Akeh keprungu sesambat bab wulangan ngarang ing sekolahan sing nuding bocah saiki angel diwulang ngarang. Utamane ngarang nganggo basa Jawa sing tansah ora bener ngenani ejaane, alur critane sing ndladrah lan sapanunggalane.
Apa bener mengkono? Mengko gek kuwalik. Awit yen manut teori “tabula rasa” sing digagas John Locke, bocah lair mono bebasan kertas sing isih kothong, putih-resik, sing mbutuhake wong diwasa (waca: guru) kanggo ngiseni lan menehi warna.

Guru lan murid gladhen ngarang ing kegiyatan “Kemah Penulisan Cerkak” Jawa Tengah sawatara wektu kepungkur.
Aku darbe panemu, wulangan ngarang ing sekolahan ora bakal kasil yen gurune wae ora bisa nyontoni gawe karangan kang becik. Mula nalika kaping pindho kadhawuhan dadi narasumber Kemah Penulisan Cerkak dening Balai Bahasa Jawa Tengah ing Bandungan, Semarang sawatara wektu kepungkur, aku usul supaya ora mung murid kang diundang gladhen ngarang, nanging uga guru pembimbinge. Usulku tinampa. Kayadene muride, guru-guru pendamping kuwi uga banjur melu aktif diskusi karo narasumber sing dumadi saka para sastrawan sing wis kapilih dening panitia.
Pancen ya krasa beda. Kanthi milih papan kang beneh karo padatan (alam terbuka pegunungan), krasa mardika kanggo nelakake panguneg-uneg, pambengan (kendala) sajroning nulis crita cekak (cerkak). Wiwit saka pamilihe ide, carane ngrakit crita (plot), pamilihe tetembungan lan ukara, sarta mbungkus amanat (pesan) sing sinamudana (tegese ora katon ngegla, wantah), lan liya-liyane.
Nyatane, bareng antuk gladhen suwene telung ndina kuwi para siswalan guru bisa ngasilake karangan cerkak kang pantes disuguhake ndhayoh. Tegese “layak baca” kanggo konsumsi wacan bocah.
Aku dhewe minangka salah siji saka cacah nem narasumber (yakuwi: Ki Sudadi, Turiyo Ragilputra, Saroni Asikin, Daniel Tito, Ucik Fuadhiyah, Gunawan Budi Susanto), wis atur pambuka kang nandhesake yen sejatine gaweyan ngarang kuwi ora angel banget waton taberi sinau kanthi tumemen. Cethane, kudu sregep memaca.
Aku nyuplik pratelane novelis Inggris, Laurence Sterne (1713-1759), sing ngandhakake: nulis utawa ngarang, sauger dicakake kanthi bener, tan prabeda karo wong omong-omongan.
Ora usah mikir tetembungan sing ndakik-ndakik lan endah. Cukup migunakake tata-rakit ukara kang prasaja (simple), sing lumrah digunakake padinan. Iki kandhane pengarang Amerika Serikat, Ernest Hemingway (1899-1961), kaya kang kabuktekake ing karangan-karangane, kalebu novel The Old Man and the Sea sing antuk hadiah Nobel Sastra 1954.
Pancen ana centhangan tumprap cerkak bocah kang tartamtu kudu digatekake. Yakuwi, ciri esensial cerkak bocah kudu migunakake pamawase bocah, imajinasine bocah (pirsani: Huck, Hepler, Hickman, Children’s Literature, 1987).
Wacan bocah kang unggul, mengkono ditandhesake ing buku kuwi, kudu ngandhut nilai personal lan nilai pendidikan. Crita kang ndarbeni nilai personal ing antarane: bisa aweh rasa seneng, nawakake narasi kinanthenan nalar, mbangkitake imajinasi, aweh pengalaman personal lan universal, sanggup ngembangake pamawas saka batine si bocah (insight opinion).
Dene cerkak bocah kang ndarbeni nilai pendidikan sauger bisa ngembangake kawasisaning bab basa, memaca, crita utawa ndongake sacara lisan, lan nulis.
Penulis cerkak bocah wis samesthine kudu migatekake konteks basa, sosial, budaya, lanbab-bab sing magepokan karo panguripane bocah. Supaya wacan bocahbener-bener didarbeni si bocah, relevan, fungsional, aweh tantangan sarta nuju prana. Mengkono pratelane Ken Goodman, ing bukuneWhat’s Whole in Whole Language? (1986).
Mupangate Crita Bocah
David McClelland (1917-1998), psikolog Amerika Serikat nate ngadani penelitian ngenani pigunane crita bocah. Nganti bisa aweh dudutan yen crita bocah mono ora mung mligi kanggo nitipake amanat, pesan moral, ananging bisa nyurung bocah anduweni prestasi. Ing tulisane kanthi irahan “The Need for Achievement” (sabanjure dikenal istilah ‘n-Ach’), McClelland ngandhakake yen sejatine dongeng utawa crita anak ngandhut kaya dene ‘virus’ kang nyebabake pembacane ketularan penyakit ‘butuh nduweni prestasi’. Kanthi cathetan, gumantung marang carane merdeni.
Ing tulisane McClelland kasebut muncul pitakonan: yagene ana bangsa- bangsa tartamtu kang rakyate gumregut nyambut gawe dene sebageyan bangsa katon lumuh. Ahli psikologi sosial klairan Mount Vernon, New York, kuwi banjur mbandhingake ing antarane bangsa Inggris lan Spanyol abad ka-16 sing wektu semana padha-padha kadidene negara gedhe.
Tan kocapa sawise taun-taun lumaku, Inggris bisa terus maju dadi negara sing tansaya gedhe dene Spanyol kesingsal, wusana dadi negara kang konthit. Banjur apa sebabe?
Ketemu. Dongeng lan crita bocah ing rong negara kuwi tinampa utawa diwerdeni kanthi beda. Yen ing Inggris crita bocah diperdi supaya mbangkitake virus ‘n-Ach’, dene ing Spanyol mung dianggo dongeng sangu turu (dongeng sebelum tidur).
Kamangka dokumen-dokumen kasusastran wiwit jaman Yunani Kuna, embuh kuwi awujud puisi, drama, naskah pidhato, layang-layange para tokoh, kisah-kisah kepahlawanan, terus wae disinau saka generasi sakawit nganti generasi sateruse dening bangsa Barat ing pamrih bisa nukulake virus ‘n-Ach’.

Daniel Tito.
Bab ngarang crita anak kang paling akeh ditakonake dening murid lan guru ing acara Kemah Penulisan Cerkak kasebut yakuwi kepriye carane supaya gampang antuk ide karangan. Banjur dakkandhakake yen ide ngarang bisa saka ngendi wae. Bisa saka pengalaman pribadi, pengalamane wong liya, saka kedadeyan saben dinane, saka buku-buku wacan, film, sinetron, utawa khayalane dhewe. Malah saka impen wae uga bisa dadi ide crita. Stephenie Meyer bisa nglairake novel-novel hebat kaya ta Twilight, New Moon, Eclipse, Breaking Dawn, uga saka anggone ngimpi.
Tumprap kang ora antuk kalodhangan plesiran ora prelu cilik ati. Sawijining nini tuwa umur 72 taun, asmane Eudora Welty, pedunung kutha Jackson, Mississippi, Amerika Serikat, prasasat ora nate mingket saka papane. Mung nglutheg wae ana kuthane. Si Embah Putri iki nulak panganggep yen pengarang kudu akeh lelungan mung kanggo golek inspirasi. “Ing omahku kene wae wis akeh bahan crita sing ora entek-entek ditulis,” ujare.
Sing wigati siji ora kena keri: kudu akeh memaca. Kabukten, cerkak-cerkake Welty kang diterbitake dadi buku laris-manis ing Amerika lan antuk hadiah Pulitzer.
***
Panulis: Daniel Tito
Edhitor: Tim Redhaksi Panjebar Semangat Digital







