Wuqi Senengane Mangan Lemah, Sanju Doyanane Suket

Para maos mesthine rumangsa gumun, apa enake mangan lemah ya? Utawa uga mangan suket, ih… kok kaya wedhus ae ta?!

Ya…. aneh pancen yen ana wong doyan mangan lemah lan suket, mangka isih akeh panganan liyane kang luwih nyamleng dikonsumsi.

Nanging beda tumrape priya lan wanita iki. Mangan lemah mentah (apa ana lemah sing mateng ya?) lan suket nduweni rasa kang “lezat” kang ora bisa ditemokake ing jinis panganan liyane. Banjur sapa wong kang duwe hobi nyeleneh iki? Iki wonge:

Wuqibalaqiqige, Senengane Mangan Lemah

Wuqibalaqiqige, wanita kang asale saka Lor Cina iki ngaku sajege nemokake nikmate mangan lemah, dheweke rumangsa ora mbutuhake maneh panganan normal kaya lumrahe kang dipangan menungsa. Woow..! Penampilane mangan lemah iki oleh publikasi akeh ing televisi China, kepara engga tekan Jepang lan Korea Selatan.

Mula dheweke banjur dadi selebriti ‘cilik’ kang oleh undhangan tekan endi-endi kanggo nuduhake kemampuane mangan lemah mau.

Ndeleng ekspresi bahagia nalika mamah lemah mau kaya-kaya dheweke temen-temen bisa nenikmati saben piprilan lemah kayadene ngremesi biskuit wae.

Eh nang tanah Jawa pranyata tumekane saiki uga isih ana lo, panganan saka lemah kaya ngene iki, jenenge ampo. Ampo yakuwi cemilan tradisional kang digawe saka lemah lempung kang akeh dinikmati dening masyarakat Jawa Tengah lan Jawa Timur, utamane ing wilayah Tuban.

Bahan dasar panganan iki murni digawe saka lemah tanpa ana campuran bahan apa-apa. Ampo biasane dikonsumsi minangka camilan, sing nyenengi utamane wanita kang lagi mbobot. Nanging efek kurang becik saka pakulinan mangan ampo iki yakuwi bisa ndadekake wong mau ngantuk lan keturon dhewe. Pakulinan mangan lempung kaya ngene iki disebut uga geofagi.

Para maos pengin nyoba?

Ampo, cemilan tradisional kang digawe saka lemah lempung

Li Sanju, Doyanane Suket

Sauntara kuwi Li Sanju, priya umur 50 taun asal Niwuei, Cina iki wis 1,5 taun iki dheweke ngonsumsi suket lan oyot-oyotan saka maneka tanduran. Pranyata, dheweke ora nandhang gangguan kesehatan kang wigati. Kepara suwalike, tumor ing sikile kang disandhang wiwit suwe, malah waras. Li Sanju saben dina mangan suket lan gegodhongan. Wong lanang nyentrik iki wiwit kepengin mangan suket lan oyot-oyotan nalika nonton acara televise ing wulan Oktober 2008 bab sawijining priya kang bisa survive suwene 10 dina tanpa mangan.

Tontonan ksb aweh ilham marang dheweke amrih mung ngonsumsi banyu lan gegodhongan kang dipethik saka gunung.

Nalika keluargane mangan sega lan lawuhe, Li Sanju mung mangan suket lan gegodhongan ksb. Nanging kabeh iki ditindakake kanthi bertahap. Sakawit dheweke ngendhegi anggone mangan daging, nanging tetep mangan sega. Sawise sawenehing minggu, dheweke banjur mandheg olehe mangan sega lan ganti mangan suket, oyot-oyotan lan gegodhongan.

Sakawit, wetenge Li Sanju pancen kaget. Mula dheweke banjur kena diare nganti pirang-pirang dina. Nanging Li ora nyerah. Dheweke nganggep diare iku disebabake saka suket lan gegodhongan ing kampunge kang wis kena pestisida. Wusanane Sanju netepake yen mung mangan suket, oyot-oyotan lan gegodhongan sing asale saka gunung wae.

Li Sanju, mangan suket, oyot-oyotan lan gegodhongan

Edhitor : Tim Redhaksi Panjebar Semangat Digital

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 292

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *