen wingko biasa mung tahan ora nganti sak minggu, dene wingko kriuk bisa awet utawa isih bisa dikosumsi engga telung sasi.

Ya merga ora bisa tahan suwe kuwi sing nuwuhake krenteg Yuaningsih nggawe wingko kriuk, ora uwal karana nganti saprene wingko bentuke lan adonane ya ora nate ana owah-owahan. Kabeneran nalika semana ana lomba inovasi produk UMKM sing diadani Pemkab Lamongan. Yuaningsih  banjur njajal nggawe wingko kaya kripik mau. Proses dawa kudu dilakoni Yuaningsih kanggo eksperimen nggawe inovasi wingko mau. Maneka resep lan cara masak dicakake. Sekawit, adonan wingko digoreng nanging gagal total, bubar kuwi nggawe cara anyar maneh kanthi cara ngoven adonan wingko. Tibake nganggo cara dioven luwih pas nanging takaran bahane sing kudu disempurnake maneh.

“Wola-wali eksperimen lan ngothak-athik bahan baku, wusanane bisa kasil ngggawe wingko kripsi kanthi rasa kang gurih lan kemripik,” jlentrehe karo mesem.

Sanajan ora katut dadi juara ing lomba inovasi produk mau, Yuaningsih  rumangsa mongkog merga wingko awujud kripik sing banjur dijenenge ‘Wingko Kriuk’ mau diakoni minangka asil inovasi anyar. Apamaneh akeh sing ngelem yen wingko asil reriptane citarasane gurih lan ora ninggal rasa asline wingko.

Saka panjurunge wong akeh, Yuni banjur kumawani mroduksi wingko kriuk lan dipasarake. Ora ngira yen respon pasar gawe bombonge ati. Akeh sing dhemen, kabukten pira wae sing diproduksi mesthi kepayon.

“Kawitan sing tuku mung merga penasaran, kepingin njajal rasane. Bar ngono kok ketagihan banjur dha pesen maneh,” jlentrehe mongkog.

Kanggo pemasarane, saliyane  ngladeni wong tuku langsung ing omahe, Yuaningsih ngaku wingko kriuke uga dititipake ing toko pusat oleh-oleh ing Lamongan. Dheweke uga ngendelake pemasaran liwat reseller ing luwar kota Lamongan, saengga wingko kriuk sumrambah engga kutha-kutha gedhe ing Jawa Timur.

Wingko kriuk dhewe bahan bakune ora beda karo wingko biasa, yakuwi kelapa, ketan lan santen. Mung wae wingko kriuk kudu ditambahi bahan tambahan kaya glepung, mertega lan endhog. Cara nggawene dhewe ora adoh kaya nggawe wingko biasa. Yakuwi bahan baku  adonan kanthi komposisi mligi diudeg dadi siji nganggo mesin giling. Sawise kuwi adonan mau banjur dicetak nganggo cetakan khusus. Rampung proses cetak, banjur diopen sing wektune watara 30 menit. Sawise mateng banjur diangin-anginake engga adhem lan lagi dibungkus ing kemasan.

Sawise dioven wingko kriuk siap dibungkus (Foto istimewa)

Nekuni wingko kriuk kawit tahun 2019 nganti saprene, Yuaningsih  wis kasil nggawe telung varian rasa yakuwi rasa original, duren lan cappuccino. Kabeh varian laris manis ing pasaran. Lan duwe pandhenen dhewe-dhewe.  Wingko Kriuk sing dikemas kanthi kemasan aluminium foill kuwi dibandrol kanthi rega Rp 20 ewu.

Srianah sawijining pandhemen wingko kriuk ngaku asring tuku panganan mau kanggo oleh-oleh nalika arep lelungan. “Padha-padha jenis wingko nanging wingko kriuk luwih unik. Rasane gurih lan kemripik,” ujare Srianah.

Panulis : Supiyati
Edhitor : Tim Redhaksi Panjebar Semangat Digital

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 292

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *